Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Tesalonika 2 >> 

Anggone Rasul Paulus leladi ana ing Tesalonika

1Kowe dhewe iya wus padha sumurup para sadulur, yen anggonku padha teka ana ing antaramu iku ora nglaha.

2Ananging sanadyan ing maune, kaya kang wus padha koksumurupi, aku padha dikaniaya lan disiya-siya ana ing kutha Filipi, ewadene marga saka pitulunganing Allah kita, aku kabeh padha oleh kakendelan anggonku padha ngabarake Injiling Allah marang kowe kabeh ana ing sajroning pakewuh kang abot.

3Amarga kang padha dakpituturake iku pinangkane ora saka ing panasaran utawa saka ing kekarepan kang ora murni sarta uga ora kaworan ing kaculikan.

4Kosokbaline, sarehne Gusti Allah wus nggalih, yen aku kabeh pantes kapitayanan Injil, iya marga saka iku mulane anggonku padha rembugan iku ora amrih senenging manungsa, nanging supaya ndadekake keparenging panggalihe Gusti Allah, kang neter ati kita.

5Awit kowe padha sumurup, yen aku padha ora tau nandukake tembung manis, utawa nganggo budi kethaha kang kaalingan, iki Gusti Allah kang nekseni,

6sarta ora padha ngarah pangalem saka ing manungsa dadia saka kowe utawa saka wong-wong liya, sanadyan aku padha bisa tumindak mangkono, jalaran aku iki padha rasule Sang Kristus.

7Nanging kalawan rumaket anggonku padha pitepungan ana ing tengahmu, wis kaya patrape biyung anggone ngemong lan ngopeni anake.

8Kaya mangkono anggonku padha nindakake katresnan kang gedhe marang kowe kabeh, satemah kalawan legawa anggonku padha mandumi marang kowe ora ngemungake Injiling Allah bae, nanging uga uripku kabeh, jalaran kowe kabeh padha daktresnani.

9Awit mesthine kowe isih padha kelingan, para sadulur, marang kangelan lan rekasaku kabeh. Anggonku padha nggelarake Injiling Allah marang kowe iku, supaya aja ngreribedi wong sawiji-wijia panunggalanmu, padha dakkantheni nyambut-gawe rina wengi.

10Kowe padha dadi seksi, samono uga Gusti Allah, kapriye anggonku padha alaku saleh, adil lan tanpa cacad ana ing antaramu, kang pracaya.

11Kowe padha sumurup, kapriye anggonku padha mituturi marang kowe nyantosake atimu dhewe-dhewe kayadene bapa marang anak-anake,

12sarta anggonku padha ngudi kalawan banget-banget, supaya kowe kabeh padha urip laras karo karsane Gusti Allah, kang nimbali kowe marang Kratone lan kamulyane.

Karenan ing bab kaananing pasamuwan

13Awit saka iku aku iya tansah padha saos sokur marang Gusti Allah, dene pangandikane Gusti Allah kang padha dakwartakake marang kowe iku wus padha koktampani, ora kokanggep pituturing manungsa, nanging -- lan iki pancen iya nyata mangkono -- kokanggep sabdaning Allah, kang uga makarya ana ing kowe kang padha pracaya.

14Sabab kowe, para sadulur, wis padha ngleluri pasamuwan-pamsamuwaning Allah ing tanah Yudea, kang ana ing patunggilane Gusti Kristus Yesus, awitdene kowe uga wus padha nandhang sangsara marga saka panggawene wong-wong kang tunggal bangsa karo kowe, paha kaya pasamuwan ing kono marga saka panggawene wong-wong Yahudi.

15Malah wong-wong Yahudi mau wus nyedani Gusti Yesus lan para nabi apadene wus nganiaya marangaku kabeh. Apa kang dadi keparenging Allah ora padha dipreduli sarta kabeh wong padha dimungsuh,

16awit padah ngalang-alangi anggonku padha nggiyarake pangandika marang bangsa-bangsa liya supaya oleh karahayon. Dadine padha tansah ngundhaki dosane sakatoge, lan saiki padha ketaman ing bebendu tumeka ing wekasan.

17Nanging aku kabeh, para sadulur, kang wus sawatara mangsa pisah karo kowe mungguh ing katone, nanging mungguh ing ati ora, padha kangen banget karo kowe temenan lan wis mbudi-daya bisane niliki kowe.

18Amarga niyatku kabeh arep nekani kowe, -- aku, Paulus, malah ora mung sapisan bae -- nanging padha kapalangan dening Iblis.

19Sabab sapa ta yen dudu kowe kang dadi dununging pangarep-arep lan kabungahanku kabeh, apadene makutha kang padha dakagungake ana ing ngarsane Gusti Yesus, Gusti kita, besuk ing dina rawuhe?

20Sanyata kowe iku kang dadi kamulyan lan kabungahanku kabeh.


  Share Facebook  |  Share Twitter

Download Audio MP3 (1 Tesalonika 2):
Mobile (Low Quality) - CD (High Quality)

 <<  1 Tesalonika 2 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel