Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Amsal 21 >> 

1Panggalihe ratu iku kaya ilen-ilen banyu ing astane Pangeran Yehuwah, diilekake manut ing sakarsane piyambak.

2Saben wong ngarani dalane dhewe iku lenceng, nanging Sang Yehuwah kang neter ati.

3Nindakake kabeneran lan kaadilan iku anggone gawe renaning panggalihe Sang Yehuwah ngluwihi kurban.

4Mripat kang kumlungkung lan ati kang gumunggung, kang dadi damare wong duraka, iku dosa.

5Rancangane wong sregep iku nekakake kaluberan, nanging saben wong kang gugupan iku mung bakal ngalami kacingkrangan.

6Oleh kasugihan srana ilat cidra iku barang kang tanpa guna, kang sirna saka wong kang ngupaya pati.

7Wong duraka padha diseret dening panganiayane dhewe, marga padha lumuh nindakake kaadilan.

8Dalane juru apus iku menggak-menggok, nanging wong jujur iku jejeg tindake.

9Pilih manggon ana ing pojoking payon, tinimbang karo manggon saomah karo wong wadon kang dhemen padu.

10Atine wong duraka iku kepengin marang piala, sarta ora nduweni kawelasan marang pepadhane.

11Yen wong ambek memoyok diukum, wong kang ora duwe pangalaman dadi wicaksana, lan yen wong wicaksana diwulang, bakal oleh kawruh.

12Kang Mahaadil ngyektosi omahe wong duraka, lan njorogake wong duraka mau marang ing bilai.

13Sing sapa nutupi kupinge marang pasambate wong mlarat, manawa sambat-sambat dhewe, ora bakal disembadani.

14Paweweh klawan sidheman nglilihake nepsu, lan atur-atur kang srana dhedhemitan nyirep nepsu kang nggegirisi.

15Nindakake kaadilan iku dadi kesenengane wong bener, nanging gawe wedine wong kang tumindak ala.

16Wong kang nyimpang saka dalane akal-budi, iku bakal leren ana ing panggonan nglumpuke para arwah.

17Wong kang dhemen sukan-sukan bakal nandhang kacingkrangan, sarta kang karem anggur lan lenga ora bakal bisa sugih.

18Wong duraka iku kanggo tebusane wong bener, kang cidra kanggo lirune kang jujur.

19Luwih becik manggon ana ing segara wedhi, katimbang karo manggon klawan wong wadon kang seneng padu lan seneng nepsu.

20Omahe wong wicaksana kanggonan raja-brana kang adil lan lenga, nanging wong kang gemblung ngentek-entekake iku.

21Wong kang ngudi marang kabeneran lan katresnan, bakal nemu urip, kabeneran lan kaurmatan.

22Wong wicaksana bisa ngunggahi kuthane para pahlawan, sarta ngrubuhake balowarti kang dadi andel-andele.

23Sing sapa njaga cangkem lan ilate, dadi ngreksa awake, uwal saka ing kerubedan.

24Wong kang ndhugal lan kumlungkung iku kasebut wong ambek memoyok, solah-tingkahe kumethak ngleluwihi.

25Wong kesed dipateni dening pepenginane dhewe, marga tangane lumuh nyambut gawe.

26Kamelikan iku sadina-dina tansah melik, balik wong bener iku weweh tanpa wates.

27Kurban sesaosane wong duraka iku jember, luwih maneh manawa anggone nyaosake kanthi sedya ala.

28Seksi goroh bakal sirna, nanging wong kang ngrungokake bakal ajeg micara.

29Wong duraka ora duwe isin, nanging wong jujur nata dalane.

30Ora ana kawicaksanan lan pangreten, lan ora ana panimbang-nimbang kang bisa nandhingi Sang Yehuwah.

31Jaran dirakiti kanggo ing mangsa perang, nanging kaunggulan iku ana ing astane Pangeran Yehuwah.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Amsal 21 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel