Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Tawarikh 9 >> 

Wong kang padha manggon ing Yerusalem

1Wong Israel wus padha kapengetan kabeh ana ing sarasilah; padha katulisan ing bukuning para ratu ing Israel, dene wong Yehuda wus padha diboyong marang ing pambuwangan ing Babel marga saka anggone ora setya.

2Anadene para wong kang kawitan padha manggon maneh ana ing tanah-tanah pusakane, ana ing kutha-kuthane, yaiku para wong Israel lumrah, para imam, para wong Lewi lan para abdi ing padalemaning Allah.

3Kang manggon ing Yerusalem para wong panunggalane bani Yehuda, bani Benyamin, bani Efraim lan Manasye:

4Rama Utai bin Amihud bin Omri bin Imri bin Bani, saka turune Rama Peres bin Yehuda.

5Lan saka panunggalane wong Syela yaiku Rama Asaya, kang pambajeng, saputra-putrane.

6Saka turune Rama Serah yaiku Yeuel karo sanak sadhereke, nem atus sangang puluh.

7Saka bani Benyamin yaiku Salu bin Mesulam, bin Hodawya bin Hasenua,

8Yibnea bin Yeroham, Ela bin Uzi bin Mikhri lan Mesulam bin Sefaca bin Rehuel bin Yibnia

9karo sanak sadhereke manut turune, wong sangang atus seket enem. Kabeh iku padha dadi kepala kulawangsa.

10Saka panungalane para imam yaiku Yedaya, Yoyarib, Yakhin

11Azarya bin Hilkia bin Mesulam bin Zadhok bin Merayot bin Ahitub, pangarepe padalemaning Allah,

12banjur Adaya bin Yeroham bin Pasyhur bin Malkia lan Masai bin Adiel bin Yahzera bin Mesulam bin Mesilemit bin Imer,

13dalah sanak sadhereke, kabeh kepala kulawarga, sewu pitung atus sewidak, para wong kang trampil nindhakake tatapangibadah ana ing padalemaning Allah.

14Saka panunggalane para wong Lewi yaiku Semaya bin Hasub bin Azrikam bin Hasabya, saka turune Rama Merari;

15nuli Bakbakar, Heresy, Galal lan Matanya bin Mikha bin Zikhri bin Asaf,

16sarta Obaja bin Semaya bin Galal bin Yedutun lan Berekhya bin Asa bin Elkana, kang padha manggon ing desa-desane wong Nefota.

17Para wong kang padha jaga gapura yaiku Salum, Akub, Talmon lan Ahiman. karo sanak sadulure; Salum kang dadi kepala.

18Tekan saprene iku padha ana ing gapuraning Sang Nata ing sisih wetan. Iku padha dadi panjaganing gapurane patarubane bani Lewi.

19Salum bin Kore bin Ebyasaf bin Korakh lan para sadulure tunggal kulawangsa, yaiku para wong Korakh, iku padha kawajiban dadi panjaganing lawange Tarub kaya para leluhure kang padha nduweni kawajiban ana ing patarubaning Pangeran Yehuwah dadi panjaganing lawang lumebu.

20Ing sadurunge kang ngepalani wong-wong mau Pinehas bin Eliazar. Pangeran Yehuwah muga karsaa nganthi marang dheweke.

21Zakharia bin Meselemya kang dadi panjaganing lawang Tarub Pasewakan.

22Kabeh kang kapilih dadi panjaganing lawang ana rong atus rolas. Iku wus padha kapengetan ana ing sarasilah ing desa-desane. Wong-wong mau padha katetepake ing kalenggahan iku dening Sang Prabu Dawud lan Nabi Samuel, wong sidik.

23Wong-wong mau lan anak-anake padha kawajiban jaga anak ing gapuraning padalemane Pangeran Yehuwah, yaiku Dalem Tarub iku.

24Para kang jaga gapura iku padha kapapanake madhep ing keblat papat, yaiku madhep ngetan, ngulon, ngalor lan ngidul.

25Dene para sadulure kang padha manggon ing desa-desane, ing wektu-wektu kang wus katamtokake kawajiban lumebu nyambut gawe, suwene pitung dina bebarengan karo dheweke kabeh,

26dene kepala jaga gapura kang papat mau kalungguhane tetep. Iku padha wong Lewi, kang rumeksa marang kamar-kamar lan barang-barang padalemaning Allah.

27Wong iku padha nginep ing sakiwa-tengene padalemaning Allah mau, sabab padha tanggung-jawab ing bab pajagan lan kawajiban ngengakake lawang saben esuk.

28Wong-wong mau saperangan kawajiban ngurus pirantining pangibadah: ngetung mlebu-metuning barang-barang mau.

29Saperangan gaweane ngurus piranti-piranti, yaiku sakehing prabot ing pasucen sarta ngurus glepung kang becik dhewe, anggur, lenga, menyan lan bumbu-bumbu.

30Ana imam sawatara kang kawajiban nyawisake campuran anggi-anggi.

31Matica, salah sawijining wong Lewi, anake pambarep Salum, wong Korakh, kaparingan kawajiban tetep dadi tukang roti.

32Turune Kehat yaiku saka golongane sanak sadulure, ana saperangan kang kawajiban ngurus roti sesaosan kang dicawisake ing saben dina Sabat.

33Para penyanyi, iku padha dadi kepalaning kulawangsane wong Lewi, kang padha manggon ana ing kamar-kamar, iku ora kena ing panggawean liyane, amarga rina wengi padha tansah nindakake pagaweane.

34Iku padha kepalane kulawangsane wong Lewi, padha dadi kepala miturut turune; iku padha manggon ana ing Yerusalem.

Sarasilahe Sang Prabu Saul

35Kang manggon ana ing Gibeon iku ramane Rama Gibeon, yaiku Rama Yeiel, lan garwane, yaiku Ibu Maakha.

36Putrane pambajeng asma Abdon, nuli Zur, Kisy, Baal, Ner, Nadab,

37Gedor, Ahyo, Zakharya lan Miklot.

38Rama Miklot nurunake Simeam. Iku padha tindak manggon cedhak karo para sadhereke ana ing Yerusalem nunggil karo para sadhereke liyane.

39Rama Ner nurunake Kisy; Rama Kisy nurunake Sang Prabu Saul; Sang Prabu Saul peputra Pangeran Yonatan, Malkisua, Abinadab lan Esybaal.

40Pangeran Yonatan peputra Sang Meribaal, lan Sang Meribaal nurunake Sang Mikha.

41Sang Mikha nurunake Piton, Melekh, Takhrea lan Akhas.

42Sang Akhas nurunake Yaera, Sang Yaera nurunake Alemet, Azmawet lan Zimri; Sang Zimri nurunake Moza.

43Sang Moza nurunake Bina lan iki nurunake Refaya; iki nurunake Elasa, lan iki nurunake Azel.

44Sang Azel peputra nenem, iki asma-asmane: Azrikam, Bokhru, Ismael, Searya, Obaja lan Hanan. Iku para putrane Sang Azel.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  1 Tawarikh 9 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel