Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Amsal 26 >> 

1Kaya tumibane salju ing mangsa panas lan tibane udan ing mangsa panen, kaya mangkono wong gemblung ora patut diurmati.

2Kayadene manuk emprit mabur nggeblas, utawa kaya manuk sriti mabur kalangan, iya mangkono ipat-ipat kang tanpa sabab ora bakal tumama.

3Cemethi iku tumrap ing jaran, kendhali tumrap ing kuldi, lan gebug tumrap gegere wong gemblung.

4Anggonmu mangsuli marang wong gemblung aja manut kabodhoane, supaya kowe dhewe aja dadi pepadhane wong iku.

5Anggonmu mangsuli marang wong gemblung ngemperana kabodhoane, supaya wong iku aja nganti rumangsa wasis.

6Sing sapa kongkonan wong gemblung, iku ngethok sikile dhewe lan ngombe kacilakan.

7Wulang bebasan ing cangkeme wong gemblung, iku kaya sengklehing sikile wong lumpuh.

8Kayadene watu kang katalenan ing bandhil, iya kaya mangkono wong kang ngurmati wong gemblung.

9Wulang bebasan ing cangkeme wong gemblung, iku prasasat eri kang tumancep ing tangane wong mendem.

10Sapa kang mburuhake marang wong gemblung lan wong kang mbeneri liwat, iku kaya wong manah kang natoni saben wong.

11Kaya asu kang mbaleni utah-utahane, kaya mangkono wong gemblung anggone mbolan-mbaleni kabodhoane.

12Saupama kowe weruh wong kang rumangsa pinter, pangarep-arepe wong gemblung luwih akeh tinimbang wong iku mau.

13pangucape wong kesed: “Ing dalan ana singa, ana singa ing lurung!”

14Kaya inebing lawang mingar-minger srana engsele, kaya mangkono wong kesed ana ing paturone.

15Wong kesed nyelupake tangane ing pinggan, kagawa saka kesele dadi ora kelakon ngemplok.

16Wong kesed rumangsa pinter, ngluwihi wong pitu kang patitis wangsulane.

17Sing sapa nyampuri prakara padune wong liya, iku kaya wong kang nyandhak kupinge asu kang lagi liwat.

18Kayadene wong owah kang nglepasake panah geni, panah lan pepati,

19iya kaya mangkono wong kang culika marang pepadhane, sarta ngucap: “Aku mung geguyon bae.”

20Manawa kayune entek, genine mati, manawa si tukang mitenah ora ana, tukar-padu sirep.

21Kayadene areng kanggo ing mawa lan kayu kanggo ing geni, mangkono uga kanggone wong dhemen padu, mung ndadekake ndadraning pasulayan.

22Tembunge si tukang mitenah iku kaya panganan kang enak-enak, kang banjur lumebu ing telenging ati.

23Lambe manis kalawan ati kang ala, iku kaya pecahan grabah kang kausar salaka.

24Wong sengit iku samudana klawan lambene, nanging batine ngandhut cidra.

25Aja ngandel sanadyan tembunge manis, awit kadursilan pitung warna ana ing atine.

26Rasa sengit iku sanadyan katutupana ing apus, kadursilane bakal kawiyak ana ing pasamuwan.

27Sing sapa ndhudhuk jugangan bakal kacemplung dhewe, lan kang ngglundhungake watu, watune bakal bali mlindhes awake dhewe.

28Ilat cidra sengit marang wong kang wus dadi kurbane, lan cangkem lunyu gawe karusakan.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Amsal 26 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel