Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Kidung Agung 4 >> 

Penganten kakung ngalembana penganten putri

1Dhuh, memanisku, kowe iku sulistya, sanyata endah warnamu iku! Mripatmu katon lir manuk dara, ana ing sangisoring kudhungmu. Rambutmu pindha pepanthan wedhus kang katon ngombak-ombak mudhun saka ing pagunungan Gilead.

2Untumu kadi pepanthan wedhus gembel kang lagi bae kacukuran, lan metu saka ing pangguyangan, kang kabeh manak kembar sarta ora ana kang ora duwe anak.

3Lambemu lir pita jingga, tutukmu endah. Pilinganmu katon lir woh delima sinigar ana ing sangisoring kudhungira.

4Gulumu kadi menarane Sang Prabu Dawud, kang binangun kanggo nyimpen gegaman, tameng sewu cumanthel ana ing kono sarta gadane para prawira kabeh.

5Payudaramu pindha anak menjangan loro utawa anak kidang kembar kang lagi nyenggut ana ing satengahing kembang bakung.

6Sadurunge angin sore midid lan ayang-ayang ngilang, aku kepengin munggah menyang ing gunung mur lan ing pagunungan menyan.

7Kowe iku sulistya banget, dhuh memanisku, awakmu ora kadunungan cacad.

8Mara tumuruna mrene saka ing gunung Libanon, dhuh pengantenku, mudhuna mrene saka ing gunung Libanon; mudhuna saka ing pucake gunung Amana, saka pucake gunung Senir lan gunung Hermon, saka guwa-guwaning singa, lan pagunungan panggonaning macan tutul!

9Kowe gawe dheg-dhegane atiku, yayi, pengantenku, kalawan sakedhepaning mripatmu kowe gawe dheg-dheganing atiku sarta kalawan kalung ing gulumu saoncen.

10Pancen nyata nikmat tresnamu, dhuh yayi, pengantenku. Tresnamu iku nikmate ngluwihi anggur, lan aruming lengamu ngluwihi sawarnaning anggi-anggi.

11Madu murni tumetes saka ing lambemu, pengantenku, madu lan susu ana ing sangisoring ilatmu, lan gandaning sandhanganmu iku pindha gandaning gunung Libanon.

12Yayi, pengantenku, kowe iku pakebonan kang tinutup, pakebonan kang tinutup lan tuking banyu kang sinegel.

13Trubusan-trubusanmu iku pakebonan wit delima, kang enak wohe, kembang pacar lan nared,

14nared lan kunir, tebu lan manis jangan, sarta sawernaning wit menyan, mur lan gaharu, apadene sarupaning anggi-anggi pilihan.

15Dhuh, tuking banyu ing pakebonan, sumbering banyu urip, kang mili saka ing gunung Libanon!

Penganten sakaliyan padha sapa-sinapa

16-- He angin lor, he angin kidul, tangia lan mrenea, midida ing pakebonanku supaya gandane anggi-anggi ngambar! Muga-muga kekasihku rawuha ing pakebonane lan dhahar woh-wohan kang enak.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Kidung Agung 4 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel