Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Amos 6 >> 

Rasa tentrem kang mung semu

1“Bilai para wong kang rumangsa ayem ana ing Sion, lan kang rumangsa tentrem ana ing gununge Samaria; iya para panggedhene bangsa kang utama, kang disebani dening turune Israel.

2Padha menyanga ing Kalne lan nitipriksaa, saka kono menyanga ing Hamat nagara kang gedhe iku, banjur menyanga ing Gat, nagarane wong Filisti, apa iku padha ngluwihi becike karajan-karajan iki, utawa tlatahe apa luwih jembar tinimbang tlatahira?

3He, sira kang padha nganggep adoh saka dinaning bilai, nanging nyedhakake paprentahan panganiaya;

4kang klemahan ana ing paturon gadhing, lan nglegeyeh ana ing amben, sarta mangan cempening pepanthan, apadene pedhet saka ing satengahe pepanthaning kewan lemon,

5kang padha menyanyi manut unining clempung, sarta nganggit kekidungan kaya Dawud;

6kang ngombe anggur ing bokor, lan njebadi awak kalawan lenga kang adi dhewe, nanging ora mreduli bab rusaking bani Yusuf.

7Mulane saiki, wong-wong iku bakal padha budhal menyang ing pambuwangan lan dadi pucuking barisan, temah sirep ramening pistane kang padha leyeh-leyeh.”

8Pangeran Yehuwah wus supaos demi sarirane piyambak; -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah Allah Gustining sarwa tumitah --: “Ingsun enek mirsani piangkuhe Yakub, lan sengit marang kadhatone; nagara saisine bakal Sunulungake.”

9Ing kono saupama ing omah siji isih ana wonge kang kari sepuluh, iku bakal padha mati kabeh.

10Sarta manawa pamane kang ngobong jisime iku, kang teka arep njunjung lan ngetokake jisim saka ing omah iku, sarta takon marang kang ana ing buri: “Apa isih ana wong maneh kajaba kowe?” mangka kawangsulan: “Ora ana,” nuli bakal celathu: “Wis menenga!” Sabab ora patut nyebut asmane Pangeran Yehuwah.

11Marga lah Sang Yehuwah wus dhawuh, omah kang gedhe bakal dirubuhake dadi jugrugan, lan omah kang cilik bakal dadi bobrok.

12Jaran apa padha lumayu ana ing gunung parang, sarta sagara apa diwluku kalawan sapi? Lah sira wus ngowahi kaadilan dadi wisa, lan kabeneran dadi brutawali?

13He sira, kang padha bungah-bungah marga saka Lodhabar, sarta kang padha ngucap: “Apa dudu kita kang ngrebut Karnaim kalawan karosan kita?”

14“Sabab lah Ingsun bakal ngedegake sawijining bangsa, kang bakal nglawan marang sira, he turune Israel,” -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah, Gusti Allahing sarwa dumadi -- “sarta sira bakal ditindhes wiwit saka dalan kang ngener ing Hamat nganti tekan ing kali kang ana ing Araba.”


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Amos 6 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel