Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  2 Samuel 17 >> 

Rembuge Akhitofel diwurungake dening rembuge Husai

1Akhitofel munjuk marang Pangeran Absalom: “Kawula mugi kalilana milih tiyang kalih welas ewu, kawula nunten badhe bidhal mbujeng Sang Prabu Dawud ing dalu punika ugi.

2Kawula badhe nempuh panjenenganipun mumpung sayah saha kendho semangatipun lajeng kawula damel kaget; sadaya ingkang ndherek Sang Prabu badhe sami keplajeng, saha kawula badhe saged nyedani panjenenganipun piyambak.

3Sarana makaten kawula badhe mangsulaken sadaya tiyang katur ing panjenengan dalem kados dene temanten estri mangsuli dhateng semahipun. Dados ingkang panjenengan dalem angkah nyawanipun tiyang satunggal, murih sadaya tiyang manggiha wilujeng.”

4Rembug mangkono iku disarujuki dening Pangeran Absalom lan para tuwa-tuwane Israel.

5Nanging Pangeran Absalom banjur ngandika: “Husai wong Arki iku uga timbalana, supaya aku padha krungu, kang dadi rembuge.”

6Bareng Husai wus sowan ing ngarsane Pangeran Absalom, nuli dipangandikani mangkene: “Mangkene rembuge Akhitofel; apa rembug iki kita anut? Dene manawa ora, mara sira matura.”

7Husai banjur munjuk marang Pangeran Absalom: “Rembag ingkang dipun aturaken Akhitofel sapisan punika boten prayogi.”

8Unjuke Husai maneh: “Panjenengan dalem boten kekilapan, bilih ingkang rama saha para balanipun punika sami prawira, saha bilih sadayanipun sami sakit manahipun, kados bruwang ingkang kecalan anakipun wonten ing ara-ara. Punapa malih ingkang rama punika prajurit sajatos, balanipun boten dipun parengaken tilem.

9Mesthinipun sapunika umpetan wonten ing guwa utawi salah satunggalipun panggenan. Manawi ing campuhipun perang kapisan wonten tiyang sawatawis ingkang tiwas lan tiyang mireng prakawis punika, temtu sami cariyos: Bala kang melu Absalom wis padha kalah.

10Sanadyan tiyang ingkang gagah prakosa saha ingkang manahipun kados singa, temtu lajeng badhe nglokro babar pisan, amargi sadaya bala Israel ngertos, bilih ingkang rama punika satunggaling prawira lan para bala ingkang ndherek panjenenganipun punika sami gagah prakosa.

11Pramila kula ngaturi pirembag, supados sakathahing tiyang wiwit saking Dhan dumugi ing Bersyeba sami kakerigna, kados pasir ing pinggir seganten kathahipun lan panjenengan piyambak ugi kedah nyarirani perang.

12Manawi kita sami nempuh dhateng panjenenganipun wonten ing salah satunggaling papan palerebanipun, kita lajeng sami ngebyuk kados ebun ingkang dhawah ing bumi, temah boten wonten ingkang saged lolos, inggih panjenenganipun inggih ingkang sami ndherekaken.

13Lan saupami panjenenganipun mundur mlebet dhateng salah satunggaling kitha, sadaya bala Israel badhe ningseti kitha punika lan saged kita larak dumugi ing lepen, temah boten wonten krikil satunggal kemawon ingkang taksih pinanggih wonten ing ngriku malih.”

14Pangeran Absalom banjur ngandika lan sakehe wong Israel padha ngucap: “Pirembuge Husai, wong Arki iku, luwih becik tinimbang karo rembuge Akhitofel.” Amarga wus dadi karsane Sang Yehuwah, manawa pirembuge Akhitofel kang becik iku, diwurungake, supaya nekakake bilai marang Pangeran Absalom.

Sang Prabu Dawud tindak menyang Mahanaim

15Husai banjur kandha marang Imam Zadhok lan Imam Abyatar: “Makaten-makaten pirembagipun Akhitofel dhateng Pangeran Absalom lan dhateng para sesepuhipun bangsa Israel, nanging rembag kula makaten-makaten.

16Pramila, panjenengan enggal-enggal ngaturana uninga dhateng Sang Prabu Dawud, makaten: “Mangke dalu, panjenengan dalem sampun ngantos nyare wonten ing papan-papan pasabrangan ingkang dhateng pasamunan, nanging enggal karsaa nyabrang murih Sang Prabu saha sadaya tiyang ingkang ndherekaken sampun ngantos kauntal sadaya.”

17Anadene Yonatan lan Ahimaas ngenteni ana ing En-Rogel lan saben-saben ana abdi wadon kang teka aweh warta, iku banjur padha diaturake marang Sang Prabu Dawud, mulane mangkono, amarga aja nganti konangan, yen mlebu kutha.

18Nanging nalika iku ana jejaka kang weruh, banjur ngaturi pirsa marang Pangeran Absalom. Dadine wong loro iku age-age lunga, lan bareng tekan ing omahe sawijining wong ing Bahurim, kang duwe sumur ana ing platarane, banjur padha nyemplung ing sumur kono.

19Wong wadon iku banjur njupuk lurub, dijereng ing cangkeming sumur mau lan disebari las-lasan gandum, temah ora katon apa-apa.

20Para abdine Pangeran Absalom teka ing omahe wong wadon iku, banjur takon: “Ahimaas lan Yonatan ana ing ngendi?” Wangsulane wong wadon iku marang wong-wong iku: “Tiyangipun sampun sami nyabrang ing lepen punika.” Sarehne anggone nggoleki ora ketemu, tumuli padha bali mulih menyang Yerusalem.

21Bareng wong-wong iku wus padha lunga, wong loro mau mentas saka ing sumur, banjur ngaturi uninga marang Sang Prabu Dawud sarta munjuk: “Panjenengan dalem kawula aturi tata-tata saha lajeng enggal nyabrang ing lepen punika, margi makaten-makaten pirembagipun Akhitofel tumrap ing panjenengan dalem.”

22Sang Prabu dalah sapandhereke nuli padha tata-tata lan nyabrang ing bengawan Yarden. Nalika wayah byar esuk ora ana wong siji-sijia kang kari kang ora nyabrang ing bengawan Yarden.

23Bareng Akhitofel weruh, yen rembage ora diglape, banjur ngabah-abahi kuldine lan mangkat mulih menyang omahe, ing kuthane, nata kabutuhaning omahe, wasana banjur mati gantung. Mangkono patine Akhitofel, nuli dipetak ing kubure bapakne.

24Sang Prabu Dawud rawuh ing Mahanaim, nalika Pangeran Absalom nyabrangi kali Yarden, kadherekake sakehe wong Israel.

25Pangeran Absalom njunjung Amasa dadi senapati, nggenteni Sang Yoab. Amasa iku anake wong kang jeneng Yitra, wong Israel, kang ngrabeni Abigal anake Nahas, sadulure wadon Zeruya, ibune Yoab.

26Wong Israel lan Pangeran Absalom padha pacak baris ana ing tanah Gilead.

27Bareng Sang Prabu Dawud rawuh ing Mahanaim, Sobi bin Nahas saka ing Raba, kuthane bani Amon, Makhir bin Amiel saka ing Lodebar, lan Barzilai, wong Gilead saka ing Rogelim, padha ngeteri kasur pasarean,

28bokor, wadhah-wadhah grabah, uga gandum, sair, glepung, emping gandum, kacang babi, kacang tholo lan kacang ruji,

29madu, kaniling powan, wedhus-wedhus, lan keju sapi, kagem dhahar Sang Prabu Dawud lan sapandhereke, amarga pangucape: “Wong iku ana ing pasamunan mesthi padha sayah lan luwe.”


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  2 Samuel 17 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel