Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Ayub 13 >> 

Ayub mbelani prakarane ana ing ngarsaning Allah

1“Lah iku kabeh wus dakdeleng kalawan mripatku, dakrungu kalawan kupingku lan dakmangreteni.

2Apa kang padha koksumurupi, iku iya daksumurupi, aku ora kalah karo kowe.

3Nanging aku arep munjuk marang Kang Mahakuwasa, aku kapengin mbelani prakaraku ana ing ngarsaning Allah.

4Dene kowe kabeh iku wong kang padha nutupi gorohmu, sarta padha dadi dhukun kang palsu.

5Saupama kowe padha meneng babar pisan, iku malah dadi kawicaksananmu.

6Rungokna ta wangsulanku lan gatekna panjawabing lambeku!

7Apa kowe gelem goroh kagem Gusti Allah, apa kowe gelem ngapusi kagem Panjenengane?

8Apa kowe gelem mbelani Gusti Allah sarta bebantahan kanggo mbelani Panjenengane?

9Apa prayoga, manawa Panjenengane niti-priksa marang kowe? Apa kowe bisa ngapusi Panjenengane kaya ngapusi marang wong?

10Kowe bakal padha kaukum kalawan keras manawa kowe mbelani kalawan ora ngeblak.

11Apa kamulyane Gusti Allah iku ora bakal ngagetake kowe, sarta apa kowe ora bakal ketiban ing pagirise?

12Pepeling-pepelingmu iku wulang bebasan lebu lan tamengmu iku tameng lempung.

13Padha menenga! Aku arep calathu, nadyan apa bae kang bakal tumempuh marang aku, daksanggane!

14Dagingku arep dakjupuk kalawan untuku, lan nyawaku arep daksangga ing tanganku.

15Delengen, Panjenengane arep mateni aku, aku wus ora duwe pangarep-arep, ewadene aku arep ngaturake panjawab ing bab lakuku ana ing ngarsane.

16Panjenengane bakal dadi kaslametanku, nanging wong lamis ora kena seba ing ngarsane.

17Rungokna kang tumenan tembung-tembungku, lan gatekna katranganku!

18Sumurupa, aku wus nyawisake prakaraku, aku yakin, manawa aku bener.

19Sapa kang keconggah pepadon karo aku, iya wis, aku dakmeneng bae banjur dakmati.

20Namung kalih prakawis ingkang mugi sampun Paduka tundukaken dhumateng kawula, dados kawula boten badhe ndhelik saking ing ngarsa Paduka,

21inggih punika: Asta Paduka mugi Paduka singkiraken ingkang tebih saking kawula, kaliyan malih kawula sampun ngantos gumeter margi saking pagiris Paduka,

22lajeng Paduka mugi nimbali kawula, kawula inggih badhe ngaturi wangsulan; utawi kawula ingkang munjuk saha Paduka ingkang paring wangsulan.

23Sapinten ta agenging kalepatan saha dosa kawula? Kawula mugi Paduka sumerepaken dhateng panerak saha dosa kawula.

24Punapa sababipun dene Paduka ngantos nyingidaken wadana Paduka saha kawula Paduka anggep mengsah?

25Ron kabur kanginan kok Paduka damel geter; dami garing kok Paduka bujeng-bujeng!

26Sabab kawula Paduka etrapi ingkang pait getir, kalepatan nalika nem-neman kawula punika Paduka dhawahaken dhateng kawula,

27suku kawula Paduka belok, sarta salampah-lampah kawula Paduka ulat-ulataken, tlapakan kawula Paduka pasangi pepalang,

28mangka punika tumrap dhateng tiyang ingkang sampun ringkih kados kajeng gapuk, kados sinjang ingkang dipun tedha ing renget.”


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Ayub 13 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel