Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Hakim-hakim 8 >> 

1Wong Efraim nuli padha matur marang Sang Gidheon: “Pandamel panjenengan dhumateng kula punika kados pundi? Dene nalika panjenengan tindak badhe mangsah perang nglawan tiyang Midian, kula kok boten sami panjenengan timbali?” Banget-banget anggone padha melehake.

2Paring wangsulane Sang Gidheon marang wong mau: “Kang daktindakake iki apa ta manawa katandhing karo panggawemu iku? Pangasage Efraim iku rak ngungkuli panene anggur trah Abiezer?

3Dene Gusti Allah wus ngulungake ratune wong Midian, yaiku Oreb lan Zeeb marang ing tanganmu; apa kang wus daktindakake iku apa ta, yen katandhing karo panggawemu iku?” Bareng Sang Gidheon ngandika mangkono, tumuli lilih nepsune wong mau marang panjenengane.

Wong Midian disorake, para ratune padha disedani

4Sarawuhe Sang Gidheon ing bengawan Yarden, banjur nyabrang kadherekake bala telung atus mau, sanadyan isih padha sayah, ewadene iya isih padha ngoyak.

5Wong ing Sukot tumuli padha dipangandikani: “Wong kang padha melu aku iku mbok padha kokwenehi roti sawatara, awit wis padha sayah, aku lagi padha ngoyak-oyak Zebah lan Salmuna, ratune wong Midian.”

6Nanging para panggedhe ing Sukot padha matur: “Zebah lan Salmuna punapa sampun karegem ing asta panjenengan, dene kula kok sami kadhawuhan nyukani roti dhateng wadya-bala panjenengan punika?

7Pangandikane Sang Gidheon: “Yen mangkono manawa Sang Yehuwah ngulungake Zebah lan Salmuna marang ing tanganku, awakmu bakal daksapu klawan eri pasamunan lan rerungkudan.”

8Tumuli nglajengake tindake tutug ing Pnuel, lan wong ing kono uga didhawuhi kaya mangkono, nanging wong ing Pnuel iku iya mangsuli kaya kang dadi wangsulane wong ing Sukot mau.

9Wong Pnuel banjur dipangandikani uga: “Manawa aku bali slamet, menara iki bakal dakrubuhake.”

10Nalika samana Prabu Zebah lan Prabu Salmuna iku padha ana ing Karkor kanthi balane watara limalas ewu, yaiku kekarening balane wong ing tanah wetan kabeh, dene kang wus padha tiwas satus rong puluh ewu kang padha asikep gegaman pedhang.

11Sang Gidheon tumuli nglurug ngliwati jajahane wong kang padha manggon ana ing kemah, ing sawetane Nobah lan Yogbeha, banjur nggepuk wadya-bala iki, nalika wong-wong iku ngira wus padha slamet.

12Prabu Zebah lan Prabu Salmuna padha keplajeng, nanging banjur dioyak, wekasan ratune wong Midian sakarone: Prabu Zebah lan Prabu Salmuna padha kapikut sarta balane dibuyarake.

13Sawuse mangkono Sang Gidheon bin Yoas wangsul saka ing peperangan, tindake nglangkungi unggah-unggahan Heres;

14ana bocah lanang pendhudhuking Sukot kang dicekel. Sawise didangu, nuli kadhawuhan nyatheti asmane para panggedhe ing Sukot lan para tuwa-tuwane kagem Sang Gidheon, kehe wong pitung puluh pitu.

15Sang Gidheon banjur murugi wong ing Sukot, sarta ngandika: “Iki lho Zebah lan Salmuna, kang padha kokkandhakake kanthi pemada marang aku: Zebah lan Salmuna punapa sampun karegem ing asta panjenengan, dene kula kok sami kapurih nyukani roti dhateng para tiyang panjenengan ingkang sayah punika?”

16Para tuwa-tuwane kutha tumuli padha diklumpukake banjur mundhut eri ara-ara samun lan rerungkudan, kagawe ngapokake wong ing Sukot.

17Karomaneh menara ing Pnuel dirubuhake lan wong ing kutha kono padha dipateni.

18Sawuse iku Sang Gidheon tumuli ngandika marang Prabu Zebah lan Prabu Salmuna: “Wonten ing pundi tiyang-tiyang ingkang sami panjenengan pejahi wonten ing redi Tabor?” Wangsulane: “Warninipun kados panjenengan, tindak-tandukipun kados putraning ratu.”

19Pangandikane sang Gidheon: “Punika sami sadherek kula, anakipun biyung kula; demi Sang Yehuwah ingkang gesang, saupami punika sami panjenengan gesangi, panjenengan mesthi boten kula pejahi.”

20Tumuli dhawuh marang Sang Yeter, putra pambajeng: “Ngadega, patenana?” Nanging wong anom iku ora ngunus pedhange, amarga wedi, amarga isih enom.

21Prabu Zebah lan Prabu Salmuna tumuli padha ngandika: “Sumangga panjenengan piyambak jumenenga nempuh dhumateng kawula, amargi kadosdene tiyangipun, makaten ugi karosanipun.” Sang Gidheon banjur jumeneng lan nyedani Prabu Zebah lan Prabu Salmuna, tumuli mundhuti kalung-kalung rembulanan kang ana ing guluning unta-untane.

Pandamele Sang Gidheon sabanjure lan wekasaning sugenge

22Sawuse mangkono wong Israel banjur padha matur marang Sang gidheon: “Panjenengan mugi karsaa ngasta paprentahan mangagengi kula, inggih panjenegan, inggih putra-wayah panjenengan, amargi panjenengan ingkang ngluwari kula saking tanganipun tiyang Midian.”

23Paring wangsulane Sang Gidheon marang wong-wong mau: ‘,Aku ora bakal ngereh kowe, lan anakku uga ora, nanging Pangeran yehuwah kang ngereh kowe kabeh.”

24Sarta maneh pangandikane Sang Gidheon: “Mung saprakara kang dadi panjalukku marang kowe kabeh: sawiji-wijining panunggalanmu ngwenehana aku anting-anting, saka ing jarahane.” -- Amarga mungsuhe mau padha nganggo anting-anting, jer iku padha wong Ismael --

25Atur wangsulane wong-wong mau: “Sumangga kula aturaken kanthi legawaning manah.” Banjur padha njereng jarit sarta siji-sijinel padha nguncalake anting-anting saka ing jarahane marang ing jarit iku.

26Dene bobote anting-anting mas kang dipundhut Sang Gidheon iku sewu pitung atus sekel, durung kapetung kang arupa rembulanan, rerenggan kuping tuwin jarit wungu nom tilas pangagemane para ratune wong Midian, apadene kalung-kalung kang ana ing guluning unta-untane.

27Mas mau tumuli ditanjakake Gidheon kanggo gawe efod, kang banjur diprenahake ana ing kuthane, ing Ofra. Wong Israel kabeh banjur padha tumindak sedheng klawan nyembah efod mau ana ing kono, sarta iku dadi kalajiret tumrap Sang Gidheon dalah saisining daleme.

28Kaya mangkono mau wong Midian anggone padha teluk marang wong israel sarta padha ora bisa ndengengek maneh; nagarane tumuli tentrem ing jamane Sang Gidheon, lawase patang puluh taun.

29Sang Yerubaal bin Yoas tumuli tindak sarta manggen ana ing daleme piyambak.

30sang Gidheon iku kagungan putra kakung pitung puluh, iku putrane piyambak kabeh, amarga garwane akeh.

31Garwane ampil kang ana ing Sikhem iya mbabar putra kakung patutan karo panjenengane, iku diparingi asma Abimelekh.

32Sang Gidheon banjur seda, nalika remane wus uwanen, sarta disarekake ana ing pasareane kang rama: Yoas, ing Ofra, kuthane wong Abiezer.

33Sasedane Sang Gidheon wong Israel padha laku sedheng maneh nyembah para Baal lang nganggep Baal-Berit dadi allahe.

34Wong Israel padhal ora eling marang Sang Yehuwah, gusti Allahe, kang wus ngluwari saka ing pamengkune sakehing mungsuhe ing sakubenge.

35Karodene iya padha ora males becik marang tedhake Sang Yerubaal-Gidheon kang timbang karo sakehing kabecikane kang wus katandukake marang wong Israel.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Hakim-hakim 8 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel