Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2006]     [PL]  [PB] 
 <<  Wahyu 8 >> 

1Bareng Sang Cempé iku mbikak sègel kang kapitu, ing swarga banjur sidhem-premanem watara satengah jam suwéné.

2Tumuli aku weruh malaékat pitu kang marak ing ngarsaning Allah, padha kaparingan kalasangka pitu.

3Banjur ana malaékat liyané kang nungka lan jumeneng cedhak misbyah kalawan ngasta padupan mas. Nuli padha kaparingan dupa akèh supaya dianggo sesaosan bebarengan karo pandongané para suci ana ing misbyah mas kang ana ing ngarepé dhampar iku.

4Kukusé dupa kumelun awor karo pandongané para suci iku saka ing astané malaékat mau marang ing ngarsané Allah.

5Malaékat mau tumuli mundhut padupan mas iku, diisèni geni saka misbyah, lan iku banjur diuncalaké ing bumi. Nuli ana swara gumlegering gludhug bebarengan karo bledhèg sarta lindhu.

6Malaékat pepitu kang ngasta kalasangka pitu mau banjur padha cecawis arep ngungelaké kalasangkané.

7Malaékat kang kapisan banjur ngungelaké kalasangkané, nuli ana udan ès, lan geni, campur getih; lan kabèh mau kauncalaké menyang bumi; temah saprateloné bumi lan saprateloné wit-witan kobong sarta sakèhé sesuketan ijo padha geseng.

8Malaékat kang kapindho nuli ngungelaké kalasangkané banjur ana rerupan saèmper gunung gedhé kang murub, kaceguraké ing sagara. Temah saprateloné sagara iku dadi getih,

9lan makluk ing sagara kang duwé nyawa saprateloné padha mati tuwin saprateloné prau-prau padha tumpes.

10Malaékat kang katelu nuli ngungelaké kalasangkané, banjur ana lintang gedhé tiba saka langit, murub kaya obor, sarta nibani saprateloné kali-kali lan etuk-etuking banyu.

11Anadéné lintang mau jenengé Apsintus. Satemah saprateloné sakèhing banyu dadi pait, njalari akèh wong kang padha mati marga saka banyu mau, awit wus dadi pait.

12Malaékat kang kapat banjur ngungelaké kalasangkané, nuli saprateloné srengéngé lan saprateloné rembulan tuwin saprateloné lintang-lintang katempuh, temah saprateloné iku kabèh padha dadi peteng, lan saprateloné rina ora padhang, sarta wenginé iya mangkono uga.

13Aku banjur weruh, lan krungu ana manuk garudha mabur dhuwur ing langit lan ngucap kanthi swara sora, "Bilai, bilai, bilai wong kang manggon ana ing bumi, awit saka swara kalasangkané malaékat telu liyané, kang isih bakal ngungelaké kalasangkané."



 <<  Wahyu 8 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel