PIWULANGE GUSTI ANA ING GUNUNG; Wong apa kang rahayu
1Bareng Gusti Yesus mirsa wong akeh iku, banjur minggah ing gunung lan sawise lenggah, para sakabate padha ngadhep ing ngarsane.
2Tumuli Gusti Yesus medhar pangandika, paring piwulang, pangandikane:
3“Rahayu wong kang mlarat ing budi, awit iku kang padha nduweni Kraton ing Swarga.
4Rahayu wong kang prihatin, awit iku bakal padha kalipur.
5Rahayu wong kang alus ing budi, awit iku bakal padha tampa warisan bumi.
6Rahayu wong kang kaluwen lan ngelak marang kasampurnan, awit iku kang bakal padha kawaregan.
7Rahayu wong kang ambek welasan, awit iku bakal padha oleh piwelas.
8Rahayu wong kang resik atine, awit iku bakal padha sumurup marang Allah.
9Rahayu wong kang dhemen ngrukunake, awit iku bakal padha kasebut para putraning Allah.
10Rahayu wong kang dikaniaya marga saka kayekten, awit iku kang padha nduweni Kratoning Swarga.
11Rahayu kowe, manawa marga saka Aku kowe diwewada lan dikaniaya sarta dipitenah.
12Padha bungaha lan sukarenaa, sabab gedhe ganjaranmu ana ing swarga, awit iya kaya mangkono anggone wong-wong padha nganiaya para nabi sadurunge kowe.”
Bab uyahing bumi lan pepadhanging jagad
13“Kowe iku padha dadi uyahing bumi. Lah yen uyah iku ilang asine, apa kang kanggo mulihake asine? Wis ora ana gunane maneh kajaba mung dibuwang lan diidak-idak ing wong.
14Kowe iku padha dadi pepadhanging jagad. Kutha kang ana ing dhuwur gunung iku ora bisa kaling-kalingan.
15Lan maneh wong nyumed diyan iku ora banjur dikurebi tompo, nanging ditumpangake ing jodhog, supaya bisa madhangi wong saomah kabeh.
16Samono uga padhangmu iya sorotna marang wong, supaya iku padha sumurup marang tindak-tandukmu kang becik, temah padha ngluhurake Ramamu kang ana ing swarga.”
BAB NETEPI ANGGER-ANGGER; Bab kabeneran kang sampurna
17“Kowe aja padha duwe pangira, yen tekaKu iku arep nyuwak Toret utawa kitabe para nabi. TekaKu ora nyuwak, nanging malah nindakake.
18Awit satemene pituturKu marang Kowe: Ngant