Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Matius 11 >> 

Utusane Nabi Yokanan

1Sawise Gusti Yesus mungkasi piwelinge marang sakabat-sakabate rolas, banjur tedhak saka ing kono, bakal memulang lan nggelarake Injil ana ing kutha-kuthane.

2Kacarita ana ing pakunjaran Nabi Yokanan midhanget pawarta bab pakaryane Gusti Yesus,

3banjur ngutus sakabate ndikakake munjuk marang Panjenengane mangkene: “Punapa Paduka punika ingkang pinasthi rawuh, punapa kawula sami kedah ngentosi sanesipun?”

4Gusti Yesus paring wangsulan, pangandikane: “Wis, padha mundhura, wartakna marang Yokanan apa kang kokrungu lan kokdeleng:

5wong picak padha ndeleng, wong lumpuh padha lumaku, wong lara budhugen padha kabirat najise, wong budheg padha krungu, wong mati padha katangekake lan wong mlarat padha kawartanan kabar kabungahan.

6Rahayu wong kang ora nganti kacuwan bab Aku.”

Paseksine Gusti Yesus tumrap Nabi Yokanan

7Saundure para utusan mau, Gusti Yesus banjur medhar pangandika marang wong akeh iku bab Nabi Yokanan mangkene: “Nalika kowe padha menyang ara-ara-samun kae arep ndeleng apa? Arep ndeleng glagah sing mobat-mabit kena angin?

8Utawa arep apa kowe mrana? Arep ndeleng wong kang nganggo sandhangan kang sarwa alus? Wong kang manganggo sarwa alus iku kang ana ing kraton.

9Dadi arep apa kowe mrana? Arep ndeleng nabi? Iya, bener, lan Aku pitutur marang kowe, malah kang ngungkuli nabi.

10Awit iya iku kang kapratelakake ing Kitab mangkene: Lah, ingsun ngutus malaekatingSun lumaku ndhisiki Sira, arep nyawisake dalanira ana ing ngarepira.

11Satemene Aku pitutur marang kowe: Ing antarane wong-wong kang lair saka wong wadon, ora ana kang madeg ngungkuli Yokanan Pambaptis, ewasamono wong kang cilik dhewe ana ing Kratoning Swarga, iku ngluwihi Yokanan Pambaptis.

12Sabab wiwit nalika Yokana Pambaptis tumapak ing gawe nganti saprene, Kratoning Swarga iku karuda-peksa lan wong kang ngruda-peksa iku mbudidaya arep nguwasani.

13Sabab sakabehing nabi lan kitab Toret iku padha memeca nganti tumekaning Nabi Yokanan.

14Sarta, manawa kowe padha gelem nganggep mangkono, iya dheweke iku Elia kang bakal teka.

15Sing sapa duwe kuping, ngrungokna.

16Dakupamakake apa golongan iki? Upamane kaya bocah-bocah kang lelungguhan ana ing pasar, celuk-celuk kancane mangkene:

17Aku wis ngunekake suling, kowe kok ora padha njoged. Aku wis padha ngidungake kidung pangadhuh, nanging kowe ora padha tangisan.

18Sarehning Yokanan tekane ora mangan ora ngombe, banjur diarani wong kepanjingan setan.

19Tekane Putraning Manungsa nganggo mangan lan ngombe, kok unine wong: Delengen kuwi, wong grangsangan lan seneng ngombe anggur, kancane para juru-mupu-beya lan wong dosa. Nanging kawicaksananing Pangeran iku anggone kabenerake marga saka pandamele.”

Wong-wong ing kutha Khorazin, Betsaida lan Kapernaum padha kawelehake dening Gusti

20Sawise mangkono Gusti Yesus banjur wiwit nenetah marang kutha-kutha kang ora mratobat, sanadyan Gusti anggone nindakake mukjijat kang akeh dhewe ana ing kono:

21“Bilai kowe Khorazin, bilai kowe Betsaida, sabab manawa ing Tirus lan ing Sidon iya kalakon ana mukjijat-mukjijat kaya kang wus kalakon ana ing tengah-tengahmu, mesthi wis biyen-biyen anggone mratobat lan manganggo bagor sarta awu.

22Nanging Aku pitutur marang kowe: Besuk ing dina pangadilan kang kasangga dening Tirus lan Sidon bakal luwih entheng tinimbang kowe.

23Apadene kowe Kapernaum, apa kowe bakal kaluhurake nganti sundhul ing langit? Ora, kowe bakal kacemplungake ing teleng palimenganing pati. Sabab manawa ing Sodom kalakon ana mukjijat-mukjijat sing tumindhak ana ing tengah-tengahmu, kutha iku mesthi lestari tekan saprene.

24Nanging Aku pitutur marang kowe: Besuk ing dina pangadilan kang kasangga dening tanah Sodom bakal luwih entheng katimbang karo kowe.”

Gusti ngunjukake panuwun marang Ingkang Rama. Bab ayeming ati

25Ing wektu iku Gusti Yesus munjuk: “Dhuh, Rama, Pangeraning swarga lan bumi, kawula ngaturaken genging panuwun, dene bab punika sadaya Paduka damel wados tumrap tiyang wicaksana saha tiyang wasis, nanging Paduka lairaken dhateng lare-lare.

26Inggih, Rama, pancen makaten karsa Paduka.

27Samubarang kabeh wus kapasrahake marang Aku dening Ramaku, lan ora ana wong kang sumurup marang Sang Putra, aliya Sang Rama, lan ora ana wong kang sumurup marang Sang Rama, aliya Sang Putra lan wong kang wus jinatenan saka karsane Sang Putra.

28He, para wong kang kesayahan lan kamomotan, padha mrenea, Aku bakal gawe ayemmu.

29PasanganKU padha tampanana ing pundhakmu lan padha nggegurua marang Aku, awit Aku iki alus lembah ing budi, temahan kowe bakal padha oleh ayeming nyawamu.

30Amarga pasanganKu iku kapenak lan momotanKu iku entheng.”


  Share Facebook  |  Share Twitter

Download Audio MP3 (Matius 11):
Mobile (Low Quality) - CD (High Quality)

 <<  Matius 11 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel