Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Maleakhi 3 >> 

1Lah Ingsun nglampahake utusaningSun, Sundhawuhi ngrata dalan ana ing ngarsaningSun! Kalawan dadakan Pangeran kang sira goleki iku bakal rawuh ing padalemane! Lah Malaekate prasetyan kang sira karepake iku rawuh --, mangkono pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi.

2Sapa kang bisa kuwat tahan ing dina rawuhe lan sapa kang bisa lestari ngadeg samangsa Panjenengane ngatingal? Marga Panjenengane iku kaya genine pembesot logam lan kaya sabune tukang penatu.

3Bakal lenggah patrape kaya wong mbesot lan ngresiki salaka; bani Lewi padha diresiki lan dibesot kaya mas lan salaka, supaya padha dadi wong kang nyaosake kurban kang bener marang Sang Yehuwah.

4Temahan kurban sesaosane Yehuda lan Yerusalem bakal ndadekake renaning panggalihe Pangeran Yehuwah, kaya ing nalika jaman biyen lan kaya ing taun-taun kang wus kepungkur.

5Ingsun bakal nyelaki sira kabeh prelu ngasta pangadilan lan jumeneng dadi seksi kang maju nglawan marang para juru tenung lan para wong laku bandrek, sarta marang wong-wong kang nglairake sumpah palsu, tuwin marang wong kang nindhes para buruh opahan, para randha lan bocah lola, apadene kang nundhung wong ngamanca, tanpa duwe rasa wedi marang ingsun. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi.

Pisungsung prasepuluhan ndadekake renaning panggalihe Gusti Allah

6Sanyata Ingsun iki Yehuwah kang ora owah-gingsir, dene sira, he bani Yakub, ora bakal sirna.

7Wiwit jamane para leluhurira sira wus padha nyimpang saka pranataningSun lan iku ora sira tetepi. Padha balia marang Ingsun, dadi Ingsun iya bakal mangsuli sira, -- mangkono dhawuhe Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi -- nanging sira padha munjuk: “Anggen kawula sami wangsul kadospundi patrapipun?”

8Apa kena manungsa ngapusi Gusti Allah, kaya anggonira ngapusi Ingsun? Ewasamono unjukira: “Anggen kawula sami ngapusi Paduka kadospundi patrapipun?” Tumrap pisungsung prasepuluhan lan pisungsung-mligi.

9Sira wus padha kena ing ipat-ipat, ewadene sira isih nyulikani Ingsun, sira sabangsa kabeh.

10Sira padha nggawaa pisungsung prasepuluhan kabeh menyang ing gedhong parawatan, supaya ing padalemaningSun anaa tandhon pangan; tumuli Ingsun titi-priksanen, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi, -- apa sira ora Sunwengani inebe langit, sarta apa Ingsun ora ngesoki berkah marang sira nganti luber?

11Anadene walang memangsa bakal Sungusah, supaya aja nganti ngentekake pametune palemahanira, sarta wit anggur ing kebonira aja nganti ora awoh, -- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi --

12sarta sakehe bangsa banjur bakal padha ngarani rahayu marang sira, marga sira bakal dadi nagara kasenengan. Mangkono pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi.

Kaunggulane wong bener kang wekasan

13Tembung-tembungira tumrap Ingsun iku digsura -- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah -- nanging unjukira: “Kawula sami ngraosi Paduka kadospundi?”

14Celathunira mangkene: “Ngabekti marang Gusti Allah iku ora ana gunane. Pituwase apa ta anggonku netepi pepakone, sarta lumaku kalawan manganggo bagor ana ing ngarsane Yehuwah Gustine sarwa dumadi?

15Mulane wong sembrana dakarani rahayu, dene kang nglakoni duraka iku padha begja, sanadyan nyoba marang Gusti Allah, iya padha bisa oncat.”

16Para wong kang ngabekti marang Sang Yehuwah padha rasanan mangkene: “Pangeran Yehuwah ngudaneni lan miyarsakake, apadene kitab pengetan katulis ana ing ngarsane kanggo wong kang padha ngabekti marang Sang Yehuwah lan kang ngajeni asmane.”

17Pangandikane Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi: Wong kang kaya mangkono iku bakal padha dadi kagunganingSun piyambak kang Suntresnani ing dina kang wus Suncawisake, sarta bakal padha Suneman kaya wong kang ngeman marang anake kang mbangun-miturut.

18Sira banjur bakal padha nyumurupi maneh bedane wong kang mursid karo wong duraka, bedane wong kang ngabekti karo kang ora ngabekti marang Gusti Allah.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Maleakhi 3 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel