Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Amsal 24 >> 

1Aja meri marang wong ala, lan aja srawungan karo wong iku;

2awit atine tansah ngangen-angen arep nganiaya, lan lambene ngrembug bab kasangsaran.

3Srana kawicaksanan omah iku kaadegake, lan kasantosakake dening kapinteran;

4sarta srana kawasisan kamar-kamare padha kaisenan, raja-brana warna-warna kang larang regane lan kang nengsemake.

5Wong wicaksana iku luwih wibawa tinimbang wong santosa, semono uga wong kang duwe kawruh iya luwih wibawa tinimbang wong gagah prakosa.

6Awit mung srana siasat anggonmu bisa nglurug perang, sarta kaunggulan iku gumantung kehe wong kang dadi juru pirembug.

7Kawicaksanan iku kedhuwuren tumrap wong bodho, mulane ana ing gapura ora mbukak cangkeme.

8Sapa kang tansah ngrantam piala, bakal kaaranan tukang ngapusi.

9Mikir kabodhoan iku marakake dosa, sarta wong ambek memoyok iku nistha tumrap manungsa.

10Saupama ing dina karubedan atimu semplah, iku nelakake kuranging kekuwatanmu.

11Wong kang diglandhang arep dipateni iku luwarana, lan kang sempoyongan marani papan panyembelehan, iku slametna.

12Manawa kowe kandha: “Prakara iku ora ngreti temenan!” Pangeran kang neter ati apa ora mirsa ing sanyatane? Apa Panjenengane kang rumeksa nyawamu iku ora mirsa, iku males marang manungsa miturut panggawene?

13He anakku, mangana madu, awit iku becik, sarta rembesing madu iku legi rasane ana ing cethakmu.

14Wruhanamu, kaya mangkono rasane kawicaksanan tumrap nyawamu, manawa koktemu, ana kang kokanti-anti ing dina buri, sarta pangarep-arepmu ora bakal ilang.

15Aja ngintip papan padunungane wong bener kaya tindake wong duraka, aja ngrusak omahe.

16Awit wong bener iku sanadyan tiba rambah ping pitu, mesthi ngadeg maneh, nanging wong duraka bakal ambruk ana ing sajroning bilai.

17Manawa satrumu tiba, aja bungah, sarta manawa kejlungup aja giyak-giyak atimu,

18supaya Pangeran Yehuwah ora uninga lan mastani ala, banjur nyingkirake bebendune saka wong mau.

19Aja nepsoni marang wong kang nindakake piala, aja meri marang wong duraka.

20Awit ora ana pangarep-arep tumrap wong ala, damare wong duraka iku bakal mati.

21He anakku, diwedi asih marang Pangeran Yehuwah lan marang ratu, aja mbalila marang sakaro-karone.

22Marga kalawan dadakan padha ndhatengake kasangsaran, sarta sapa nyumurupi lebure, kang didhatengake dening kalih-kalihe?

23Ing ngisor iki iya wulang bebasan anggitane para wicaksana, mawang wong ana ing pangadilan iku ora prayoga.

24Sing sapa tutur marang wong duraka: “Kowe ora luput,” iku bakal diipat-ipati dening para bangsa, lan disupatani dening para suku bangsa.

25Nanging kang aweh pepenget bakal nemu kabegjan, sarta bakal ginanjar ing berkah.

26Sing sapa mangsuli klawan patitis, iku nucup lambe.

27Pagaweanmu ing jaba rampungna, sarta cawisna iku ana ing pategalan, sawuse iku banjur lagi ngadegna omahmu.

28Aja dadi seksi tumrap pepadhamu tanpa sabab, lan ngapusi kalawan lambemu.

29Aja duwe pangucap: “Kayadene kang dadi panggawene wong iku marang aku, iya kaya mangkono bakal tandukku marang wong mau. Aku males marang wong manut panggawene.”

30Aku ngliwati pategalane wong kesed, lan ing pakebonane anggur wong kang tanpa budi.

31Lah kabeh iku kebak kathukulan bondhot, lemahe katuwuhan ing lateng, sarta temboke wus rubuh.

32Aku ndeleng lan banjur njupuk piwulange, aku ndeleng nuli oleh wulangan.

33“Turu sadhela engkas, ngantuk sadhela engkas, nekuk tangan sadhela engkas arep nerusake leyeh-leyeh,”

34banjur katekan kamlaratan, kaya wong kang nempuh, katekan kacingkrangan, kaya wong kang sikep gegaman.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Amsal 24 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel