Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Ayub 4 >> 

Elifas nutuh Ayub

1Ing kono Elifas wong Teman mangsuli, pangucape:

2“Manawa ana wong nyoba guneman karo kowe, apa ndadekake gelaning atimu? Nanging sapa kang bisa ngampet pitutur?

3Lan wus akeh wong kang padha kokwulang, tangan kang jimpe wus kokkuwatake,

4wong kang kajengklok wus kokjejegake sarana pituturmu, dhengkul kang nyleyor wus kokkukuhake,

5mangka bareng kowe dhewe wiwit ginepok, kowe banjur ngenes, bareng ketaman, ruhara atimu.

6Rak pangabektimu marang Gusti Allah kang minangka andel-andelmu, lan katemenane lakumu kang dadi pangarep-arepmu?

7Rasakna ta: Ngendi ana wong resik kang nemu karusakan, utawa wong temen kang tinumpes?

8Sasumurupku wong kang mluku cilaka lan nyebar rubeda, iya iku uga kang diundhuh.

9Padha tumpes dening napasing Allah, lebur dening bantering bebendune.

10Singane nggero, singane nggereng, untune singa nom padha rampal.

11Singa tua mati marga kekurangan memangsan, sarta anake singa wadon padha buyar.

12Aku wus binisikan pitutur, tembung kang dibisikake iya wus tinampan dening kupingku,

13sajrone ngrasak-ngrasakake impen-impen ing wayah bengi, ing wektune wong kecandhak ing turu kepati,

14aku ketaman ing wedi lan geter, kang njalari balung-balungku gumeter.

15Nuli ana roh liwat ing ngarepku, temah wulune awakku mengkorog kabeh.

16Nalika mandheg ana ing ngarepku, aku ora bisa niteni rupane. Ana kang cumetha ing pandelengku, aku nuli krungu swara mbisiki mangkene:

17Apa manungsa bisa katon bener ana ing ngarsaning Allah, apa manungsa bisa katon suci ana ing ngarsane kang nitahake?

18Lah ta Gusti Allah ora pitados marang para abdine, malah sanadyan para malaekate iya kapirsan anggone kesasar,

19apa maneh para kang manggon ing omah lempung, kang tinalesan lebu, kang padha diidak-idak nganti mati kaya renget.

20Ing antarane esuk lan sore padha diidek-idek, lan tanpa rinasa padha sirna salawase.

21Apa tamparing tarube ora dipedhot? Padha mati nanging tanpa kawicaksanan.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Ayub 4 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel