Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Ayub 11 >> 

Zofar mrayogakake, supaya Ayub ngesorake awake ana ing ngarsaning Allah

1Zofar wong Naama banjur mangsuli calathune:

2“Wong kakehan rembug iku apa ora kudu diwangsuli? Apa wong kang juweh iku kudu dianggep bener?

3Apa wong kudu meneng bae krungu ocehmu iku? Tuwin manawa kowe ngala-ala iku apa ora ana kang melehake?

4Kowe munjuk: Piwulang kawula punika murni, saha kawula resik wonten ing paningal Paduka.

5Nanging muga-muga Gusti Allah piyambak karsa ndhawuhake pangandika, sarta mbikak lathine tumrap kowe,

6lan paring sumurup marang kowe bab wewadining kawicaksanan, awit iku isine aneh. Kowe nuli bakal sumurup, yen Gusti Allah ora ngetang kaluputanmu saperangan.

7Apa kowe bisa njajagi wewadosing Allah, apa bisa nyumurupi wates-watese pangwaose Kang Mahakuwasa?

8Iki dhuwure padha karo langit; -- kowe bisa nindakake apa? Jerone ngluwihi teleng palimengan: -- kowe mangreti apa?

9Dawane ngluwihi ukuraning bumi, jembare ngungkuli samodra.

10Manawa Panjenengane langkung, nuli nangkep lan ngadili, sapa kang bisa mambengi?

11Amarga Panjenengane nguningani si juru apus sarta mirsa piala tanpa ningali.

12Manawa wong bodho bisa mangreti, beloning kuldi alas iya bisa lair dadi manungsa.

13Manawa atimu kokcawisake, nuli ngegarake tanganmu marang Panjenengane,

14sarta piala kang ana ing tanganmu iku kokedohake, tuwin kowe ora aweh duraka manggon ana ing tarubmu,

15kowe mesthi banjur bisa ndengengek kalawan tanpa cacad, temah santosa lan ora bakal wedi,

16kowe malah banjur lali marang kasusahanmu, iku mung kokelingi kaya banyu kang wus kepungkur miline.

17Uripmu padhange bakal ngungkuli wayah tengange, pepeteng bakal dadi padhang kaya esuk.

18Kowe bakal rumangsa tentrem, awit ana pangarep-arep; sawuse mulat ngiwa nengen banjur bakal turu kepenak;

19anggonmu nglegeyeh ora bakal ana kang ngreridhu, lan akeh wong kang padha ngempek-empek marang kowe.

20Nanging mripate wong duraka mesthi bakal dadi lamur, mulane padha ora bisa lumayu ngungsi maneh; kang dadi pangarep-arepe mung pecating nyawane.”


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Ayub 11 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel