Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Tawarikh 23 >> 

Wong Lewi padha kaperang-perang lan kaparingan kawajiban

1Kacarita bareng Sang Prabu Dawud wus ngangkat sepuh lan wus akeh banget yuswane, banjur njumenengake Pangeran Suleman dadi ratu ing Israel.

2Para panggedhening Israel lan uga para imam sarta para wong Lewi padha diklempakake.

3Para wong Lewi kang umur telung puluh taun munggah padha kaetung cacahe, pangetunge siji-siji, gunggunge ana telung puluh wolu ewu.

4-- “Wong iki kang patlikur ewu padha ngawat-ngawatana pagawean ing padalemaning Pangeran Yehuwah; kang nem ewu dadia tetindhih lan hakim;

5kang patang ewu dadia jaga gapura; lan kang patang ewu gaweane memuji marang Pangeran Yehuwah kalawan migunakake piranthi-piranthi musik kang wus sunyasa kanggo ngrepekake kekidungan,” mangkono pangandikane Sang Prabu Dawud.

6Wong mau uga padha kaperang-perang dening Sang Prabu Dawud dadi golongan-golongan manut para putrane Rama Lewi, yaiku Gerson, Kehat lan Merari.

7Kang kagolong wong Gerson yaiku Ladan lan Simei.

8Para putrane Rama Ladan yaiku Yehiel, sawijining lelurah, lan Zetam sarta Yoel, gunggung wong telu.

9Para putrane Rama Simei yaiku Selomit, Haziel, lan Haran, gunggung wong telu; wong iki kang padha dadi leluhure kulawangsa Ladan.

10Para putrane Rama Simei yaiku Yahat, Ziza, Yeusy lan Beria; iku para putrane Rama Simei, gunggunge papat.

11Rama Yahat iku kang dadi lurah, dene Rama Ziza iku wong kang angka loro, nanging Rama Yeusy lan Rama Beria putrane ora akeh, mulane mung dadi sakulawangsa lan kalungguhane mung siji.

12Para putrane Rama Kehat yaiku Amram, Yizhar, Hebron lan Uziel, gunggung papat.

13Para putrane Rama Amram yaiku Rama Harun lan Nabi Musa; Rama Harun kapatah ngurus apa kang suci pinunjul, iya iku panjenengane dalah para turune, nganti ing salawas-lawase, yaiku ngobong kurban ana ing ngarsaning Pangeran Yehuwah, lelados marang Panjenengane sarta andum berkah demi asmane, nganti ing salawas-lawase.

14Para putrane Nabi Musa, Abdining Allah, digolongake suku Lewi.

15Para putrane Nabi Musa yaiku Gerson lan Eliezer.

16Rama Gerson nurunake Sebuel, sawijining lelurah.

17Rama Eliezer nurunake Rehabya, sawijining lelurah; Rama Eliezer ora peputra liyane, nanging putrane Rama Rehabya iku kehe ngedab-edabi.

18Rama Yizhar nurunake Selomit, sawijining lelurah.

19Putrane Rama Hebron yaiku Yeria, sawijining lelurah, Amarya, putra kang angka loro, Yahaziel, putra kang angka telu lan Yekameam, putra kang angka papat.

20Para putrane Rama Uziel yaiku Mikha, sawijining lelurah, lan Yisia, putra kang angka loro.

21Para putrane Rama Merari yaiku Mahli lan Musi. Para putrane Rama Mahli yaiku Eleazar lan Kisy.

22Bareng Rama Eleazar seda, ora tilar putra kakung, nanging mung putra putri; iki banjur padha digarwa dening para putrane Rama Kisy, sadhereke nak-sanak.

23Para putrane Rama Musi yaiku Mahli, Eder lan Yeremot, gunggung telu.

24Yaiku bani Lewi manut kulawangsane, para leluhure kulawangsane, nalika padha didaftar siji-siji cundhuk karo wilangane jenenge, urut-urutan, kang umur rong puluh taun munggah, iku kang kawajiban nindakake pagawean ing bab tata-pangibadah ana ing padalemaning Sang Yehuwah.

25Amarga Sang Prabu Dawud wus ngandika: “Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe Israel, wus ngganjar kaslametan marang umate, sarta Panjenengane dedalem ana ing Yerusalem ing salawas-lawase.

26Dadine wong Lewi wus ora usah ngusung padaleman suci maneh lan sakehing piranti kang kanggo nindakake pangibadah ana ing kono.”

27Saba miturut dhawuhe Sang Prabu Dawud kang kari, kabeh kang kadaftar iku para turune Rama Lewi kang umur rong puluh taun munggah.”

28“Anadene kawajibane yaiku mbiyantu para turune Rama Harun nindakake tatapangibadah ana ing padalemane Pangeran Yehuwah, rumeksa marang plataran, kamar-kamar sarta ing bab njaga resike sakehe barang kang suci apadene nindakake pagawean kang gegayutan karo tatapangibadah ing padalemaning Allah.

29Uga kawajiban nyawisake roti sesaosan lan glepung kang becik dhewe kanggo kurban dhaharan, roti tipis tanpa ragi, apa kang kapanggang ing piranti pamanggangan, apa kang kaubleg lan sakehe takeran lan ukuran.

30Sabanjure iya kawajiban ngrepekake kidung panuwun lan pepujian kagem Pangeran Yehuwah ing saben esuk, sarta uga ing saben sore

31apadene ing nalika ngunjukake sakehe kurban obaran marang Pangeran Yehuwah, ing dina Sabat, ing sasi anyar lan ing dina gedhe, miturut cacahe kang cocog karo pranatan kang tumindak kanggo wong-wong mau, minangka kawajiban kang tetep ana ing ngarsaning Sang Yehuwah.

32Wong-wong mau uga kawajiban rumeksa marang Tarub Suci lan papan suci sarta mbiyantu para tedhake Rama Harun, yaiku para sadulure, ing bab anggone nindakake tata pangibadah ana ing padalemaning Sang Yehuwah.”


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  1 Tawarikh 23 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel