Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Kejadian 21 >> 

Miyose Iskak

1Kacarita Sang Yehuwah nuweni marang Ibu Sara, kaya kang wus dipangandikakake lan Sang Yehuwah karsa nandukake marang Ibu Sara kaya kang wus diprasetyakake.

2Ibu Sara nggarbini sarta mbabar putra kakung patutan saka Rama Abraham nalika Rama Abraham wus sepuh, ing waktu kang wus ditetepake, cocog karo pangandikaning Allah marang panjenengane.

3Putrane kang mentas miyos, kang miyos saka Ibu Sara, iku diparingi asma Iskak dening Rama Abraham,

4sarta Rama Abraham banjur nyupiti kang putra Iskak, nalika yuswa wolung dina, ngetrepi dhawuhe Gusti Allah marang panjenengane.

5Rama Abraham yuswa satus taun nalika kang putra Iskak mau miyos.

6Ibu Sara banjur ngandika: “Gusti Allah damel aku gumuyu, sapa kang krungu bab iki, mesthi bakal gumuyu marga saka aku.”

7Sarta maneh pangandikane: “Dhek biyen sapa kang bisa ngandhani marang Rama Abraham: Sara nusoni anak? Ewadene aku wus nglairake anak lanang, nalika panjenengane wus sepuh.”

Ibu Hagar lan Ismael katundhung dening Rama Abraham

8Kacarita putra mau saya mundhak gedhe, banjur disapih. Rama Abraham nganakake pista gedhen nalika dina panyapihe Iskak mau.

9Nalika iku Ibu Sara mirsa putrane Ibu Hagar wong Mesir patutan karo Rama Abraham moyoki marang Iskak,

10banjur matur marang Rama Abraham: “Rencang tumbasan punika dalah anakipun panjenengan dhawuhi kesah saking ngriki, margi anakipun rencang tumbasan punika boten badhe tumut angsal warisan kaliyan anak kula Iskak.”

11Atur mangkono iku ndadekake renguning galihe Rama Abraham, marga saka kang putra.

12Nanging pangandikane Gusti Allah marang Rama Abraham: “Aja nganti dadi rengune atinira marga saka bocahe lan baturira; apa sapanjaluke Sara marang sira iku turutana, awitdene trah kang saka Iskak iku kang bakal kasebut turunira.

13Ewasamono anake baturira iku iya bakal Sudadekake bangsa gedhe, marga iku iya wijinira.”

14Esuke umun-umun Rama Abraham wungu, mundhut roti lan banyu saimpes diparingake marang Ibu Hagar katumpangake ing pundhake, mangkono uga si bocah, sawuse banjur didhawuhi lunga. Ibu Hagar tumuli mangkat, nanging lakune kesasar ana ing pasamunan Bersyeba.

15Bareng banyune ing impes wus entek, bocahe banjur diselehake ana ing sangisoring grumbulan.

16Ibu Hagar banjur menyat ndhewe sarta lungguh dohe watara sapamanah, pangunandikane mangkene: “Aku ora tegel ndeleng bocahe anggone arep mati.” Sawuse mapan lungguh, banjur ngulukake swarane lan nangis.

17Gusti Allah miyarsa sambate si bocah, Sang Malaekate Allah banjur nguwuh marang Ibu Hagar saka ing akasa, pangandikane: “Hagar, ana apa? Aja kuwatir, marga Gusti Allah wus miyarsakake pasambate si bocah ana ing panggonane ngglethak.

18Ngadega! Bocahe tangekna, tuntunen marga bakal Sundadekake bangsa gelengan gedhe.”

19Gusti Allah banjur mbikak mripate Ibu Hagar, satemah weruh ana belik, tumuli diparani lan impese diiseni banyu sarta bocahe diombeni.

20Anadene Gusti Allah nunggil karo si bocah, temahan saya mundhak gedhe lan pamanggone ana ing pasamunan dadi juru manah.

21Pamanggone ana ing pasamunan Paran, sarta digolekake sisihan dening ibune saka ing tanah Mesir.

Rama Abraham gawe prajanjian karo Sang Prabu Abimelekh

22Kacarita nalika samana Sang Prabu Abimelekh karo Sang Pikhol senapatine ngandika marang Rama Abraham, tembunge: “Gusti Allah sampun nunggil kaliyan panjenengan ing sadaya prakawis ingkang panjenengan tindakaken.

23Pramila ing sapunika sumangga kula aturi supaos dhateng kula demi Gusti Allah wonten ing ngriki, bilih panjenengan boten badhe nyidrani dadosa dhateng kula, utawi dhateng anak-anak kula saha tedhak-turun kula; panjenengan nandukna kasaenan dhateng kula saha dhateng nagari ingkang panjenengan dunungi kadosdene tamu punika, kados anggen kula sampun nandukaken kasaenan dhateng panjenengan.”

24Ature Rama Abraham: “Inggih kula supaos!”

25Nanging Rama Abraham nutuh marang Sang Prabu Abimelekh, prakara sumur kang direbut dening para abdine.

26Pangandikane Sang Prabu Abimelekh: “Kula boten sumerep, sinten ingkang tumindak makaten punika, saha panjenengan ugi boten paring sumerep dhateng kula, wartosipun kula saweg mireng dinten punika.”

27Rama Abraham banjur mundhut wedhus lan sapi diaturake Sang Prabu Abimelekh, sarta sakarone banjur pada damel prajanjian.

28Nanging Rama Abraham miyambakake cempe gembel wadon pitu saka panthan mau.

29Sang Prabu Abimelekh banjur ngandika marang Rama Abraham: “Cempe gembel pitu ingkang panjenengan piyambakaken punika, punapa pikajengipun?”

30Atur wangsulane Rama Abraham: “Cempe gembel pitu punika mugi panjenengan tampeni piyambak saking tangan kula, kangge pratandha bilih ingkang ndhudhuk sumur punika kula.”

31Mulane panggonan iku katelah aran Bersyeba, marga ana ing kono sakarone anggone padha sumpah.

32Sawuse damel prajanjian kaya mangkono mau ana ing Bersyeba, Sang Prabu Abimelekh banjur bidhal kadherekake Sang Pikhol senapatine, kondur menyang tanahe wong Filisti.

33Rama Abraham ana ing Bersyeba mau nanem wit tamariska, sarta ngluhurake asmane Sang Yehuwah Allah kang sipat langgeng.

34Rama Abraham anggone manggen neneka ana ing tanahe wong Filisti iku nganti antara lawas.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Kejadian 21 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel