Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Amsal 14 >> 

1Wong wadon kang wicaksana iku mbangun omahe, nanging kang bodho ngrubuhake omahe klawan tangane dhewe.

2Sing sapa lumaku klawan jujur iku wedi-asih marang Pangeran Yehuwah, nanging kang lakune kesasar iku ngremehake Panjenengane.

3Ing sajroning cangkeme wong bodho ana penjalin kanggo ing gegere, nanging wong wicaksana iku kareksa dening lambene.

4Manawa ora ana sapi, uga ora ana gandum, nanging kalawan karosane sapi pametune akeh.

5Seksi kang setya iku ora goroh, nanging kang ngucapake cidra iku seksi goroh.

6Wong ambek memoyok golek kawicaksanan ora oleh, nanging wong kang limpad ing budi, gampang oleh kawruh.

7Ngedohana wong gemblung, marga lambene ora bakal nglairake kawasisan.

8Kang dadi kawicaksanane wong pinter iku anggone ngreti marang dalane dhewe, nanging wong bodho iku diapusi dening bodhone.

9Wong bodho moyoki marang kurban panebuse, nanging wong jujur padha wales-winales ing kabecikan.

10Ati iku ngrasakake kasusahane dhewe, dene wong liya ora bisa melu ngrasakake kabungahane.

11Omahe wong duraka bakal sirna, nanging tarube wong jujur bakal mekar.

12Ana dalan kang dikira lenceng dening wong, mangka wekasane anjog marang ing pati.

13Ing sajroning gumuyu ati uga bisa ngrasakake sedhih, sarta wekasane kabungahan iku bisa kaprihatinan.

14Wong kang atine murtad, kawaregan dening lakune dhewe, dene wong becik dening sabarang kang diduweni.

15Wong kang ora duwe pangalaman ngandel sabarang ujar, nanging wong kang wicaksana iku nggatekake lakune.

16Wong wicaksana iku ngati-ati lan nyingkiri piala, nanging wong gemblung nguja karepe sarta rumangsa tentrem.

17Sing sapa gampang nepsu, iku tumindak tanpa budi, nanging wong wicaksana iku sabar.

18Wong kang tanpa pangalaman pituwase kabodhoan, nanging wong wicaksana iku kamakuthan kawruh.

19Wong ala padha tumungkul ana ing ngarepe wong becik, lan wong duraka ana ing ngarepe regole wong bener.

20Wong miskin iku kasengitan uga dening kancane, nanging wong sugih akeh mitrane.

21Sing sapa ngremehake pepadhane iku gawe dosa, nanging rahayu wong kang melasi marang wong kang kasangsaran.

22Apa wong kang ngrantam-rantam piala iku dudu wong nasar? Nanging kang ngrancang kabecikan iku nampani sih lan kasetyan.

23Angger kangelan mesthi ana pituwase, nanging tembung kang kothong iku mung nuntun marang kacingkrangan thok.

24Kang dadi makuthane wong wicaksana iku kapinteran, nanging wong gemblung iku mamerake bodhone.

25Seksi kang setya mitulungi uripe, nanging kang ngucapake goroh iku wong cidra.

26Ing sajroning wedi-asih marang Sang Yehuwah iku tinemu katentreman kang gedhe, malah Pangeran Yehuwah iya dadi pangayoman tumrap para putrane.

27Wedi-asih marang Sang Yehuwah iku sumbering urip, temah wong ora kena ing jireting pati.

28Kamulyane ratu iku marga saka kehing rakyate, nanging tanpa rakyat paprentahan rusak.

29Wong kang sabar iku gedhe pangretene, nanging wong kang gampang nepsu iku nggedhekake kabodhoan.

30Ati kang sareh iku nyegerake awak, nanging watak drengki iku ngroposake balung.

31Sing sapa nindhes wong apes, iku ngremehake marang Kang Nitahake, nanging sapa kang welas marang wong miskin, iku ngurmati Panjenengane.

32Wong duraka bakal dirubuhake marga saka pialane, dene wong bener oleh pangungsen marga saka tulusing atine.

33Kawicaksanan manggon ing atine wong kang mawa budi, nanging iku ora tinemu ana ing atine wong gemblung.

34Kabeneran iku ngunggahake drajating bangsa, nanging dosa iku dadi cacading bangsa.

35Abdi kang mawa budi ndadekake keparenge Sang Prabu, nanging kang mirangake iku bakal nampani dedukane.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Amsal 14 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel