Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Ayub 28 >> 

Manungsa ora bisa nemu kawicaksanan

1“Pancen ana papan pamelikan salaka lan papan panglimbangan emas.

2Wesi didhudhuk saka ing lemah sarta tembaga metu saka ing watu kang ingejer.

3Pepeteng diuwisi dening wong, nganti tekan teleng kang jero-jero anggone nliti watu-watu kang ana ing pepeteng lan ing palimengan.

4Wong kang padha ndhudhuk pamelikan iku adoh saka papan padunungane wong akeh, padha dilalekake dening wong kang padha lumaku ing dhuwur padha nggandhul geyang-geyong tanpa ancik-ancik adoh karo wong akeh.

5Bumi kang nuwuhake gandum, ngisore kawolak-walik kaya dening geni.

6Watune kadunungan watu manila kang isi mas ure.

7Dalane mrana ora kasumurupan ing manuk galak siji-sijia lan ora kaweruhan ing matane manuk bidho,

8ora kaambah ing kewan galak, lan iya ora ana singa kang liwat ing kono.

9Watu kelang uga ditandangi dening manungsa, gunung-gunung padha didhungkari tekan ing dhasare.

10Gunung parang padha diboboki digawe trowongan, mripate ndeleng samubarang kang adi.

11Rembesing kali-kali padha dibunteti lan apa kang sumimpen diwetokake marang ing pepadhang.

12Nanging kawicaksanan iku tinemune ana ing ngendi, lan ana ing ngendi dununge akalbudi?

13Manungsa ora sumurup marang ajine, sarta iku iya ora tinemu ing bumine wong urip.

14Calathune teleng: Aku ora kanggonan. Ujare sagara: Aku ora kadunungan.

15Ora kena diijoli ing emas murni, utawa diregani kalawan salaka.

16Ora kena diregani nganggo emas Ofir utawa nganggo sotya soham kang larang lan manila kang adi,

17ora kena ditandhing karo emas utawa kaca, utawa diijoli rerenggan emas murni.

18Giwang utawa kristal iku sapele yen katimbang karo iku. Ndarbeni kawicaksanan iku luwih becik tinimbang mutyara.

19Sotya cepaka saka ing tanah Etiopia iya ora bisa nandhingi; iya ora kena diajeni nganggo emas murni.

20Kawicaksanan iku saka ngendi asale, lan akal-budi iku ana ngendi panggonane?

21Iku sinamar tumrap mripate wong urip, malah uga sinamar tumrap manuk ing awang-awang.

22Kasusahan lan pati calathu: Kupingku mung krungu wartane bae.

23Gusti Allah kang mirsa dalan kang anjog marang kawicaksanan sarta nguningani dununge.

24Amarga paningale nyrambahi tekan ing pungkasane bumi, sarta mirsa apa kang ana ing sangisoring langit kabeh.

25Nalika Panjenengane netepake kakuwataning angin, lan nemtokake kehing banyu,

26nalika damel katetepan tumrap udan lan dalaning kilate gludhug,

27nalika iku Panjenengane nguningani kawicaksanan kang banjur kawartakake, katetepake, malah iya katiti-priksa;

28nanging marang manungsa pangandikane: Lah pangabekti marang Pangeran iku kawicaksanan sarta nyingkiri piala iku akal-budi.”


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Ayub 28 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel