Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Amos 8 >> 

Wahyu kang kaping pat: Kranjang isi woh-wohan

1Pangeran Yehuwah paring tetingalan marang aku mangkene: Lah ana kranjang isi woh-wohan undhuhan ing mangsa ketiga.

2Panjenengane tumuli ngandika: “He Amos, sira ndeleng apa?” Unjukku: “Kranjang isi woh-wohan undhuhan ing mangsa ketiga.” Ing kono pangandikane Sang Yehuwah: “Wus cedhak wekasane umatingSun Israel, Ingsun ora bakal maringi pangapura maneh.

3Ing dina iku kekidungan ing padaleman suci bakal dadi pangadhuh,” mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah. “Ing ngendi-endi ana jisim, kang kabuwang ing saenggon-enggon kanthi sidheman.”

Pepenget marang wong kang nindhes pepadhane

4Rungokna iki, he, kowe kang padha nindhes marang wong miskin lan kang ngrusak wong mlarat ing nagara kene,

5lan mikir: “Besuk apa enteke sasi anyar, supaya kita bisa adol gandum, sarta besuk apa rampunge dina Sabat, supaya kita bisa nawakake gandum kalawan nyuda takeran efa lan nggedhekake sekel, ngapusi kalawan timbangan palsu,

6supaya kita bisa tuku wong sekeng srana dhuwit, lan wong miskin kalawan trumpah sapasang, sarta adol gandum rosokan?”

7Sang Yehuwah wus supaos demi kamulyane Yakub: “Satemen-temene Ingsun ora bakal nyupekake ing sateruse marang sakehe panggawene!

8Apa bumi ora bakal gumeter marga saka kang mangkono iku, nganti saben wong kang manggon ing kono ngrasakake susah? Apa iku kabeh ora bakal munggah kaya bengawan Nil, lan gonjang-ganjing banjur mendhak maneh kayadene bengawan ing tanah Mesir?”

Grahana srengenge lan pangadhuh

9“Ing dina iku bakal kelakon,” -- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah -- “srengenge bakal Sundadekake angslup ing wayah awan, sarta bumi Sundamel peteng ing wayah raina.

10Karodene karameaning kabungahanira padha Sunsalini dadi kaprihatinan, lan kekidunganira dadi kidung pangadhuh, sarta sakehe bangkekan Sunsandhangi bagor, apadene sakehe sirah Sundhawuhi gundhul, iku kabeh Sundadekake kaya palayadan marga kelangan anak ontang-anting, lan wekasane dadi dina kang pait-getir.”

Keluwen lan kasatan

11Pangandikane Pangeran Yehuwah: “Lah bakal tumeka ing titi-mangsane,” -- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah -- Ingsun bakal ndhatengake pailan ana ing nagara kene, dudu pailan pangan utawa kasatan banyu, nanging ngorong marang pangandikane Pangeran Yehuwah.

12Wong-wong bakal padha nglembara saka ing sagara kang siji menyang ing sagara sijine, sarta nglambrang saka ing lor menyang ing wetan, arep ngupaya pangandikane Sang Yehuwah, nanging ora oleh.

13Ing dina iku prawan-prawan kang ayu lan jaka-jaka kang gagah padha ambruk dening kasatan;

14yaiku kang padha sumpah demi Asima, dewi ing Samaria, lan kang ngucap: Demi allahmu kang gesang, he Dhan, sarta: Demi dewa kekasihira kang urip, he Bersyeba, iku bakal padha ambruk lan ora bakal ngadeg maneh.”


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Amos 8 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel