Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2006]     [PL]  [PB] 
 <<  Wahyu 9 >> 

1Malaékat kang kalima tumuli ngungelaké kalasangkané, aku banjur weruh ana lintang kang tiba ing bumi saka langit, sarta lintang mau kaparingan kunciné lawanging teleng palimenganing pati.

2Lawanging teleng palimenganing pati mau nuli kabukak, banjur ana pega kumelun saka ing teleng iku kaya pegané pawon gedhé, temahan srengéngé lan awang-awang padha dadi peteng déning pegané teleng mau.

3Saka ing pega iku metu walangé akèh padha neba ing bumi lan padha kaparingan daya kayadéné dayané kalajengking ing bumi.

4Lan padha kadhawuhan, supaya aja padha ngrusak suket-suket ing bumi, utawa marang sadhéngaha thethukulan lan wit-witan, kajaba mung marang manungsa kang ing bathuké ora ana capé Allah.

5Walang-walang mau ora diparengaké matèni manungsa, ananging mung nyiksa baé lawasé limang sasi, lan anggoné nyiksa iku kaya panyiksané kalajengking, samasa ngentup wong.

6Ing mangsa iku wong-wong bakal ngupaya pati, nanging ora bisa, lan padha kepéngin mati, ananging padha kaoncatan déning pati.

7Anadéné rupané walang-walang iku mau kaya jaran kang samekta ing perang, ing endhasé ana kang saèmper makutha emas, rainé kaya rainé manungsa,

8lan rambuté kaya rambuté wong wadon, lan untuné kaya untuné singa,

9lan dhadhané kaya nganggo keré wesi, kumrasaking swiwiné kaya gumrubyuging kréta-kréta kang digèrèd jaran akèh, kang padha mlayu menyang paprangan.

10Buntuté kaya kalajengking, lan uga ana entupé, déné buntuté iku gunané kanggo milara manungsa lawasé limang sasi.

11Kang dadi rajané iya iku malaékat teleng palimenganing pati, jenengé ing basa Ibrani Abadon, lan ing basa Yunani Apolion.

12Kasangsaran kang kapisan wis kliwat. Saiki isih ana kasangsaran loro kang bakal nekani.

13Malaékat kang kanem tumuli ngungelaké kalasangkané, aku banjur krungu swara kang metu saka sungu papat ing misbyah mas kang ana ing ngarsané Allah,

14kang dhawuh marang malaékat kang kanem kang ngasta kalasangka mau mangkéné, "Malaékat papat kang padha kabanda ana ing sacedhaké bengawan Éfrat iku uculana."

15Malaékat papat kang padha kacawisaké ngentèni jam, dina, sasi lan taun kang wus pinanci iku nuli diuculi, supaya padha matèni saprateloné umat manungsa.

16Lan cacahé wadyabala jaranan iku rongatus yuta; aku ngerti pira cacahé.

17Mungguh jaran-jarané lan kang padha nunggangi ana ing wahyu iki katoné mangkéné: Padha nganggo keré, warnané abang kaya geni lan biru tuwin kuning walirang; endhasé jaran mèmper kaya endhasing singa, tuwin cangkemé ngetokaké geni, lan pega sarta welirang.

18Saprateloné umat manungsa padha dipatèni déning wewelak telu iku, yaiku geni, lan pega tuwin welirang kang padha metu saka ing cangkemé.

19Awitdéné pangwasané jaran-jaran mau dumunung ana ing cangkemé lan buntuté; amarga buntuté iku kaya ula; padha ana endhasé, iku kanggo nekakaké karusakan.

20Ananging wong-wong liyané kang ora mati marga saka wewelak iku mau, padha ora mratobat saka panggawéning tangané: Padha ora marèni anggoné padha nyembah roh-roh reged lan brahala-brahala emas, pérak, tembaga, watu lan kayu kang ora bisa ndeleng, krungu utawa lumaku.

21Lan wong-wong iku padha ora mratobat saka anggoné mematèni, nenung, laku-jina, lan nyenyolong.



 <<  Wahyu 9 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel