Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Ayub 20 >> 

Zofar nerangake bab anggone Gusti Allah nyirnakake wong duraka sawise ngrasakake kasenengan sadhela

1Zofar wong Naama tumuli mangsuli, pangucape:

2“Mulane aku kapeksa mangsuli, lan atiku wus ora sabar maneh.

3Aku mentas krungu panutuh kang mirangake aku, nanging kang mangsuli aku iku akal-budi kang tanpa nalar.

4Apa kowe durung nyumurupi iku kabeh wiwit jaman kuna mula, wiwit nalika manungsa dipapanake ana ing bumi,

5manawa gambirane wong duraka iku ora awet, sarta kasenengane wong kang nyingkur marang Gusti Allah iku mung sadhela?

6Sanadyan anggone ngunggul-unggulake kaluhurane nganti sundhul ing langit, lan sirahe nganti sundhul ing mega,

7nanging bakal lebur ing salawase kayadene sesukere dhewe; wong kang tau ndeleng dheweke padha takon: Ana ngendi wong iku?

8Bakal sirna kaya impen tanpa tilas, ilang kaya wewarnan ing wayah bengi,

9ora katon maneh ing mripat kang ndeleng, lan papan padunungane ora bakal ndeleng maneh.

10Anak-anake kepeksa golek sih-piwelas marang wong miskin, sarta tangane dhewe kudu ngulungake barang darbeke.

11Sanadyan balung-balunge kebak karosaning wong anom, nanging iku iya bakal melu sumeleh ing lebu.

12Sanadyan rasane piala iku legi ana ing cangkeme, lan didhelikake ing ngisore ilate,

13diiwit-iwit ora dilepeh-lepeh, malah diemut bae tumempel ing cethake,

14nanging pangane iku banjur owah ana ing sajroning ususe, dadi wisaning ula bedhudhak ana ing wetenge.

15Raja-brana diuntal nanging banjur diutahake maneh, Gusti Allah kang ngedalake saka ing wetenge.

16Wisaning ula bedhudhak bakal disesep, mulane iya bakal dipateni dening ilating ula.

17Wus ora diparengake oleh kasenengan saka kali-kali lan saka ing kali-kali kang mili madu lan susu.

18Kudu mbalekake apa-apa kang wus kena ginayuh mulane ora nganti ngrasakake oleh-olehane iku; ora bisa ngenyam kauntungane anggone dedagangan.

19Mulane mangkono awit wus gawe sangsarane wong miskin, banjur ditinggal nglenthar; ngrampas omah kang banjur ora dibangun.

20Atine nyata-nyata ora tau tentrem, dheweke ora bakal bisa oncat kalawan nggawa raja-branane.

21Ora ana barang kang bisa oncat saka ing kamurkane, mulane kabegjane ora bisa lestari.

22Sanadyan sugih nganti luber-luber nanging atine kebak rasa kwatir; kasangsaran kang tumempuh nggegirisi banget.

23Kanggo ngiseni wetenge Gusti Allah ndhawahake bebendune kang mulad-mulad kang diudanake minangka pangane.

24Sanadyan bisa ngoncati gegaman wesi, nanging banjur kena tinembus ing panah tembaga.

25Panah mau kadudud lan metu saka ing gegere bedhoring panah katon gumilap metu saka ing rempelune. Wong mau banjur wedi banget.

26Pepeteng wus cumawis kanggo dheweke, kang nuli kamangsa ing geni, geni kang ora dinamonan kang iya banjur nglebur apa kang isih kari ana ing tarube.

27Pialane kabeber dening langit, sarta bumi tumuli gumregah nglawan marang dheweke.

28Oleh-olehane pambudidayane kang ana ing omahe padha diangkut nganti entek kabeh ing dina bebenduning Allah.

29Yaiku ganjaraning Allah marang wong duraka, panduman pusaka kang dijanjekake dening Allah marang wong mau.”


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Ayub 20 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel