Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Kejadian 6 >> 

Pialaning manungsa

1Kacarita nalika manungsa wus wiwit ngambra-ambra ana ing bumi lan padha duwe anak wadon,

2para putraning Allah bareng weruh anake wadon para manungsa iku padha ayu-ayu, temah padha ngalap somah marang iku, milih endi kang disenengi.

3Ing kono pangandikane Sang Yehuwah: “RohingSun ora bakal salawase tetunggalan karo manungsa, amarga mung awujud daging, mulane ing sabanjure umure mung bakal kari satus rong puluh taun.”

4Ing nalika samana ing bumi ana bangsa kang wong-wonge gedhe dhuwur; ing sapungkure iku iya ana, ing nalikane para putraning Allah padha awor karo anake wadon para manungsa sarta iku padha duwe anak, iya iku para wong kang gagah prakosa ing jaman kuna kang jenenge misuwur.

5Bareng Sang Yehuwah mirsa yen gedhe durakane para manungsa ana ing bumi, lan saobah-osiking atine sajege mung ala bae,

6ing kono Sang Yehuwah piduwung dene akarya manungsa ana ing bumi lan sekel galihe.

7Pangandikane Sang Yehuwah: “Manungsa kang wus Suntitahake iku bakal Sunsirnakake saka ing lumahe bumi, manungsa dalah kewan ingon-ingon, apadene kewan rumangkang, sarta manuk ing awang-awang pisan; sabab Ingsun piduwung anggoningSun karya.”

8Nanging Rama Nuh iku manggih sih ana ing pangayunane Sang Yehuwah.

Sejarahe Rama Nuh

9Iki sejarahe Rama Nuh. Rama Nuh iku wong mursid tanpa cacad ana ing antarane para barakane. Salampah tindake ana ing patunggilane Gusti Allah.

10Rama Nuh kagungan putra kakung telu: Sem, Kham lan Yafet.

11Anadene bumi iku ana ing ngarsane Gusti Allah katon wus rusak lan kebak panganiaya.

12Bareng Gusti Allah mirsani bumi, nyata-nyata yen iku wus rusak banget, awit sarupane titah wus padha mblasar lakune ana ing bumi.

13Gusti Allah tumuli ngandika marang Rama Nuh: “Ingsun wus mutus bakal mungkasi uripe makhluk kabeh, marga bumi wus padha dikebaki panganiaya; mulane bakal Sunsirnakake bareng karo bumi.

14Sira gawea prau kanggo sira, kang kagawe kayu gofir, panggawene sira singget-singgeta, sarta ing jaba lan jerone sira usara nganggo aspal kang kenthel.

15Dene anggonira gawe iku mangkene: dawane prau telung atus asta, ambane seket asta, dhuwure telung puluh asta.

16Praune sira wenehana cendhela mubeng, lete saasta saka payon, lawange prenahna ana ing awake prau. Anggonira gawe prau sungsun-sungsun, ngisor, tengah lan dhuwur.

17Awit dene Ingsun bakal nekakake banjir kang nglimputi bumi, kanggo nyirnakake sarupaning jinis kang urip lan kadunungan nyawa ing sangisore langit; sakabehe kang ana ing bumi bakal mati.

18Nanging karo sira Ingsun karsa damel prasetyaningSun, sira bakal lumebu ing prau iku, sira lan anak-anakira, somahira lan somahe anak-anakira.

19Apamaneh samubarang kang urip, sarupane makhluk, iku sira nggawaa mlebu ing prau sajodho-sajodho, supaya padha kapitulungana urip bareng karo sira; saben jinis lanang lan wadon.

20Sawernaning manuk lan kewan nusoni, apadene sawernaning kewan kang rumangkang nlosor lan gumremet ana ing bumi, iku saben jinis ana sajodho kang bakal nekani sira supaya kapitulungana urip.

21Sabanjure sira nglumpukna samubarang kang kena dipangan, kagawe tandhon kanggo panganira lan pakane kewan iku mau kabeh.”

22Rama Nuh tumuli nglampahi, ngestokake apa sadhawuhe Gusti Allah mau kabeh.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Kejadian 6 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel