Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2006]     [PL]  [PB] 
 <<  Yohanes 19 >> 

1Pilatus nuli dhawuh nggawa Yésus supaya digebagi.

2Para prajurit padha nganam eri kagawé makutha, banjur ditrapaké ing mustakané. Wong-wong iku padha ngagemaké jubah wungu,

3nuli padha maju sarta ngucap, "Sugeng, rajanipun tiyang Yahudi!" Wong-wong mau banjur napuk Pasuryané.

4Pilatus nuli miyos manèh sarta ngandika marang wong-wong mau, "Padha tontonen, iku Wongé dakwetokaké ana ngarepmu, supaya kowé padha mangerti, yèn mungguh ing aku, ora nemu kaluputané Wong iku."

5Yésus tumuli miyos, ngagem makutha eri lan jubah wungu. Pilatus ngandika marang wong-wong mau, "Sawangen Wong iku!"

6Nalika para pangarepé imam lan para wong jaga padha ndeleng Panjenengané, banjur padha mbengok, "Kasaliba, kasaliba!" Pangandikané Pilatus, "Gawanen lan saliben; awit mungguh ing aku Wong iku ora ana kaluputané apa-apa."

7Wangsulané wong-wong Yahudi, "Kula sami gadhah angger-angger, lan miturut angger-angger wau, Tiyang punika kedah kaukum pejah, amargi ngaken-aken Putranipun Allah."

8Bareng Pilatus mireng atur kang mangkono iku, saya wuwuh ajrihé,

9banjur lumebet ing gedhong pangadilan manèh sarta ngandika marang Yésus, "Asal Panjenengan saking pundi?" Nanging Yésus ora paring wangsulan.

10Mulané Pilatus banjur ngandika, "Punapa Panjenengan mboten purun criyos dhateng kula? Punapa Panjenengan mboten sumerep, bilih kula punika gadhah pangwaos ngluwari Panjenengan lan ugi kwaos nyalib Panjenengan?"

11Paring wangsulané Yésus, "Panjenengan mboten kagungan pangwaos punapa-punapa tumrap Kula, manawi pangwaos wau mboten kaparingaken dhateng panjenengan saking nginggil. Pramila: tiyang ingkang ngulungaken Kula dhateng panjenengan, dosanipun langkung ageng."

12Wiwit nalika iku Pilatus ngangkah ngluwari Panjenengané, nanging wong-wong Yahudi padha mbengok, "Manawi panjenengan ngluwari tiyang punika, panjenengan sanès mitranipun Kaisar. Sabab tiyang ingkang ngaken-aken dados raja, punika nglawan dhateng Kaisar."

13Bareng Pilatus mireng atur mangkono iku, tumuli dhawuh ngedalaké Yésus lan banjur lenggah ana ing kursi pangadilan, ing panggonan kang aran Litostrotos, ing basa Ibrani: Gabata.

14Ing nalika iku pinuju dina pacawisan Paskah, kira-kira jam rolas. Pilatus banjur ngandika marang wong-wong Yahudi, "Sawangen rajamu!"

15Wong-wong mau padha bengok, "Kasirnakna! Kasirnakna! Kasaliba!" Pangandikané Pilatus, "Apa aku kudu nyalib ratumu?" Wangsulané para pangarepé imam, "Kula sami mboten gadhah ratu kajawi namung Kaisar."

16Wasana Pilatus banjur masrahaké Yésus marang wong-wong mau supaya disalib. (19-16b) Wong-wong mau padha nampani Yésus.

17Kalawan manggul salib, Yésus miyos lan tindak menyang panggonan kang aran Pacumplungan, ing basa Ibrani: Golgota.

18Ing kono, wong-wong mau padha nyalib Panjenengané, bareng karo wong loro liyané, dumunung ana ing kiwa lan tengené, déné Yésus ana ing tengah.

19Pilatus uga dhawuh masang tulisan ana ing sandhuwuré salib, uniné, "Yésus saka Nasarèt Rajané wong Yahudi."

20Akèh wong Yahudi kang padha maca tulisan mau, amarga papan panyalibé Yésus iku cedhak kutha, lan tulisan mau nganggo basa Ibrani, Latin, lan Yunani.

21Para pangarepé imam bangsa Yahudi banjur padha matur marang Pilatus, "Panjenengan sampun nyerat: Rajané wong Yahudi, namung pangakenipun: Aku iki Rajané wong Yahudi."

22Wangsulané Pilatus, "Apa kang wus daktulis, tetep katulis."

23Sawisé para prajurit mau padha nyalib Yésus, banjur padha njupuk pangagemané dipara papat, saben prajurit sabagéan -- lan agemané jubah iya kajupuk. Jubah iku ora nganggo dondoman, tenunané lajuran wiwit saka ing dhuwur tekan ngisor.

24Mulané para prajurit mau padha rembugan, "Iku aja didum-dum dadi suwèkan, nanging payo padha diundhi kanggo nemtokaké sapa kang olèh." Iku supaya kayektènan kang katulis ing Kitab Suci: "Sandhangan Kawula sami dipun dum-dum, saha jubah Kawula dipun undhi." Kang mangkono iku wus katindakaké déning para prajurit mau.

25Ing sacedhaké salibé Yésus iku ana kang ibu lan sadhèrèké kang ibu, yaiku Maria bojoné Klopas tuwin Maria Magdaléna.

26Bareng Yésus mirsani kang ibu lan sakabat kang ditresnani ngadeg sacedhaké kono, banjur ngandika marang kang ibu, "Ibu, punika ingkang putra!"

27Nuli ngandika marang sakabat mau, "Lah iku ibumu!" Wiwit nalika iku sakabat mau banjur mboyong ibuné Yésus menyang omahé.

28Sawisé iku, sarèhné Yésus pirsa, yèn samubarang kabèh wus rampung, banjur ngandika, -- supaya kayektènana kang katulis ing Kitab Suci --: "Aku ngelak!"

29Ing kono ana wadhah kang kebak isi anggur kecut. Tumuli ana wong kang nyelupaké spons ing anggur kecut mau, nuli katuncepaké ing pang hisop, banjur diaturaké ing tutuké Yésus.

30Sawusé necep anggur kecut mau, Yésus tumuli ngandika, "Wus rampung!" Panjenengané banjur nungkulaké mustaka lan masrahaké nyawané.

31Sarèhné pinuju dina pacawisan lan supaya ing dina Sabat layon-layon ora tetep ana ing kayu salib -- sabab dina Sabat iku dina Sabat kang pinunjul -- mulané para pangarepé wong Yahudi padha teka sarta duwé panyuwun marang Pilatus supaya sikilé wong-wong kang ana ing kayu salib padha karemukana, lan layoné diudhunaké.

32Mulané para prajurit banjur padha mara sarta ngremuki sikilé wong siji lan sijiné kang disalib bareng karo Yésus.

33Nanging bareng tekan enggoné Yésus lan weruh menawa Panjenengané wus séda, wong-wong iku ora padha ngremuk sampéyané.

34Éwasamono salah sijiné prajurit panunggalané iku njojoh lambungé Yésus nganggo tumbak, lan sanalika metu getihé lan banyuné.

35Wong kang ndeleng dhéwé bab iku, iku kang neksèni, lan paseksèné iku nyata, sarta wong iku mangerti, yèn paseksiné iku nyata, supaya kowé uga padha pracaya.

36Sabab kelakoné iku mau supaya kayektènan kang katulis ing Kitab Suci, "Ora ana balungé kang diremuk."

37Lan ana tulisan manèh kang mratélakaké, "Wong-wong bakal padha nyawang Panjenengané, kang wus dijojoh."

38Sawusé iku mau, Yusuf saka Arimatéa duwé atur panyuwun marang Pilatus, supaya dililani ngudhunaké layoné Yésus. (Yusuf iku muridé Yésus nanging kanthi sidheman marga wedi karo para pangwasa Yahudi.) Pilatus uga nglilani panyuwuné iku. Mulané tumuli sowan sarta ngukup layoné Yésus.

39Nikodémus uga teka mrono. Wong iku kang sakawit sowan ing ngarsané Yésus nalika wayah bengi. Nikodémus nggawa caruban lenga mur lan lenga garu, boboté watara sèket kati.

40Wong-wong mau padha ngukup layoné Yésus lan diulesi nganggo lawon kang ana adon-adoné kaya adaté wong Yahudi yèn ngubur mayit.

41Sacedhaking papan panggonané Yésus kasalib iku ana patamanané lan ing patamanan mau ana kuburan anyar kang durung tau dianggo ngubur wong.

42Sarèhné pinuju dina pacawisané wong Yahudi, sarta kuburané iku cedhak, mula Yésus banjur disarèkaké ana ing kono.



 <<  Yohanes 19 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel