Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Amsal 28 >> 

1Wong duraka mlayu sanadyan ora ana kang ngoyak-oyak, nanging wong bener rumangsa tentrem kaya singa nom.

2Marga saka anane pambrontakan ing sawijining nagara, akeh kang nyekel pangwasa, ewasamono marga saka anane wong kang mawa budi lan kadunungan kawruh, angger-angger tetep ana.

3Wong mlarat kang nindhes wong sekeng, iku kaya udan deres, nanging ora ngolehake rejeki.

4Para wong kang nyepelekake angger-angger, iku padha ngalem marang wong duraka, nanging kang netepi angger-angger padha nglawan marang wong kang mangkono iku.

5Wong ala ora ngreti adil, nanging wong kang ngupaya marang Sang Yehuwah iku ngreti samubarang.

6Becik wong miskin kang watake resik, tinimbang wong culika, sanadyana sugih.

7Sapa kang netepi angger-angger iku anak kang pinter, nanging kang srawungan karo wong kang murka iku gawe isine bapakne.

8Sing sapa ngundhakake barang-darbeke srana dibathekake lan dianakake, iku nglumpukake kanggo wong-wong kang melasi para wong sekeng.

9Sing sapa ngenggokake kupinge emoh ngrungokake angger-angger, iku pandongane uga nistha.

10Sing sapa nasarake wong jujur marang dalan kang ala, iku bakal kacemplung ing luwangane dhewe, nanging wong kang ora duwe cacad bakal oleh warisan kabegjan.

11Wong sugih rumangsa pinter, nanging wong miskin kang mawa budi niteni wong sugih mau.

12Samangsa wong bener menang, akeh kang ngalembana, nanging manawa wong duraka oleh pangwasa, akeh wong kang padha umpetan.

13Sing sapa ndhelikake panerake ora bakal begja, nanging kang ngakoni lan ngunduri iku oleh sih-mirma.

14Rahayu wong kang tansah wedi-asih marang Sang Yehuwah, nanging kang wangkot bakal tumiba ing bilai.

15Kayadene singa kang nggero utawa bruwang kang nubruk, iya kaya mangkono iku wong duraka kang nguwasani bangsa kang apes.

16Pemimpin kang cupet ing budi iku keras panindhese, nanging kang sengit marang bebathen kang ora absah iku dawa umure.

17Wong kang nanggung getihe wong liya, iku bakal terus digawa lumayu tekan ing luwanging kubur. Aja kokeman!

18Sing sapa lakune tanpa cacad, iku bakal kapitulungan, nanging kang plinthat-plinthut bakal tiba ing luwangan.

19Wong kang ngolah lemahe bakal wareg rejeki, nanging kang ngoyak sabarang kang tanpa guna iku bakal wareg kamlaratan.

20Wong kena dipracaya iku kaluberan berkah, nanging wong kang kepengin enggal sugih, ora bakal luput ing paukuman.

21Mawang wong iku ora becik, ewadene ana wong kang nindakake panerak mung supaya oleh roti sairis.

22Wong kang cethil ngarah enggal sugih, lan ora ngawruhi yen bakal ngalami kacingkrangan.

23Sing sapa melehake marang wong, iku wekasane luwih disenengi, tinimbang kang duwe ilat kanggo ngonggrong.

24Sing sapa ngrampas darbeke bapa utawa biyunge, mangka duwe pangira, manawa iku dudu panerak, wong iku dhewe dadi mitrane juru pangrusak.

25Wong murka iku njalari grejegan, nanging sing sapa pracaya marang Pangeran Yehuwah iku nampani kaluberan.

26Sing sapa ngandelake atine dhewe iku wong bodho, nanging wong kang lakune klawan kawicaksanan bakal slamet.

27Sing sapa weweh marang wong miskin ora bakal kekurangan, nanging kang ngeremake mripate bakal kena ing ipat-ipat.

28Manawa wong duraka oleh pangwasa, wong akeh padha umpetan, nanging samangsa tumpes, para wong bener mundhak akeh.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Amsal 28 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel