Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Hosea 8 >> 

Rusake Israel iku wohing durakane

1Ngunekna kalasangka! Ana kang nempuh padalemane Pangeran Yehuwah kaya manuk garudha; mulane mangkono awit wong-wong iku wus padha mbubrah prajanjianingSun, lan mbangkang marang angger-anggeringSun.

2Padha sesambat marang Ingsun: “Dhuh Allah kawula, kawula, bangsa Israel tepang kaliyan Paduka!”

3Israel wus mbuwang kang becik, mulane kareben kaburu dening mungsuh!

4Wus padha ngadegake ratu, nanging ora kanthi sarujukingSun. Padha ngadegake panggedhe, nanging ora kanthi kauningakake marang Ingsun. Emas lan salakane dianggo gawe brahala-brahala kanggo awake dhewe, mulane padha kasirnakake.

5He Samaria, pedhetira Suntampik, bebenduningSun mulad-mulad marang wong-wong iku! Nganti pira lawase anggone ora bisa padha nucekake awake

6wong-wong Israel iku? Iku tukang kang gawe, sarta iku dudu Allah! Lah pedhet Samaria iku bakal ajur dadi sawalang-walang.

7Sarehne padha nyebar angin, mulane bakal ngeneni prahara; gandume ora biwa tuwa, ora metu glepunge; dene yen ana kang bisa metu, iku mesthi dientekake dening bangsa liya.

8Israel wus diuntal; saiki padha ana ing antarane bangsa-bangsa kayadene barang tampikan.

9Wus padha lunga menyang Asyur prasasat kuldi alas kang ndhewe. Efraim wus ngedum-edum opahing bebdhangan.

10Sanadyan padha ngedum-edum opah iku ana ing antarane bangsa-bangsa, ewasamono saiki Ingsun bakal nglumpukake wong-wong iku, temah sadhela engkas bakal padha leren anggone njebadi raja lan para panggedhe.

11Lah Efraim wus ngakehake misbyah, misbyah-misbyah iku njalari banjur padha nindakake dosa.

12Sanadyan Sunseratake piwulangingSun pirang-pirang, nanging iku padha dianggep prakara kang kanggo wong manca.

13Padha seneng saos kurban sembelehan, padha saos daging lan padha mangan iku; nanging iku ora ndadekake keparenge Pangeran Yehuwah. Saiki panerake bakal diengeti, lan dosane bakal kaukum. Wong-wong mau kudu padha bali menyang Mesir!

14Israel wus nglalekake Kang nitahake, lan wus ngadegake kraton-kraton; Yehuda wus ngakehake kutha-kutha kang santosa, nanging Ingsun bakal ndhawahake geni ing kutha-kuthane, kang mangsa kadhaton nganti ludhes.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Hosea 8 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel