Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Ayub 16 >> 

Ayub ngadhuh-adhuh marga ngrasakake apa kang katandukake dening Gusti Allah marang dheweke

1Ayub banjur mangsuli, pangucape:

2“Wus kerep banget aku krungu kang kaya mangkono iku, kowe kabeh iku juru panglipur kang siyal!

3Apa durung entek tembungmu kang tanpa isi iku? Apa ta kang meksa kowe supaya nglawan?

4Aku iya bisa caturan kaya kowe, saupama kowe iku dadi kaya aku; aku bisa ngracik tetembungan kang endah tumrap kowe sarta gedheg-gedheg ngrasakake kowe.

5Aku bisa nyantosakake atimu kalawan cangkem lan lambeku ora dakpekak anggone ngucapake piwales.

6Nanging manawa aku caturan, anggonku nandhang sangsara ora bakal dadi entheng lan manawa aku meneng apa iya ana sudane?

7Nanging saiki Panjenengane ndadekake aku tanpa daya tuwin ngrisak sakukubaning omahku,

8aku dicepeng; iki kang dadi seksi; anggonku kuru iki kaya-kaya banjur gumregah nggugat marang aku.

9Bebenduning Allah nempuh sarta nglawan marang aku, nggeget waja tumuju marang aku, aku dipandeng dening mungsuhku kalawan mancereng.

10Wong padha crawak cangkeme tumrap ing aku, aku ditapuk kalawan pamemirang, padha nggrombol arep ngroyok aku.

11Gusti Allah ngulungake aku marang wong dursila, sarta masrahake aku marang tangane wong duraka.

12Aku urip kalawan tentrem, nanging aku banjur sinangsara, githokku diasta nuli aku dibanting, banjur katangekake kadadekake les-lesane.

13Aku diudani ing panah, ginjelku padha cinublesan tanpa piwelas, rempeluku kawutahake ing bumi.

14Aku dijuwing-juwing, aku ditempuh kaya dene wong prawira ing perang.

15Aku wus ndondomi bagor kanggo nutupi kulitku sarta sunguku dakurugi lebu.

16Raiku katon mbranang marga saka nangis lan tlapukanku ketutupan ing peteng ndhedhet,

17sanadyan tanganku ora kadunungan tindak ambek-siya tuwin pandongaku resik.

18Heh bumi, getihku aja koktutupi, sarta panjeritku aja nganti oleh papan palerenan!

19Sumurupa, saiki uga Seksiku ana ing swarga, kang nekseni aku ana ing ngaluhur.

20Sanadyan aku dipoyoki dening mitra-mitraku nanging kalawan nangis mripatku tumenga marang Gusti Allah,

21muga-muga Panjenengane karsaa ngrampungi prakara ing antarane manungsa lan Gusti Allah tuwin manungsa lan pepadhane.

22Amarga gunggunging taun mung kari sathithik lan aku bakal metu ing dalan kang ora bakal dakbaleni maneh.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Ayub 16 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel