Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  2 Korintus 8 >> 

Ayahan sih katresnan

1Sadulur-sadulur, aku padha aweh weruh marang kowe bab sih-rahmat kang kaparingake marang pasamuwan-pasamuwan ing tanah Makedhonia.

2Awit sajroning tampa pacoban kang abot kang awujud kasangsaran mawarna-warna, kabungahane ngluwihi, lan sanadyan padha miskin banget, ewasamono ngluberake kasugihaning kamurahane.

3Sabab aku nyumurupi yen wong iku wus padha weweh manut kakuwatane, malah ngluwihi kakuwatane.

4Sarta metu saka prentuling atine dhewe padha njaluk kanthi banget marang aku, supaya dakolehake melu ing ayahan ngladeni marang para suci.

5Dene kang padha dipasrahake iku ngluwihi pangiraku, awit nganti padha nyaosake awake dhewe marang Gusti Allah dhisik, sabanjure iya marang aku kabeh uga awit saka karsane Gusti Allah.

6Awit saka iku aku ngatag marang Titus, supaya nekani kowe lan ngrampungake ayahan katresnan, kang biyen wus diwiwiti iku.

7Mula saikine, padha kaya anggonmu wus sugih ing samubarang, -- ing pracaya, ing pamicara, ing kawruh, ing tumemenmu anggonmu mbiyantu, lan ing sih-katresnanmu marang aku kabeh -- samono uga kowe iya padha pinunjula ing ayahan sih-katresnan iki.

8Anggonku mituturi mangkono iku ora ateges prentah, nanging mung marga saka anggonku kapengin neter kaeklasaning sih-katresnanmu kalawan nuduhake sakehing pambudidayane wong-wong kang padha aweh pambiyantu.

9Marga kowe wus padha sumurup marang sih-rahmate Gusti kita Yesus Kristus, yaiku manawa Panjenengane, kang amarga saka kowe dadi mlarat, sanadyan Panjenengane iku sugih, supaya kowe dadia sugih marga kamlaratane.

10Iya iki panemuku tumrap bab iku, kang bokmanawa maedahi tumrap kowe. Pancen wus wiwit taun kang kapungkur anggonmu wiwit nindakake lan sumedya ngrampungake uga.

11Mulane saiki, rampungna kang koktindakake iku! Wondene anggonmu ngrampungake iku cundhukna karo eklasing atimu sarta tindakna kalawan ngelingi sapira kang kokduweni.

12Awit manawa anggonmu weweh iku kalawan eklas, pawewehmu iku mesthi bakal ditampani, manawa pawewehmu iku awewaton apa kang kokduweni, ora awewaton apa kang ora kokduweni.

13Awit anggonmu dieboti iku ora supaya wong liya padha kaenthengna, nanging supaya dadia timbang.

14Mulane becike saiki kaluwihanmu kanggoa nyukupi kakuranganing liyan, supaya kaluwihaning liyan mengko genti kanggo nyukupi kekuranganmu, temahan banjur dadi satimbang.

15Kaya kang katulisan: “Wong kang oleh akeh, ora turah lan kang oleh sathithik ora kurang.”

Titus diutus

16Nanging puji sokur konjuk marang Gusti Allah, kang maringi katemenan kang kaya mangkono uga ana ing atine Titus ing bab anggone mbiyantu kowe,

17dene nganti nuruti panjalukku, malah saka bangeting tumemene anggone tumindak ing gawe, banjur metu saka karepe dhewe mangkat nemoni kowe.

18Lakune dakkantheni sadulur kita, kang wus oleh pangalembanane pasamuwan kabeh bab anggone nggelarake Injil.

19Lan ora mung iku bae! Sadulur mau uga wus kapiji dening pasamuwan-pasamuwan kanggo ngancani anggonku padha nindakake ayahan sih-katresnan iki, kang daktindakake minangka kauhuraning Gusti lan minangka cihnaning legawane atiku.

20Sabab aku kabeh padha arep nyingkiri bab iki: yen ana wong kang nacad anggonku nindakake ayahan sih-katresnan kang wohe akeh banget iku.

21Awit aku padha mrelokake kang utama, ora mung ana ing ngarsane Gusti bae, nanging uga ana in ngareping wong.

22Karodene wong loro mau padha dakkantheni sadulur kita, kang wus dakteter lan kacihna anggone tansah mbudidaya mbiyantu, lan saiki saya banget anggone mbudidaya marga saka gedhening piandele marang kowe.

23Dene Titus, iku kancaku lan rewangku nyambut-gawe kanggo kowe; lan sadulur-sadulurku liyane iku padha dadi utusaning pasamuwan-pasamuwan lan minangka kaluhurane Sang Kristus.

24Awit saka iku chinaning katresnanmu lan panglembanaku marang kowe kabeh iku tuduhna marang para sadulur mau ana ing ngareping pasamuwan-pasamuwan.


  Share Facebook  |  Share Twitter

Download Audio MP3 (2 Korintus 8):
Mobile (Low Quality) - CD (High Quality)

 <<  2 Korintus 8 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel