Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Tawarikh 21 >> 

Cacah jiwa lan paukuman

1Kacarita iblis gumregah nglawan wong Israel sarta mbujuk marang Sang Prabu Dawud supaya ngetung wong Israel.

2Sang Prabu Dawud nuli ngandika marang Sang Yoab lan marang para panggedhening rakyat: “Sira padha mangkata, cacahna wong Israel wiwit ing Bersyeba nganti tekan ing Dhan sarta oleh-olehane aturna marang ingsun, supaya ingsun nguningani cacahe.”

3Unjuke Sang Yoab: “Mugi-mugi Pangeran Yehuwah mewahana kaping satusipun ingkang wonten punika. Dhuh Gusti kawula Sang Prabu, punapa sadaya punika sanes abdi paduka? Punapa sababipun dene Gusti kawula kok kagungan karsa makaten? Punapa sebabipun dene tiyang Israel kedah nanggel kalepatan margi saking prakawis punika?”

4Ewasamono dhawuhing ratu iya kapeksa katindakake dening Sang Yoab; mulane Sang Yoab banjur tindak ndlajahi wewengkone Israel kabeh, nuli bali menyang ing Yerusalem.

5Sang Yoab nuli ngaturake oleh-olehane cacah-jiwaning rakyat. Ing antarane wong Israel kabeh ana sayuta satus ewu kang bisa nyekel pedhang, lan wong Yehuda ana patang atus pitung puluh ewu kang bisa nyekel pedhang.

6Anadene wong Lewi lan Benyamin ora kalebokake ing cacah jiwa, amarga dhawuhe Sang Prabu iku kaanggep nistha dening Sang Yoab.

7Nanging prakara iki ala ana ing paningaling Sang Yehuwah, mulane wong Israel banjur kagebag dening Gusti Allah.

8Sang Prabu Dawud nuli munjuk marang Gusti Allah: “Kawula dosa sanget; jalaran kawula tumindak makaten punika; milanipun sapunika Paduka mugi karsaa nebihaken kalepataning abdi Paduka, amargi pratingkah kawula punika gemblung sanget.”

9Nanging Pangeran Yehuwah banjur ngandika marang Gad, wonge sidik Sang Prabu Dawud:

10“Sira mangkata, matura marang Dawud: Makaten pangandikanipun Pangeran Yehuwah: Ingsun ngajengake telung prakara ana ing ngarepira; sira miliha salah siji, iku bakal Suntandukake marang sira.”

11Gad tumuli sowan marang ing ngarsane Sang Prabu Dawud lan banjur munjuk: “Makaten pangandikanipun Pangeran Yehuwah: Sira miliha:

12telung taun pailan utawa telung sasi lawase keplayu saka ing sangareping mungsuhira, tur sira kasusul ing pedhanging mungsuhira, apa ing sajroning telung dina pedhanging Yehuwah, yaiku pageblug, ana ing nagara kene, lan Malaekate Sang Yehuwah nganakake pepati ana ing saindenge tanahe wong Israel kabeh. Milanipun sapunika paduka kawula aturi nggalih, wangsulan punapa ingkang kedah kawula unjukaken dhateng ingkang ngutus kawula.”

13Sang Prabu Dawud tumuli ngandika marang Gad: “Manah kawula sisah sanget, keparenga kula dhumawah ing astaning Yehuwah, awit ageng sanget sihkadarmanipun; nanging sampun ngantos kula dhumawah ing tanganing manungsa.”

14Ing kono Pangeran Yehuwah banjur ndhatengake pageblug ana ing antarane wong Israel, wong Israel kang mati pitung puluh ewu.

15Gusti Allah uga ngutus malaekat menyang ing Yerusalem supaya nganakake pepati, nanging bareng arep tumindak, Pangeran Yehuwah mirsani bab iku temah banjur apiduwung dene arsa ndhatengake kasangsaran iku, wasana banjur ngandika marang malaekating pepati mau: “Wus cukup! Saiki tanganira sira undurna!” Ing nalika iku Malaekate Pangeran Yehuwah lagi jumeneng ana ing sacedhake panutone Ornan, wong Yebus.

16Bareng Sang Prabu Dawud tumenga, mirsa Malaekate Sang Yehuwah jumeneng ing antarane bumi lan langit, astane nyepeng pedhang ligan, kang kaacungake ing dhuwure Yerusalem, Sang Prabu Dawud lan para pinituwa, kalawan mangagem bagor, banjur padha sujud.

17Sang Prabu Dawud munjuk marang Gusti Allah: “Rak kawula punika ingkang aken ngetang rakyat, saha kawula piyambak ingkang dosa tuwin ingkang nindakaken piawon, nanging menda-menda punika sami nglampahi punapa? Dhuh Pangeran Yehuwah, Gusti kawula, asta Paduka mugi ndhawahana kawula saha kulawangsa kawula, nanging sampun ngantos tumempuh dhateng umat Paduka.”

Misbyah ing sacedhake Yerusalem

18Sawuse mangkono Malaekating Pangeran Yehuwah tumuli utusan Gad matur marang Sang Prabu Dawud, manawa Sang Prabu Dawud kadhawuhan tindak sarta yasa misbyah kagem Pangeran Yehuwah ana ing papan panutone Ornan, wong Yebus.

19Sang Prabu Dawud banjur tindak miturut ature Gad kang kaucapake demi asmaning Pangeran Yehuwah.

20Ornan lagi nutu gandum, bareng mengo weruh Malaekate mau; anake papat, kang melu dheweke, padha ndhelik.

21Bareng Sang Prabu Dawud rawuh ing panggonane Ornan, Ornan ndengengek lan bareng weruh Sang Prabu Dawud, tumuli metu saka ing papan panutone sarta banjur sujud ana ing ngarsane Sang Prabu Dawud, raine konjem ing bumi.

22Sang Prabu Dawud ngandika marang Ornan: “Papan panuton iki caosna marang ingsun, arep sundegi misbyah kagem Pangeran Yehuwah. Prayogane caosna marang ingsun kalawan rega samesthine, supaya wewelak iki lereh anggone nempuh rakyat.”

23Atur wangsulane Ornan marang Sang Prabu Dawud: “Sumangga kawula aturi mundhut, Gusti kawula Sang Prabu mugi karsaa nindakaken punapa ingkang kagalih sae. Lah, kawula ngunjukaken lembu punika kagem kurban obaran, sarta keser panuton punika kagem kajeng bong, dene gandum punika kagem kurban dhaharan, sadaya punika kawula caosaken.”

24Nanging Sang Prabu Dawud ngandika marang Ornan: “Ora mangkono, iku arep sunpundhut kanthi rega samesthine, awit ingsun ora karsa mundhut darbekira kagem Pangeran Yehuwah lan ora karsa saos kurban obaran, kang ora kalawan mbayar apa-apa.”

25Sang Prabu Dawud nuli maringi marang Ornan emas bobote nem atus sekel, minangka patukone panggonan iku.

26Sang Prabu Dawud banjur yasa misbyah kagem Pangeran Yehuwah ana ing kono, tumuli caos kurban obaran lan kurban kaslametan sarta nyebut marang Sang Yehuwah. Pangeran Yehuwah iya banjur paring wangsulan marang panjenengane kanthi geni kang tumurun saka ing langit marang ing dhuwure misbyah kurban obaran mau.

27Pangeran Yehuwah nuli dhawuh marang malaekat mau supaya mrangkakake pedhange.

28Ing nalika iku uga Sang Prabu Dawud nyaosake kurban obaran ana ing kono, bareng mirsa, manawa Pangeran Yehuwah wus paring wangsulan marang panjenengane ana ing papan panutone Ornan wong Yebus mau.

29Tarub suci yasane Nabi Musa ana ing pasamunan lan misbyah kurban obaran ing nalika iku ana ing tengger pangurbanan ing Gibeon.

30Nanging Sang Prabu Dawud ora wani tindak mrana, sowan marang ing ngarsaning Allah nyuwun pitedahe amarga ajrih marang pedhange Malaekating Sang Yehuwah mau.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  1 Tawarikh 21 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel