Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Keluaran 20 >> 

Angger-angger sapuluh prakara

1Gusti Allah banjur ndhawuhake sakehe pangandika iki:

2“Ingsun iki Yehuwah Gusti Allahira, kang wus ngentasake sira saka ing tanah Mesir, ing tanah pangawulan.

3Sira aja nduweni allah liyane ana ing ngarsaningSun.

4Sira aja gawe reca utawa tetironing apa bae kang ana ing langit ndhuwur utawa ing bumi ngisor, apadene kang ana ing banyu sangisoring bumi.

5Sira aja sujud utawa ngabekti marang iku, awitdene Ingsun, Yehuwah Allahira, iki Allah kang sujanan, kang males kaluputane bapa marang anak-putune, turun ping telu lan ping pat tumrap wong kang padha sengit marang Ingsun,

6nanging kang nandukake sih palimirma marang wong pirang-pirang ewu, yaiku kang padha tresna marang Ingsun lan netepi pepakeningSun.

7Sira aja nyebut nyawiyah asmaning Yehuwah Gusti Allahira, awitdene Pangeran Yehuwah mesthi mastani luput marang sadhengah wong kang nyawiyah marang asmane.

8Sira elinga marang ing dina Sabat, sarta sira sucekna,

9nem dina sira nyambuta gawe lan nglakonana sapagaweanira kabeh,

10nanging dina kapitu iku Sabate Pangeran Yehuwah, Gusti Allahira; ing dina iku sira aja nyambut gawe, iya sira iya anakira lanang lan wadon, iya baturira lanang lan wadon, dalasan kewanira, apadene wong liya kang ana ing papan panggonanira.

11Awitdene sajrone nem dina anggone Pangeran Yehuwah nitahake langit lan bumi sagara lan saisine kabeh, sarta banjur kendel ing dina kapitu, mulane dina Sabat iku diberkahi lan disucekake dening Pangeran Yehuwah.

12Sira ngajenana bapa-biyungira, supaya didawakna umurira ana ing tanah peparinge Pangeran Yehuwah, Gusti Allahira marang sira.

13Sira aja memateni.

14Sira aja laku jina.

15Sira aja nyenyolong.

16Sira aja ngucapake paseksi goroh tumrap pepadhanira.

17Sira aja melik marang omahe pepadhanira; sira aja melik marang somahe pepadhanira, utawa bature lanang lan wadon, sapine utawa kuldine, lan apa bae kang dadi duweke pepadhanira.”

Wong Israel padha wedi methukake rawuhe Pangeran Yehuwah

18Kacarita bareng bangsa mau padha krungu gumlegering gludhug lan bledheg samber-samberan, unine kalasangka, apadene kumeluning pega saka ing gunung, padha wedi lan gumeter sarta tumuli padha mundur ngadoh,

19sarta matur marang Nabi Musa: “Mugi panjenengan kemawon ingkang ngandikani kula, kula badhe sami mirengaken; sampun ta dipun pangandikan dening Gusti Allah, mindhak kula sami nemahi pejah.”

20Nanging pangandikane Nabi Musa marang bangsa iku: “Aja kuwatir, awit rawuhe Gusti Allah iku arep nyoba kowe, lan supaya kowe padha duwea ering marang Panjenengane, aja nganti padha gawe dosa.”

21Anadene bangsa iku anggone ngadeg ana ing kadohan, nanging Nabi Musa nyelaki ing pepeteng lelimengan panggonane lenggah Gusti Allah.

Pranatan bab pangibadah

22Pangeran Yehuwah banjur ngandika marang Nabi Musa: “Wong Israel padha dhawuhana mangkene: Sira wus padha nyumurupi dhewe anggoningSun mangandikani sira saka ing langit.

23Sira aja padha gawe brahala salaka utawa mas ana ing sandhingingSun.

24Ingsun sira gawekna misbyah lemah, sira anggoa nyaosake kurban obaranira lan kurban kaslametanira apadene wedhusira lan sapinira. Ing saben panggonan kang Sunpilih dadi pangeling-eling marang asmaningSun, Ingsun bakal rawuh lan mberkahi sira.

25Dene saupama Ingsun sira gawekake misbyah watu, iku aja watu tatahan kang sira gawe, sabab manawa anggonira gawe nganggo wadung iku sira nerak kasucene.

26Mangkono uga anggonira ngunggahi misbyahingSun aja nganggo andha, supaya aja nganti katon kawiranganira.”


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Keluaran 20 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel