Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Amsal 20 >> 

1Anggur iku tukang memoyok, minuman keras iku tukang gawe rame, sing sapa sempoyongan marga saka iku, dadi ora wicaksana.

2Dukaning ratu iku kayadene panggerone singa nom, sing sapa nenangi dukane iku mbebayani tumrap awake.

3Sapa kang ngedohi tukar-padu iku patut diurmati, nanging saben wong bodho nguja kanepsone.

4Ing mangsa bedhidhing wong kesed ora gelem mluku, manawa ing mangsa panen tanpa gawe anggone golek pametune lemah.

5Rancangan kang ana ing atine manungsa iku kaya banyu kang jero, ewasamono wong kang pinter bisa ngangsu.

6Akeh wong kang ngarani awake dhewe becik, nanging wong kang setya iku sapa kang nemu?

7Wong bener kang lakune jujur, iku turune padha rahayu.

8Ratu kang lenggah ing kursi pangadilan, kalawan tingale bisa mirsani sakehe piala.

9Sapa kang bisa ngucap: “Aku wus ngresiki atiku, wus lebur sakehing dosaku?”

10Bandhul timbangan rong warna, lan takeran rong warna, karo-karone iku nistha tumrap Pangeran Yehuwah.

11Sanadyan isih bocah iya bisa dititeni kapirid saka ing panggawene, apa resik lan apa jujur kelakuane.

12Kuping kang krungu lan mripat kang ndeleng, iku karo-karone Sang Yehuwah kang akarya.

13Aja karem turu, supaya aja tumiba ing kamlaratan, mripatmu elekna temah wareg enggonmu mangan.

14“Ora becik, ora becik,” pangucape kang tuku, nanging lagi bae lunga, nuli ngalembana awake dhewe.

15Sanadyan emas lan mutiara akeh, nanging kang akeh banget pangajine iku lambe kang kadunungan kawruh.

16Jupuken sandhangane, awit wong iku nanggung wong liya, lan iku tahanen kanggo cekelan lirune wong liya mau.

17Roti olehe ngapusi rasane enak, nanging cangkeme banjur kebak krikil.

18Rancangan bisane kelakon marga saka panglimbang, mulane anggonmu perang nganggoa siasat.

19Sapa kang nenacad iku ngeler wadi, mulane kowe aja srawungan karo wong kang cangkeme bocor.

20Sing sapa ngipat-ipati bapakne utawa biyunge, iku damare bakal mati ing wektu peteng.

21Raja-darbe kang anggone oleh klawan enggal ing wiwitane, wekasane ora diberkahi.

22Aja duwe pangucap: “Aku arep males piala,” ngarep-arepa marang Sang Yehuwah, iku kang bakal ngluwari kowe.

23Bandhul timbangan rong warna iku nistha tumrap Pangeran Yehuwah, lan traju kang cidra iku ora becik.

24Jangkahe wong iku katemtokake dening Sang Yehuwah, nanging kapriye manungsa anggone ngreti marang dalaning uripe?

25Manawa wong tanpa pikir muni: “Suci,” sarta lagi nimbang-nimbang sawuse nduweni punagi, iku jiret tumrap awake dhewe.

26Para wong duraka dititeni dening ratu kang wicaksana, lan padha diplindhes bola-bali.

27Rohe manungsa iku damar peparinge Sang Yehuwah, kang niti-priksa kabeh isine atine.

28Kang ngayomi ratu iku sih lan kasetyan, lan klawan sih anggone nyantosakake dhampare.

29Kang minangka rerenggane wong nomnoman iku karosane, lan kang dadi kaendahane wong tuwa iku uwane.

30Bilur-bilur kang ngemu getih iku ngresiki piala, lan gebugan iku ngresiki telenging ati.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Amsal 20 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel