Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Ayub 31 >> 

Ayub pratela sapisan maneh, yen ora duwe kaluputan

1“Aku wus gawe prajanjian kalawan mripatku, mulane mangsa yen aku ngantia mandeng marang prawan!

2Awit apa ta kang dadi ganjaran kang kapesthekake dening Gusti Allah saka ing ngaluhur, lan apa ta kang dadi panduman kang katetepake dening Kang Mahakwasa saka ing ngaluhur?

3Apa dudu bilai tumrap wong kang luput, lan kacilakan tumrap wong kang nindakake piala?

4Apa dudu Gusti Allah kang mirsani dalanku, lan kang ngetang sakehing jangkahku?

5Manawa aku tau srawungan karo ujar pagorohan utawa sikilku enggal-enggal marani kaculikan,

6muga aku ditimbanga ing traju kang tliti, ing kono Gusti Allah bakal uninga, manawa aku ora duwe kaluputan.

7Manawa lakuku nyimpang saka ing dalan, lan atiku nuruti pamandenging mripatku, sarta tanganku katemplekan ing rereged,

8apa kang daksebar cikben dipangan wong liya, lan apa kang thukul kanggo aku cikben dibedholi.

9Manawa atiku katarik marang wong wadon, sarta aku ngadhang ana ing lawanging pepadhaku,

10bojoku cikben nggilingake wong liya, lan cikben diajak turu wong liya.

11Awit iku tindak kang rusuh, malah iku piala kang pantes diukum dening hakim.

12Iku sanyatane geni kang memangsa nganti entek, sarta nggesengake kabeh pametuku.

13Manawa aku tau ora mikir marang hake baturku lanang utawa wadon, nalika prakaran karo aku,

14apa daya-kakuwatanku, manawa Gusti Allah banjur jumeneng, manawa Panjenengane nganakake papriksan, aku ngunjukake wangsulan kapriye?

15Apa dudu Panjenengane kang nitahake aku ana ing guwa-garba, lan kang uga nitahake wong mau? Rak mung siji ta kang nganakake aku kabeh ana ing guwa-garba?

16Manawa aku tau nduwa pepenginane para wong cilik, njalari mripating randha dadi bengep

17utawa panganku dakpangan dhewe, mangka anak yatim ora melu mangan

18-- malah kayadene bapa anggonku nggedhekake bocah mau, sarta anggonku nuntun wiwit ana ing guwa-garbane biyunge --

19manawa aku weruh wong mati marga tanpa sandhangan, utawa wong miskin kang ora duwe kemul,

20lan bangkekane ora njalukake berkah aku tuwin awake ora diangetake nganggo wuluning wedhusku;

21manawa aku tau ngagagake tanganku marang bocah lola, marga aku weruh wong kang mbiyantu aku ana ing saketheng,

22cikben balungku walikat kapisah saka ing bauku, sarta lengenku cikben kaputung saka ing ros-rosane.

23Amarga cilaka kang saka ing Allah ndadekake wediku, tuwin aku tanpa daya ana ing ngarsaning kaluhurane.

24Manawa kang dakpracaya iku emas lan aku calathu marang kencana: kowe kang dadi andel-andelku

25manawa aku bungah marga saka gedhening kasugihanku lan marga tanganku ngolehake raja-brana nganti akeh banget,

26manawa aku tau nyawang srengenge nalika sumorot, lan rembulan anggone lumaku kalawan kaendahan,

27satemah meneng-meneng atiku kenyut, lan banjur aweh cucupan tangan,

28iku uga dadi duraka kang pantes diukum dening hakim, amarga aku nyelaku Gusti Allah kang ana ing ngaluhur.

29Manawa aku tau bungah marga satruku kacilakan, lan surak-surak, manawa dheweke katempuh ing kasangsaran --

30aku ora bakal ngolehake cangkemku gawe dosa, mujekake matine kalawan sumpah --

31Manawa wong-wong ing tarubku ora muni: Sapa kang ora wareg marga saka lelawuhane --

32malah sanadyan wong manca ora tau ana kang nginep ing jaba, lawangku padha kawengakake kanggo wong lelungan! --

33Manawa aku nutupi panerakku kayadene Rama Adam, kalawan ndhelikake kaluputanku ana ing sajroning atiku,

34awit aku pakewuh marang masarakat lan wedi marang panacade sanak-sadulur, satemah aku banjur meneng bae lan ora metu saka ing lawang!

35Ah, bok ana kang ngrungokake aku ya! -- ya iki tandha-tanganku! Kang Mahakwasa muga karsaa paring wangsulan marang aku! -- Lan bok iya ana layang pandakwa kang katulis dening lawananku!

36Temenan, layang iku bakal dakpanggul lan dakanggo kayadene makutha.

37Kabeh jangkahku bakal dakuningakake marang Panjenengane, aku bakal seba marang ing ngarsane kayadene raja.

38Manawa pategalanku sesambat marga saka aku, lan singkalane padha nangis,

39manawa aku mangan pametune nganti entek tanpa bayaran lan gawe susahe para kang duwe,

40kang thukul muga dudu gandum nanging eri, lan dudu sair nanging alang-alang.” Tekan samono pangucape Ayub.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Ayub 31 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel