Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Ibrani 11 >> 

Para seksine pracaya

1Pracaya iku dhasaring samubarang kang kita arep-arep sarta cihnaning samubarang kang ora katon.

2Awit iya marga saka pracaya iku para leluhur kita wus kaparingan paseksen.

3Marga saka pracaya kita sumurup, manawa alam jembar iki wus katitahake dening sabdane Gusti Allah, temahan samubarang kang kita deleng iku wus tumitah saka kang ora bisa kita deleng.

4Marga saka pracaya Habel wus nyaosake kurban marang Gusti Allah kang luwih becik katimbang kurbane Kain. Marga saka iku banjur kaseksenan manawa wong bener, amarga pisungsunge ndadekake keparenge Gusti Allah sarta jalaran saka pracaya isih bisa ngucap sawise mati.

5Marga saka pracaya Henokh kapulung, supaya ora ngalami mati, sarta ora ketemu, jalaran wus kapulung dening Gusti Allah. Awit sadurunge kapulung, wus kaseksenan manawa ndadekake keparenging Allah.

6Nanging manawa tanpa pracaya mokal yen ndadekake keparenging Allah. Jalaran sing sapa sowan marang ngarsane Gusti Allah iku kudu pracaya manawa Gusti Allah iku ana, sarta maringi ganjaran marang wong kang padha temen-temen ngupaya marang Panjenengane.

7Marga saka pracaya Rama Nuh -- kalawan pitedahing Allah bab prakara kang durung kauningan -- kanthi setya damel prau kanggo nylametake kulawargane; lan marga saka pracaya iku panjenengane ngadili jagad lan kapesthekake tampi kabeneran, laras kalawan pracayane.

8Marga saka pracaya Rama Abraham mbangun-turut, nalika katimbalan supaya bidhal menyang ing panggonan kang bakal ditampeni dadi pusakane, banjur bidhal mangka ora mirsa ing ngendi papan kang bakal kajujug.

9Marga saka pracaya iku panjenengane manggen ing tanah kang kaprasetyakake kaya-kaya ana ing tanah ngamanca sarta ana ing kono panjenengane dedalem ana ing tarub karo Iskak lan Yakub, kang padha ndherek dadi ahli warise tunggal prasetya iku.

10Jalaran panjenengane ngantos-antos kutha kang atetales, kang karancang sarta kayasa dening Gusti Allah.

11Marga saka pracaya, dalah Ibu Sara kaparingan kakiyatan nedhakake putra-wayah, sanadyan wus lungse ing yuswa; amarga ngugemi manawa kang maringi prasetya iku setya.

12Iya iku jalarane, dene saka wong siji, tur prasasat wong kang wus mati, sumebar tedhak turune, kaya lintang ing langit sarta kaya wedhi ing pinggir sagara kang tanpa wilangan cacahe.

13Iku mau kabeh sedane sajroning pracaya, durung nganti nampani apa kang kaprasetyakake, mung mirsani saka kadohan lan ngawe-awe saka kadohan, sarta padha ngaken manawa dadi wong manca sarta wong neneka ana ing bumi iki.

14Jalaran wong kang ngucap mangkono iku nelakake, manawa padha kapengin ngupaya tanah wutah rah.

15Mangka saupama padha ngengetana ing tanah wutah rah kang wus tinilar, padha kagungan wektu kang omber kanggo kondur.

16Nanging saiki padha kapengin marang tanah wutah rah kang luwih becik, yaiku tanah wutah rah kaswargan. Mulane Gusti Allah ora lingsem sinebut Gusti Allahe, marga Panjenengane wus nyadhiyani kutha.

17Marga saka pracaya Rama Abraham nalika kacoba, ngurbanake Iskak. Panjenengane, kang wus kaparingan prasetya, lila ngurbanake putrane ontang-anting,

18sanadyan marang panjenengane wus kapangandikakake: “Trah kang saka Iskak iku kang bakal kasebut turunira.”

19Jalaran panjenengane manggalih, manawa Gusti Allah kuwaos nangekake wong, sanadyan saka ing antarane wong mati. Sarta prasasat saka ing kono anggone nampeni wangsul putrane.

20Marga saka pracaya Rama Iskak anggone mberkahi marang Yakub sarta Esau kanthi mirsani kang bakal kalakon.

21Marga saka pracaya Rama Yakub, nalika ndungkap bakal sedane, mberkahi putrane Sang Yusuf sakarone, banjur sujud kanthi tumungkul in bongkoting lantarane.

22Marga saka pracaya Sang Adipati Yusuf nalika ndungkap ing sedane martakake bab bakal budhale Banisrael sarta paring piweling bab layone.

23Marga saka pracaya Nabi Musa, sawiyose, diumpetake dening rama-ibune lawase telung sasi, amarga padha nguni-ngani, manawa bayi iku bagus rupane sarta ora wedi marang prentahe Sang Prabu.

24Marga saka pracaya Nabi Musa nalika wus diwasa ora karsa sinebut putrane Sang Prabu Pringon,

25jalaran panjenengane milaur nandhang sangsara karo umate Gusti Allah, katimbang karo ngraosake kamuktening dosa sawatara mangsa

26sarta nganggep, manawa karemehake amarga saka Sang Kristus iku kasugihan kang luwih gedhe tinimbang karo sakehing rajabranane tanah Mesir, awit kang ditenga iku kanugrahan.

27Marga saka pracaya mulane banjur nilar tanah Mesir, ora ajrih marang dukane Sang Prabu, awit tansah mantep mbetahake prasasat mirsani apa kang ora katon.

28Marga saka pracaya panjenengane mranata Paskah sarta pangepyuring getih, supaya anak-anak pambarep aja nganti kagepok dening kang nenumpes.

29Marga saka pracaya wong-wong iku padha ngliwati Sagara Abang kaya lumaku ing dharatan, mangka wong-wong Mesir padha klelep, nalika padha nyoba mangkono uga.

30Marga saka pracaya baluwartine kutha Yerikho padha jugrug, sawise diubengi pitung dina lawase.

31Marga saka pracaya Rakhab, wong wadon tuna-susila, ora katut katumpes bareng karo wong-wong duraka, amarga wus nampani para telik iku kalawan becik.

32Sarta apa maneh sing kudu dakpratelakake? Jalaran aku bakal kakurangan wektu, manawa aku arep nyritakake bab Hakim Gidheon, Barak, Simson, Yefta, Sang Prabu Dawud lan Nabi Samuel sarta para nabi,

33kang marga saka pracaya wus nelukake nagara-nagara, nindakake pangadilan, nampani apa kang wis kaprasetyakake, mbungkem cangkeme singa-singa,

34nyirep geni kang mulad-mulad. Wong iku padha oncat saka landhepe pedhang, wus tampa kakuwatan sajrone nandhang apes, wus padha dadi santosa ing sajroning paprangan sarta wus ngundurake wadyabalaning mungsuh.

35Para ibu nampani maneh wong-wonge sing wis mati, jalaran padha ditangekake. Nanging wong-wong liyane padha milaur dipilara sarta ora gelem diluwari, supaya padha tampa patangen kang luwih becik.

36Ana maneh kang dipoyoki sarta disapu, malah ana kang dibanda sarta dikunjara.

37Padha dibenturi watu, digraji, dipateni kalawan pedhang; wong-wong iku padha nglembara kalawan manganggo lulang wedhus gembel lan lulang wedhus jawa, padha kacingkrangan, disangsara sarta dikaniaya.

38Donya iki ora pantes tumrap wong-wong iku. Padha nglambrang ana ing pasamunan sarta ing pagunungan, sajroning guwa-guwa sarta ing luweng-luwenging bumi.

39Sarta wong iku kabeh padha ora tampa apa kang kaprasetyakake iku, sanadyan pracayane wus aweh paseksen kang becik tumrap wong-wong iku.

40Jalaran Gusti Allah wus nyadhiyani kang luwih becik tumrap kita; tanpa kita wong-wong iku ora bisa tumeka ing kasampurnan.


  Share Facebook  |  Share Twitter

Download Audio MP3 (Ibrani 11):
Mobile (Low Quality) - CD (High Quality)

 <<  Ibrani 11 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel