Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Bilangan 21 >> 

Paprangan ing sacedhake Horma

1Kacarita raja ing nagara Arad, kalebu bangsa Kanaan kang manggon ing tanah Negeb, bareng ngrungu warta yen wong Israel padha teka saka ing dalan ing Abarim, nuli nempuh perang nglawan wong Israel, sarta oleh tawanan wong sawatara.

2Wong Israel banjur nglairake punagi marang Sang Yehuwah, unjuke: “Manawi bangsa punika sadaya Paduka ulungaken dhateng tangan kawula, kitha-kithanipun badhe sami kawula gempur dados jugrugan.”

3Pangeran Yehuwah nyembadani marang panyuwune Israel, wong Kanaan kelakon diulungake; wong-wonge dalah kutha-kuthane padha kasirnakake. Mulane panggonan iku dijenengake Horma.

Ula tembaga

4Sawuse mangkono banjur padha budhal saka ing gunung Hor, metu ing dalan penere sagara Teberau, arep ngubengi tanah Edom; ana ing dalan bangsa mau wus ora bisa sabar maneh,

5banjur nglawan marang Gusti Allah lan marang Nabi Musa, pangucape: “Kenging punapa kula kok sami panjenengan kesahaken saking tanah Mesir? Punapa supados kula sami pejah wonten ing pasamunan ngriki? Ing ngriki boten wonten roti lan boten wonten toya, mangka kula sampun sami bosen dhateng tetedhan ingkang boten wonten raosipun punika.”

6Pangeran Yehuwah tumuli ndhatengake ula mandi marang umat iku, kang banjur padha nyakoti wong akeh, temah panunggalane bangsa Israel akeh kang padha mati.

7Wong-wong banjur padha sowan marang ngarsane Nabi Musa sarta matur: “Kula sampun sami damel dosa, dene ngantos nglawan dhateng Pangeran Yehuwah saha dhateng panjenengan; panjenengan mugi karsaa ndedonga dhateng Sang Yehuwah, supados karsaa nyirnakaken sawer-sawer punika saking kula.”

8Nabi Musa nuli ndongakake umat iku, sarta Pangeran Yehuwah banjur ngandika marang Nabi Musa: “Sira gawea rerekan ula mandi, banjur kapanjera ing cagak; ing kono saben wong kang kacakot, mangka tumuli mandeng marang rerekan ula iku, bakal lestari urip.”

9Nabi Musa tumuli damel rerekan ula tembaga sarta kapanjer ing cagak; wasana saben wong kang kacakot ing ula, mangka banjur mandeng marang rerekan ula tembaga iku, iku lestari urip.

Lakune wong Israel tutug ing tanah Moab

10Wong Israel banjur padha budhal sarta leren ana ing Obot.

11Sawuse budhal saka ing Obot banjur padha nginep ing sacedhake jugrugan ing Abarim, ing pasamunan kang kaprenah ana ing sawetane tanah Moab.

12Nuli padha budhal saka ing kono, sarta lereb ana ing lebake kali Zered.

13Sawuse budhal saka ing kono, banjur padha nginep ana ing sabrange kali Arnon, kang ana ing pasamunan, sarta kang metu saka ing tlatahe bangsa Amori; dene kali Arnon iku dadi tapel-watese tanah Moab, kaprenah ana ing antarane bangsa Moab lan bangsa Amori.

14Mulane ing buku critane perange Pangeran Yehuwah dipratelakake: “Waheb ing Sufa lan lebak-lebake kali Arnon,

15sarta peperenge lebak-lebak; pepereng iku ambane nganti tekan ing papan prenahe kutha Ar, mepet karo tapel-watese tanah Moab.”

16Saka ing kono lakune menyang ing Beer, yaiku sumur kang kadhawuhake dening Yehuwah marang Nabi Musa mangkene: “Bangsa iku sira klumpukna, nuli bakal Sunparingi banyu.”

17Ing nalika iku wong Israel ngrepekake kidung kang surasane: “He, sumber, mumbula! Ayo padha kekidungan sesauran, marga saka sumur, kang kadhudhuk dening para raja iki,

18kang didhudhuk dening para panggedhe ana ing satengahe bangsa iku kalawan jungkating karajan, kalawan tekene.” Saka ing pasamunan banjur padha budhal menyang ing Matana;

19saka ing Matana menyang ing Nahaliel; saka ing Nahaliel menyang ing Bamot,

20lan saka ing Bamot menyang ing lebak, ing wewengkone tanah Moab, sandhing pucake gunung Pisga, kang ngadhepake Ara-ara Samun.

Perang karo Sang Prabu Sihon raja ing Hesybon

21Sawuse lelakon iku wong Israel nglakokake kongkonan marang ngarsane Sang Prabu Sihon, ratune bangsa Amori, prelu ngaturake panyuwunan mangkene:

22“Kawula mugi sami kalilana langkung ing nagari paduka, kawula badhe boten nyleweng dhateng pategilan utawi dhateng pakebonan anggur paduka, inggih boten badhe ngombe toyaning sumur paduka; namung margi ageng kemawon ingkang badhe kawula langkungi ngantos dumugi ing tapel-watesipun wewengkon paduka.”

23Nanging Sang Prabu Sihon ora nglilani wong Israel ngliwati wewengkone, malah banjur nglumpukake wadya-balane kabeh, lan methukake wong Israel menyang ing pasamunan; satekane ing Yahas banjur nempuh perang nglawan Israel.

24Nanging digecak dening wong Israel klawan landheping pedhang, sarta nagarane nuli diejegi, wiwit ing kali Arnon tutug ing kali Yabok, nganti tumeka ing tapel-watese tanahe bani Amon, amarga tapel-watese wilayahe wong bani Amon iku santosa.

25Wong Israel padha ngrebut sakehe kuthane, sarta padha ngenggoni kuthane bangsa Amori kabeh, yaiku ing Hesybon lan ing sawewengkone kabeh.

26Dene Hesybon iku kutha padalemane Sang Prabu Sihon, ratune bangsa Amori; Sang Prabu iku dhek biyen paprangan karo ratu ing Moab kang dhisik, sarta kelakon bisa ngrebat nagarane kabeh nganti tekan ing kali Arnon.

27Marga saka iku para juru ngarang kidung padha ngucap mangkene: “Padha maraa menyang Hesybon, nagarane Sang Prabu Sihon kabanguna lan kasantosakna!

28Sabab ana geni metu saka ing Hesybon, kutha padalemane Sang Prabu Sihon metu urube, kang mangsa Ar-Moab, kang ngwasani tengger-tengger ing saurute kali Arnon.

29Bilai sira Moab, sangsara sira, he bangsa Kamos! Anake lanang padha kadadekake wong keplayu, lan anake wadon padha dadi tawanane Sang Prabu Sihon ratune bangsa Amori.

30Wong-wong mau padha daktamani gegaman, Hesybon lebur nganti tekan ing Dhibon, lan kita dadekake pasamunan nganti tekan ing Naftali kang gumelar nganti tekan ing Medeba.”

Perang karo Sang Prabu Og ratu ing Basan

31Kaya mangkono iku wong Israel banjur padha ngenggoni nagarane bangsa Amori.

32Sawuse iku Nabi Musa tumuli utusan nelik marang kutha Yaezer, kutha-kutha wewengkone Yaezer padha karebut kabeh sarta wong Amori kang padha manggon ana ing kono padha ditundhungi.

33Sabanjure padha minger nglurug menyang ing tanah Basan. Sang Prabu Og ratu ing Basan banjur methukake kalawan wadya-balane njujug ing Edrei.

34Pangeran Yehuwah nuli ngandika marang Nabi Musa: “Sira aja wedi karo wong iku, marga iku Sunulungake ing tanganira dalah rakyate kabeh apadene nagarane. Kabeh iku sira etrapana kaya anggonira wus ngetrapi marang Sihon ratune wong Amori kang manggon ana ing Hesybon.”

35Sang Prabu Og mau tumuli disorake dalah putrane lan rakyate kabeh, nganti ora ana wonge siji bae kang bisa oncat, nagarane banjur diejegi.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Bilangan 21 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel