Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Amsal 31 >> 

Piwulang kagem Sang Prabu Lemuel saka kang ibu

1Iki pangandikane Sang Prabu Lemuel, ratu ing Masa, kang diwulangake dening kang ibu marang panjenengane.

2He anakku, anak kang daklairake, anaking punagiku, apa kang bakal daktuturake marang kowe?

3Kekuwatanmu aja kokwenehake marang wong wadon, mangkono uga lakumu, marang para wong wadon kang ndadekake rusake para ratu.

4He Lemuel, ora pantes kanggone para ratu, ora patut para ratu manawa ngunjuk anggur, utawa para panggedhe manawa mundhut minuman keras.

5Aja nganti marga saka anggone ngunjuk mau, banjur nglirwakake apa kang wus katetepake, lan ndhoyongake wewenange wong-wong kang katindhes.

6Minuman keras iku wenehna marang wong kang arep sangsara, lan anggure marang wong kang prihatin;

7iku kareben padha ngombe supaya lali marang kamlaratane, lan ora kelingan marang kasusahane maneh.

8Cangkemmu angapna kanggo wong bisu, lan kanggo wewenange wong kang nglayung.

9Cangkemmu angapna, lan gawea putusan kang adil. Wong kang katindhes lan kang miskin padha wenehana wewenange.

Pangalembana marang rabi kang cakep

10Rabi kang cakep sapa kang bisa nemu? Dene ajine ngungkuli mutiara.

11Atine kang lanang pracaya marang kang wadon iku, kang lanang ora tau kekurangan kauntungan.

12Tansah gawe becik marang kang lanang, ora tau ditanduki ala, ing sajege uripe.

13Ngupaya wulu wedhus gembel lan rami, lan seneng nggarap pagawean klawan tangane.

14Kayadene prau-praune sudagar, nekakake rejekine saka ing papan kang adoh.

15Anggone tangi isih peteng, banjur nyadhiyakake pangan kanggo wong saomah lan mbage-mbage gawean marang sakehe pembantune wadon.

16Bisa tuku pategalan, kang dikarepake, pituwasing tangane kanggo wragad nanduri pakebonan anggur.

17Bangkekane disabuki karosan, lengene dikuwatake.

18Dheweke sumurup, manawa pametune nguntungake, yen bengi damare ora mati.

19Tangane ditumpangake ing jantra, drijine nyekel onthelane.

20Tangane diulungake marang wong kang katindhes, ngulurake tangane marang wong mlarat.

21Ora nyumelangake wong saomah kabeh ing mangsa tibaning salju, marga wong saomah padha manganggo rangkep.

22Gawe babut kanggo awake dhewe, pangganggone arupa lena alus lan kain wungu.

23Kang lanang kondhang ana ing gapuraning kutha, samangsa lelungguhan karo para tuwa-tuwane nagara.

24Kang wadon gawe sandhangan lena, banjur diedol, sarta masrahake sabuk marang para wong dagang.

25Panganggone kekuwatan lan kaluhuran, tumrap dina buri mung gumuyu bae.

26Anggone ngangapake cangkeme kalawan kawicaksanan, lan ilate kadunungan piwulang kang alus.

27Tansah ngulat-ulatake samobah-mosiking brayate, lan ora tau mangan rejeki wohing tindak kesed.

28Anak-anake padha tangi sarta ngarani biyunge rahayu, dalah bojone iya ngalembana marang kang wadon, pangucape:

29Akeh wong wadon kang nindakake kautaman, nanging kowe ngungkuli iku kabeh.

30Warna endah iku goroh lan ayune rupa iku tanpa guna, nanging wong wadon kang wedi asih marang Pangeran Yehuwah iku kaalembana.

31Iku wenehana panduman saka wohing tangane panggawene iku kareben ngalembana dheweke ana ing gapura!


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Amsal 31 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel