Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Kidung Agung 2 >> 

1-- Kawula punika sekar mawar saking Saron, sekar bakung ing lebak.

2-- Memanisku iku ana ing satengahe para kenya pindha kembang bakung ing satengahing eren.

3-- Kekasihku iku ana ing satengahe para nom-noman kaya wit apel ing satengahing wit-witan ing alas. Aku kepengin lungguh ana ing ayome, wohe legi tumrap ing cethakku.

4Aku kinanthi lumebu ing papan pahargyan lan tunggul kang ana ing dhuwurku iku tresna.

5Bok aku kinuwatna srana panganan kismis, sinegerna kalawan woh apel.

6Amarga aku nandhang lara asmara. Astane kiwa ana ing ngisoring sirahku, astane tengen ngrangkul aku.

7He, para putri ing Yerusalem, kowe padha sunsupatani, demi kidang-kidang utawa menjangan wadon ing ara-ara; kowe aja nggugah lan ngobahake katresnan, sadurunge dikarepake!

Ing korining penganten putri

8Rungokna! Kekasihku! Sawangen rawuhe, mlumpat-mlumpat ing gunung-gunung, mencolot-mencolot ing tengger-tengger!

9Kekasihku iku kaya kidang, utawa anak menjangan. Delengen, panjenengane jumeneng ing saburining tembok kita, kambi ngungak-ungak liwat cendhela-cendhela lan nginjen ing ruji-ruji.

10Kekasihku wiwit ngandika marang aku: “Tangia, memanisku, mrenea, intenku!

11Awitdene delengen, mangsa atis wis kliwat, udane wis terang, lan wis kepungkur.

12Ing pategalan wis katon kembang-kembang, wis mangsane methik; anggunge perkutut wis keprungu ana ing tanah kita.

13Wit anjir wiwit awoh, lan kembanging wit anggur ngambar gandane. Tangia, memanisku, mrenea, intenku!

14Manukku dara ana ing lowahan-lowahaning parang, ana ing pandhelikan ing ereng-erenging gunung, pamerna paraupanmu, wetokna suwaramu; amarga arum suwaramu, lan endah warnamu!”

15Aku padha cekelna asu wawar iku, asu wawar kang cilik, kang ngrusak pakebonan anggur, pakebonan anggurku kang nedhenge kembang!

16Kekasihku iku darbekku lan aku iki kagungane kang ngengen wedhus ana ing satengahing kembang bakung.

17Sadurunge angin sore midid lan ayang-ayang ilang dhuh kekasih kawula, Paduka mugi kersaa wangsul, saha karsaa tumindak kados kidang utawi kados anak sangsam ingkang wonten ing redi-redi taneman anggi-anggi!


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Kidung Agung 2 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel