Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Amsal 25 >> 

Wulang bebasan anggitane Sang Prabu Suleman kang diklumpukake dening para abdine Sang Prabu Hizkia

1Iki uga wulang bebasan anggitane Sang Prabu Suleman kang diklumpukake dening para abdine Sang Prabu Hizkia, ratu ing Yehuda.

2Kaluhurane Gusti Allah iku nyimpen prakara kayadene wadi, nanging kaluhurane para ratu iku niti-priksa prakara.

3Sapira dhuwure langit lan jerone bumi, kaya mangkono panggalihe para ratu iku anggone ora kena dijajagi.

4Taine salaka singkirna, temah kemasan bisa oleh barang kang kagawe piranti.

5Wong duraka singkirna saka ing ngarsaning ratu, temah dhampare kasantosakake dening kabeneran.

6Aja pamer ana ing ngarsaning ratu, utawa ngadeg ana ing papane para panggedhe.

7Awit luwih becik kowe kadhawuhan mangkene: “Mrenea majua ing dhuwur kene!” Tinimbang karo dikon mundur, pinirsanan dening para luhur. Apa mripatmu ndeleng,

8aja kesusu anggonmu tumindak gawe prakara ana ing pangadilan, awit ing wekasane apa kang kena koktindakake, manawa lawanmu wus ndadekake wirangmu?

9Belanana prakaramu karo lelawananmu, nanging aja ngeler wewadining liyan;

10supaya kowe aja nganti diwewada dening kang padha krungu, temah kawiranganmu ora bakal bisa ilang.

11Tetembungan kang diucapake cocog karo wektune, iku upamane kaya apel mas ana ing pinggan salaka.

12Pepelinge wong wicaksana iku tumrap kuping kang nilingake, kaya ali-ali mas utawa pasren mas murni.

13Kaya anyepe salju ing mangsa panen, kaya mangkono kongkonan kang temen lan setya tumrape kang ngongkon, awit nyegerake atine lurahe.

14mendhung lan angin kang tanpa udan, kaya mangkono iku wong kang ngumukake ganjaran kang ora tau ditampani.

15Para pangwasa bisa diyakinake srana kasabaran, ilat kang alus ngremukake balung.

16Manawa kowe oleh madu, mangana sacukupe, aja nganti kewaregen, temah banjur kokutahake.

17Aja kekerepen sanja ing omahe pepadhamu, supaya wong iku aja nganti bosen, banjur sengit marang kowe.

18Wong nglairake paseksi goroh tumrap pepadhane, iku upamane kaya gada utawa pedhang lan panah kang landhep.

19Pangandel marang wong kang cidra ing mangsa ribed, iku upamane kaya untu kang gopok utawa kaya sikil kang kesliyo.

20Wong kang ngidungake lelagon tumrap ati kang sedhih, iku upamane kaya wong kang cucul klambi ing mangsa bedhidhing, utawa kang ngesoki cokak ing tatu.

21Manawa satrumu keluwen, wenehana mangan roti, manawa ngelak, wenehana ngombe banyu:

22awit kowe bakal ngentepi mawa ing sirahe, sarta Pangeran Yehuwah bakal males marang kowe.

23Angin saka lor nggawa udan, guneman bisik-bisik, ulat mrengut.

24Pilih manggon ana ing pojok payon, tinimbang manggon saomah karo wong wadon kang dhemen grejegan.

25Pawarta becik saka ing nagara adoh iku, kaya banyu adhem tumrap ing nyawa kang ngelak.

26Wong bener kang kuwatir ana ing ngarepe wong duraka, iku kaya tuk buthek utawa sumber kang reged.

27Ora prayoga mangan madu akeh iku; mulane diarang anggonmu nglairake tembung pangalembana.

28Wong kang ora bisa ngendhaleni awake, iku kaya kutha kang rubuh temboke.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Amsal 25 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel