Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Raja-raja 22 >> 

Sang Prabu Akhab nglurugi perang Ramot-Gilead-Nabining Yehuwah ketemu kalawan para nabi palsu

1Anadene sabanjure nganti telung taun lawase tentrem ora ana perang ing antarane Aram lan Israel.

2Ing taun kang katelune Sang Prabu Yosafat, ratu ing Yehuda, tindak maratamu marang ratu ing Israel.

3Sang Nata ing Israel ngandika marang para punggawane: “Apa sira padha sumurup, manawa Ramot-Gilead iku satemene kita kang ndarbeni? Nanging kita kok meneng bae ora kita rebut saka ing tangane ratu ing nagara Aram.”

4Banjur ngandika marang Sang Prabu Yosafat: “Punapa panjenengan karsa tindak sesarengan kaliyan kula nglurugi Ramot-Gilead?” Paring wangsulane Sang Prabu Yosafat marang ratu ing Israel: “Kita punika sami, kula kaliyan panjenengan, rakyat kula kaliyan rakyat panjenengan, kapal kula kaliyan kapal panjenengan.”

5Nanging Sang Prabu Yosafat ngandika marang ratu ing Israel: “Prayoginipun miterang rumiyin kados pundi pangandikaning Pangeran Yehuwah.”

6Sang Prabu ing Israel nuli ngempalake para nabi, cacahe kira-kira ana patang atus, iku nuli padha didangu: “Apa ingsun kena mangkat perang nglawan Ramot-Gilead apa becik sunwurungake?” Atur wangsulane: “Sumangga, kawula aturi tindak! Pangeran badhe ngulungaken ing astanipun Sang Prabu.”

7Nanging Sang Prabu Yosafat banjur ndangu: “Punapa ing ngriki boten wonten malih satunggaling nabinipun Pangeran Yehuwah, ingkang saged dados lantaran anggen kita saged nyuwun pitedah?”

8Pangandikanipun Sang Nata Israel marang Sang Prabu Yosafat: “Taksih wonten satunggal, ingkang saged dados lantaran anggen kita nyuwun pitedahipun Pangeran Yehuwah. Nanging kula sengit dhateng tiyang punika, awit boten nate meca ingkang sae tumrap kula, kajawi namung kacilakan, inggih punika Mikha bin Yimla.” Pangandikanipun Sang Prabu Yosafat: “Sang Prabu sampun ngandika makaten.”

9Sang Nata ing Israel nuli nimbali sawijining punggawa kraton, dhawuhe: “Mikha bin Yimla iku dienggal paranana!”

10Nalika Sang Nata ing Israel lan Sang Prabu Yosafat, ratu ing Yehuda, padha lenggah ing dhampare piyambak-piyambak kalawan ngagem busana kaprabon, ana ing panuton ing sangarepe gapura Samaria, kaadhep dening sakehing nabi kang padha memeca,

11Zedekia bin Kenaana gawe rerekan sungu wesi lan banjur munjuk: “Makaten pangandikanipun Pangeran Yehuwah: Kalawan sungu iki sira bakal nyundhangi Aram nganti padha sirna kabeh.”

12Sakehe para nabi iya padha meca mangkono, unjuke: “Kawula aturi nglurug dhateng ing Ramot-Gilead, paduka badhe angsal damel; Pangeran Yehuwah badhe ngulungaken ing astanipun Sang Prabu.”

13Utusan kang lunga nimbali Nabi Mikha mau matur marang panjenengane: “Kauningana, para nabi sampun sami saiyeg nglairaken pameca ingkang sae tumrap Sang Prabu, panjenengan mugi inggih mecaa ingkang sami kaliyan satunggal-satunggalipun para nabi wau mugi inggih mecaa ingkang sae.”

14Nanging Nabi Mikha mangsuli pangandikane: “Demi Yehuwah kang gesang, apa kang bakal dipangandikakake dening Sang Yehuwah marang aku, yaiku kang bakal dakucapake.”

15Bareng wus sowan ana ing ngarsane Sang Prabu, Sang Prabu ndangu: “Mikha, apa ingsun padha kena nglurug perang nglawan Ramot-Gilead, apa prayoga padha sunsandekake?” Atur wangsulane: “Sumangga, kawula aturi tindak, panjenengan dalem badhe angsal damel, sabab Pangeran Yehuwah badhe masrahaken ing astanipun Sang Prabu.”

16Nanging Sang Prabu ngandika marang panjenengane: “Nganti ping Pira ingsun ndhawuhi sumpah marang sira, supaya sira matur marang ingsun kang sanyatane bae demi asmaning Sang Yehuwah?”

17Ing kono Nabi Mikha banjur munjuk: “Kawula sampun ningali tiyang Israel sadaya sami buyar pating slebar wonten ing redi-redi kados menda-menda ingkang boten wonten pangenipun, awit saking punika Pangeran Yehuwah ngandika: Iku ora padha duwe gusti; cikben padha mulih menyang ing omahe dhewe-dhewe kanthi slamet.”

18Sang Prabu ing Israel nuli ngandika marang Sang Prabu Yosafat: “Kula rak sampun matur dhumateng panjenengan: Piyambakipun punika boten nate memeca ingkang sae tumrap kula, kajawi namung kacilakan thok?”

19Unjuke Nabi Mikha: “Awit saking punika panjenengan dalem mugi karsaa miyarsakaken pangandikanipun Sang Yehuwah, kawula sumerep Pangeran Yehuwah saweg lenggah ing dhamparipun lan sadaya wadya-bala swarga sami ngadeg ing sacelakipun, ing sisih tengenipun saha ing sisih kiwanipun.

20Punapa dene Sang Yehuwah ngandika: Sapa kang ngrimuk Akhab supaya maju perang, amrih tiwas ana ing Ramot-Gilead? Ingkang satunggal lajeng munjuk makaten, satunggalipun makaten.

21Sasampunipun makaten lajeng wonten satunggaling roh ingkang majeng tuwin nunten ngadeg wonten ing ngarsaning Pangeran Yehuwah saha munjuk: Kawula ingkang badhe ngrimuk. Pangeran Yehuwah ndangu dhateng piyambakipun: Srana apa?

22Unjukipun: Kawula badhe medal lan dados roh dora-cara wonten ing cangkemipun sakathahing nabinipun. Pangandikanipun Sang Yehuwah: Iya, sira ngrerimuka, sira bakal oleh gawe. Metua lan nglakonana mangkono!

23Margi saking punika, saestunipun Pangeran Yehuwah sampun ngajengaken roh dora-cara wonten ing cangkemipun nabi punika sadaya, awit Sang Yehuwah sampun netepaken badhe nandukaken bilai dhumateng panjenengan dalem.”

24Sawuse mangkono Zedekia bin Kenaana maju lan napuk Nabi Mikha kalawan ngucap: “Mangsa Rohing Yehuwah kok pindhah saka aku banjur ngandika marang kowe!”

25Nanging Nabi Mikha mangsuli pangandikane: “Lah kowe bakal nyumurupi samangsa kowe lumayu saka ing kamar siji menyang ing kamar sijine arep ndhelik.”

26Sang Nata ing Israel tumuli dhawuh: “Cekelen Mikha iku, balekna marang Amon, kang nyekel pangwasa ing kutha, sarta marang Yoas, putrane Sang Prabu lan tutura:

27Mangkene dhawuhe Sang Prabu: Wong iki lebokna ing pakunjaran lan wenehana mangan roti lan ngombe banyu sarwa sathithik nganti ingsun kondur kanthi slamet.”

28Nanging unjuke Nabi Mikha: “Manawi panjenengan dalem saestu kondur kanthi rahayu, Pangeran Yehuwah temtu boten ngandika lumantar kawula.” Banjur nglajengake pangandikane: “Rungokna, he bangsa-bangsa kabeh!”

29Sawuse mangkono Sang Prabu ing Israel bebarengan karo Sang Prabu Yosafat, ratu ing Yehuda, tindak nglurug menyang ing Ramot-Gilead.

30Sang Nata ing Israel ngandika marang Sang Prabu Yosafat: “Kula badhe nyamur lampah lan majeng perang, dene panjenengan kula aturi mangagem busananing kaprabon panjenengan.” Sang Nata ing Israel nuli nyamur lampah lan majeng perang.

31Anadene ratu ing nagara Aram wus paring dhawuh marang para panggedhening wadyane kretan, kang cacahe telung puluh loro, mangkene: “Sira aja padha perang nglawan sapa bae, kajaba mung nglawan marang ratu ing Israel bae.”

32Bareng para panggedhening wadya kretan padha ndeleng Sang Prabu Yosafat, banjur padha alok: “Lah iku mesthi ratu ing Israel!” Mulane nuli padha ngangseg arep nempuh panjenengane, nanging Sang Prabu Yosafat banjur nguwuh-uwuh.

33Bareng para panggedhening wadya kretan weruh, manawa iku dudu ratu ing Israel, tumuli padha mundur saka ing ngarsane.

34Nanging banjur ana wong kang menthang gendhewane lan nglepasake panahe tanpa tujuan kang gumathok; iku ngenani Sang Nata ing Israel ing antarane sambungane ageme kere. Sang Prabu nuli ngandika marang kusiring titihane kreta: “Mingera, ingsun gawanen metu saka ing paprangan, sabab ingsun wus ketaton.”

35Nanging perang ing dina iku sangsaya rame, dene Sang Prabu tetep jumeneng jejeg ana ing kretane adhep-adhepan karo wadya-bala Aram, nganti sasedane ing wayah sore. Rahe mili saka ing tatune menyang ing dhasaring kreta.

36Nalika watara wayah suruping srengenge, ing sauruting pabarisan keprungu alok-alok: “Padha bali menyang ing kuthane dhewe-dhewe, menyang ing nagarane dhewe-dhewe! Sang Prabu wus seda!”

37Banjur padha mulih menyang ing Samaria lan nyarekake Sang Prabu ana ing Samaria.

38Nalika kreta mau kakumbah ana ing sapinggiring tlaga Samaria, rahe Sang Prabu kadilatan ing asu; kala samana para wanita-tunasusila lagi padha adus ana ing kono, ngetrepi pangandikane Pangeran Yehuwah kang wus kalairake.

39Anadene kekarene riwayate Sang Prabu Akhab dalah sakehing pandamele sarta kadhaton gadhing lan sakehe kutha kang diedegake, iku rak wus katulisan ana ing buku sejarahe para ratu ing Israel.

40Kaya mangkono Sang Prabu Akhab anggone kepareng ngaso nunggil kalawan para leluhure, banjur kang putra Pangeran Ahazia kang jumeneng nggentosi panjenengane.

Sang Prabu Yosafat, ratu ing Yehuda

41Sang Prabu Yosafat, putrane Sang Prabu Asa, anggone jumeneng ratu ing Yehuda ing taun kang kaping pate jumenenge Sang Prabu Akhab, ratu ing Israel.

42Nalika wiwit jumeneng dadi ratu iku Sang Prabu Yosafat yuswa telung puluh lima taun, dene anggone ngasta paprentahan ana ing Yerusalem lawase salawe taun. Kang ibu asma Azuba, putrane putri Silkhi.

43Sang Prabu sugenge nulad kang rama, Sang Prabu Asa; ora nyimpang saka iku tuwin nindakake apa kang bener ana ing paningaling Sang Yehuwah. (22-44) Mung bae tengger-tengger pangurbanan ora disingkirake. Wong isih padha sesaji lan ngobong kurban ana ing tengger-tengger iku.

44(22-45) Sabanjure Sang Prabu Yosafat sugenge tansah rukun karo ratu ing Israel.

45(22-46) Anadene kekarene riwayate Sang Prabu Yosafat lan anggone ngatingalake kaprawirane sarta anggone andon perang, iku rak wus katulisan ing buku sejarahe para ratu ing Yehuda.

46(22-47) Sarta sakekarening pelacuran kanggo ngibadah kang isih ana wiwit jamane Sang Prabu Asa, kang rama, iku iya kasingkirake saka ing nagara.

47(22-48) Nalika samana ing tanah Edom ora ana ratune, dene kang dadi ratu iku sawijining kepala dhaerah.

48(22-49) Sang Prabu Yosafat yasa kapal-kapal Tarsis kanggo lelayaran menyang Ofir prelu njupuki emas, nanging ora sida mrana, sabab kapal-kapal mau padha pecah ana ing Ezion-Geber.

49(22-50) Nalika iku Sang Prabu Ahazia, putrane Sang Prabu Akhab, ngandika marang Sang Prabu Yosafat: “Manawi kepareng, tiyang-tiyang kula kajengipun mangkat sesarengan kaliyan tiyang-tiyang panjenengan mawi baita-baita punika.” Nanging Sang Prabu Yosafat ora marengake.

50(22-51) Sang Prabu Yosafat banjur kepareng ngaso nunggil karo para leluhure, sarta kasarekake ing sandhinge para leluhure ana ing kuthane Sang Prabu Dawud, rama leluhure, nuli Pangeran Yoram kang putra, jumeneng ratu, nggentosi panjenengane.

Prabu Ahazia, ratu ing Israel

51(22-52) Sang Prabu Ahazia, putrane Sang Prabu Akhab, anggone wiwit jumeneng ratu ing Israel ana ing Samaria nalika taun kang kaping pitulase jamane Sang Prabu Yosafat, ratu ing Yehuda sarta anggone ngasta paprentahan ing Israel suwene rong taun.

52(22-53) Panjenengane iku nglampahi apa kang ala ana ing paningaling Pangeran Yehuwah sarta sugenge nulad tindake kang rama lan kang ibu sarta tindake Sang Prabu Yerobeam bin Nebat, kang wus njalari wong Israel padha nglakoni dosa.

53(22-54) Panjenengane ngabekti marang Baal lan sujud nyembah marang iku; iki kang nuwuhake gerahe panggalihe Pangeran Yehuwah, Gusti Allah Israel, plek kaya kang katindakake dening kang rama.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  1 Raja-raja 22 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel