Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Daniel 3 >> 

Pawon murub

1Sang Prabu Nebukadnezar yasa reca kencana kang dhuwure sawidak asta lan ambane nem asta, kang diadegake ana ing lebak Dura ing wilayah Babil.

2Sang Prabu Nebukadnezar banjur nimbali nglumpuk para wakil-raja, para kang ngasta pangwasa, para bupati, para penasehating nagara, para juru gedhong, para hakim, para ahli hukum lan sakehe kepala daerah, kadhawuhan njenengi anggone ngresmekake reca kang wus diadegake dening Sang Prabu iku.

3Para wakil-raja, para kang ngasta pangwasa, para bupati, para penasehating nagara, para juru gedhong, para hakim, para ahli hukum lan sakehing kepala dhaerah padha nglumpuk prelu njenengi anggone ngresmekake reca kang wus kaadegake dening Sang Prabu Nebukadnezar mau.

4Nuli ana abdi duta kang nguwuh-uwuh kalawan swara sora: “Mangkene kang kadhawuhake marang sira kabeh, heh para bangsa, suku bangsa lan kang basane apa bae:

5samangsa sira padha krungu swaraning kalasangka, suling, clempung, rebab, gambus, slompret lan unen-unen liya-liyane, sira banjur padha nyembaha marang reca kang wus kaadegake dening Sang Prabu Nebukadnezar iku.

6Sing apa ora sujud nyembah, sanalika iku uga bakal kacemplungake ing pawon kang murub.”

7Mulane bareng sakehing bangsa padha krungu unining kalasangka, suling, clempung, rebab, gambus lan unen-unen warna-warna, wong-wong saka sakehing bangsa, suku bangsa lan basa, banjur padha sujud lan nyembah marang reca kencana kang wus kaadegake dening Sang Prabu Nebukadnezar iku.

8Ing nalika iku uga ana wong Kasdim sawatara kang padha nggugat wong Yahudi.

9Iku padha munjuk marang Sang Prabu Nebukadnezar: “Dhuh Sang Prabu, mugi langgenga kasugenganipun gusti kawula!

10Gusti kawula Sang Prabu sampun ngundhangaken dhawuh, bilih saben tiyang ingkang mireng ungelipun kalasangka, suling, clempung, rebab, gambus, slompret tuwin ungel-ungelan warna-warni, kedah sujud nyembah dhateng reca kencana punika,

11saha bilih sinten ingkang boten sujud nyembah, badhe kacemplungaken ing pawon ingkang murub.

12Wonten tiyang Yahudi sawatawis, ingkang sampun pinasrahan paprentahan ing wilayah Babil dening gusti kawula, inggih punika Sadrakh, Mesakh tuwin Abednego, tiyang punika boten sami mreduli dhateng dhawuhipun gusti kawula, dhuh Sang Prabu: sami boten memuja dhateng dewanipun gusti kawula saha sami boten nyembah dhateng reca kencana, ingkang sampun kaadegaken dening gusti kawula.”

13Ing kono Sang Prabu Nebukadnezar kalawan duka lan bendu dhawuh, supaya Sang Sadrakh, Sang Mesakh lan Sang Abednego disowanake. Bareng wus padha sowan ing ngarsane Sang Prabu,

14Sang Prabu Nebukadnezar ngandika: “Apa bener, he Sadrakh, Mesakh lan Abednego, yen sira ora padha memuja marang dewaningsun lan ora nyembah marang reca emas kang ingsun adegake iku?

15Ing saikine, manawa sira padha saguh, samangsa sira padha krungu unining kalasangka, suling, clempung, rebab, gambus, slompret lan unen-unen warna-warna, sira padha sujuda marang reca kang ingsun yasa iku! Nanging manawa sira ora padha nyembah, padha sanalika sira bakal kacemplungake ing pawon kang murub. Manawa mangkono dewa ngendi kang bisa ngluwari sira saka ing astaningsun?”

16Sang Sadrakh, Sang Mesakh lan Sang Abednego banjur munjuk marang Sang Prabu Nebukadnezar: “Boten wonten ginanipun abdi dalem kawula sami ngunjukaken wangsulan ing bab punika dhumateng gusti kawula.

17Bokbilih Allah kawula, ingkang sami kawula pepuja sagah ngluwari kawula sadaya, kawula inggih sami badhe kaluwaran dening Panjenenganipun saking pawon murub punika, saha saking asta dalem, dhuh Sang Prabu;

18nanging saupami boten, gusti kawula mugi karsaa nguningani, bilih kawula sami boten badhe memuja dhateng dewanipun gusti kawula, saha boten badhe nyembah dhateng reca kencana ingkang kaadegaken dening gusti kawula punika.”

19Ing kono Sang Prabu Nebukadnezar luwih dening banget bendune sarta santun pasuryane tumrap Sang Sadrakh, Sang Mesakh lan Sang Abednego; banjur dhawuh, supaya panasing pawon katikelake pitu katimbang karo kang lumrah,

20sarta dhawuh marang wong kang rosa sawatara saka ing antarane wadya-bala dalem supaya Sang Sadrakh, Sang Mesakh lan Sang Abednego kabanda lan kacemplungake ing pawon kang murub iku.

21Katelune nuli kabanda, kalawan jubahe, clanane, topine lan pangagemane liyane, banjur kacemplungake ing pawon kang murub.

22Marga saka wantering dhawuh dalem Sang Prabu, pawon mau dipanasake luwih dening banget, nganti wong-wong kang padha ngangkat ngunggahake Sang Sadrakh, Sang Mesakh lan Sang Abednego iku padha kobong lan padha mati.

23Nanging katelune yaiku Sang Sadrakh, Sang Mesakh lan Sang Abednego, padha dhawah sajroning pawon murub mau kalawan bebandan.

24Sawise mangkono Sang Prabu Nebukadnezar kejot lan sanalika banjur jumeneng sarta ngandika marang para mentrine: “Kang kita cemplungake ing geni kalawan bebandan rak telu, ta?” Unjuk wangsulane para priyagung mau marang Sang Prabu: “Inggih leres, dhuh Sang Prabu!”

25Pangandikane: “Nanging ingsun mirsa wong papat kang lumaku kalawan kapenak ana ing satengahe geni; ora padha ketaton, dene kang kapate iku rupane kaya putraning dewa!”

26Sang Prabu Nebukadnezar banjur nyelaki lawanganing pawon kang murub iku sarta medhar sabda, pangandikane: “Sadrakh, Mesakh lan Abednego, para abdining Allah kang mahaluhur, metua lan mrenea!” Sang Sadrakh, Sang Mesakh lan Sang Abednego nuli miyos saka ing geni mau.

27Para wakil-raja, para kang ngasta pangwasa, para bupati lan para mentrining Sang Prabu padha nglempak sarta padha nguningani, yen sarirane priyagung iku padha ora mempan ing geni iku tuwin rema ing mastakane ora geseng, ageme jubah ora apa-apa, malah mambet geni bae padha ora.

28Sang Prabu Nebukadnezar ngandika: “Pinujia Allahe Sadrakh, Mesakh lan Abednego! Panjenengane wus ngutus malaekate lan ngluwari abdi-abdine, kang padha kumandel marang Panjenengane tuwin nerak pangandikaning ratu sarta kang masrahake badane, marga padha ora gelem memuja lan nyembah sadhengah allah kejaba Allahe.

29Mulane Ingsun ngundhangake dhawuh: saben wong panunggalane bangsa, suku bangsa utawa kang basane apa bae, kang nglairake pangala-ala marang Allahe Sadrakh, Mesakh lan Abednego, iku bakal katengkel-tengkel sarta omahe bakal karubuhake kadadekake pawuhan, amarga ora ana allah liyane kang bisa ngluwari mangkono iku.”

30Sang Prabu banjur paring kalenggahan kang dhuwur marang Sang Sadrakh, Sang Mesakh lan Sang Abednego ana ing wilayah Babil.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Daniel 3 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel