Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Imamat 6 >> 

1Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa:

2“Saupama ana wong kang gawe dosa lan ora setya marang Sang Yehuwah, sarta selak marang pepadhane bab barang titipane, utawa barang cekelan, ngrampas barang utawa ngebeki baranging liyan kanthi sawenang-wenang,

3utawa manawa nemu barang kang ilang, mangka selak lan supata goroh bab prakara apa bae kang dilakoni, temah dadi nandhang dosa,

4manawa marga saka kang mangkono iku dadi gawe dosa lan kaluputan, wong iku nuli mbalekna barange kang wus karampas utawa kang wus diebeki utawa kang katitipake, apadene barang anggone nemu mau,

5utawa sadhengah apa kang wus diselaki klawan supata goroh, iku mbalekna sageneping pangajine dipunjuli spralimane, diwenehna marang kang duwe, ing dinane anggone nyaosake kurban dhendha,

6minangka kurban panebusing kaluputane nyaosna marang Pangeran Yehuwah arupa wedhus gibas lanang kang tanpa cacad saka ing pepanthane, kang wus dimurwat pangajine, diladekna marang imam kanggo kurban dhendha.

7Imam banjur ngolehna pirukun wong mau ana ing ngarsane Sang Yehuwah, temah bakal oleh pangapura tumrap sadhengah prakara kang wus dilakoni kang njalari kaluputane.”

Bab kurban obaran

8Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa mangkene:

9“Harun lan anak-anake iku sira dhawuhana mangkene: Iki pranatan bab kurban obaran. Kurban obaran iku kudu tansah tumumpang ing geni ing misbyah sawengi muput nganti tekan esuk, genine kajagaa supaya tansah murub.

10Imam banjur manganggoa klambine lena, lan sruwale lena kanggo nutupi kawirangane. Sawuse kurban obaran iku kobong kabeh, nuli ngukupa awu kang ana ing misbyah, kabuwanga ana ing sandhing misbyah.

11Sawuse mangkono banjur cucula sandhangane lan salina sandhangan liyane, awune mau nuli digawaa menyang ing sajabane pakuwon ing panggonan kang ora ana najise.

12Geni ing misbyah dijagaa supaya terus murub, aja nganti mati. Saben esuk imam kudu nyugokake kayu ing genine misbyah, lan nata kurban obaran ing kayu mau, apadene ngobong sakehe gajihe kurban slametan ana ing kono.

13Genine kudu tansah dijaga supaya tetep murub ana ing misbyah, aja nganti mati.”

Bab kurban dhaharan

14“Iku pranatan bab kurban dhaharan. Anak-anake Harun nyaosna iku marang ing ngarsane Pangeran Yehuwah ing sangarepe misbyah,

15nuli anaa siji kang njupuk kurban dhaharan sagegem karo lengane, lan sakehe menyan kang tumumpang ing kurban dhaharan, iku kabeh banjur diobonga ana ing misbyah, satemah gandane ngremenake minangka pangenget-enget ana ing ngarsane Sang Yehuwah.

16Turahane mau kudu dipangan dening Harun lan anak-anake: iku kaolaha dadi roti tanpa ragi lan kapangana ana ing panggonan kang suci, ing platarane Tarub Pasewakan.

17Anggone ngolah aja nganggo ragi. Iku panduman peparingingSun saka kagunganingSun kurban sesaosan genenan, iku panduman suci pinunjul, padha kaya kurban pangruwating dosa lan kurban dhendha.

18Anake lanang Harun iku padha mangana, iku dadia pepancen tumrap sira kabeh kanggo ing salawase turun-tumurun saka kurban sesaosan genenan kagungane Sang Yehuwah. Sadhengah wong kang nggepok, iku dadi suci.”

19Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa:

20“Iki dadia kurbane Harun lan anak-anake, kang kudu disaosake marang Pangeran Yehuwah samangsa ana kang dijebadi; iku arupa glepung gandum pilihan saprasepuluh efa kagawe kurban dhaharan ajegan, separo ing wayah esuk, separo ing wayah sore.

21Pangolahe ana ing panggangan nganggo lenga, sawuse kaublek sira ladekna kanggo kurban dhaharan, sawuse kapanggang klawan ditugel-tugel minangka ganda kang ngremenake kagem Pangeran Yehuwah.

22Lan imam panunggalane anak-anake kang kajebadan nggenteni iku iya nindakna kaya mangkono, iku dadia pranatan kanggo ing salawase. Kabeh kaobonga konjuk marang Pangeran Yehuwah.

23Saben kurban dhaharan sesaosane imam iku kaobonga kabeh, ora kelilan dipangan.”

Bab kurban pangruwating dosa

24Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa mangkene:

25“Harun lan para anake iku padha sira dhawuhana, wirasane: Iki pranatan bab kurban pangruwating dosa. Anggone nyembeleh kurban pangruwating dosa iku ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah ana ing panggonan nyembeleh kurban obaran. Iku kurban kang suci pinunjul.

26Imam kang nyaosake kurban pangruwating dosa iku kang kudu mangan; pamangane ana ing panggonan kang suci, ing platarane Tarub Pasewakan.

27Saben wong kang nggepok daginge kurban iku dadi suci lan saupama getihe ana kang nyiprat ngenani sandhangan, iku sira kumbaha ana ing panggonan kang suci.

28Kuwali kang kanggo ngolah kurban iku, karemuka, dene manawa pangolahe ana ing kenceng tembaga, iku kagosoka lan kaisahana.

29Saben wong lanang panunggalane para imam iku mangana, iku kurban kang suci pinunjul.

30Nanging saben kurban pangruwating dosa, kang getihe ana kang kagawa lumebu menyang ing Tarub Pasewakan, kanggo nganakake karukunan ana ing sajrone pasucen, iku poma aja sira pangan, iku diobonga nganti entek.”


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Imamat 6 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel