Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Mikha 4 >> 

Sion dadi pusering kratone katentreman

1Ing dina-dina kang wekasan bakal kelakon, gununge padalemane Pangeran Yehuwah bakal ngadeg jejeg ngungkuli gunung-gunung, sarta munggut dhuwur ngungkuli tengger-tengger, para bangsa bakal padha gumrudug mrone,

2lan akeh suku bangsa kang padha budhalan kalawan ngucap: “Payo padha munggah marang gununge Sang Yehuwah, marang padalemane Gusti Allahe Yakub, supaya padha kaparingana pitedah bab margi-margine, sarta supaya kita padha ngambah ing lurung-lurunge, marga saka Sion bakal ana pituduh, lan saka ing Yerusalem bakal ana pangandikane Pangeran Yehuwah.”

3Panjenengane bakal jumeneng dadi Hakim ana ing antarane para bangsa, sarta bakal ndhawahake putusan tumrap para bangsa kang gedhe, nganti tekan panggonan kang adoh; pedhang-pedhange padha digembleng kadadekake kejen, lan tumbake kagawe arit; bakal ora ana maneh bangsa kang ngacungake pedhang marang bangsa liyane, lan wus ora ana wong kang padha ajar perang.

4Nanging wong-wong mau siji-sijine bakal lungguh ana ing sangisore wite anggur dhewe, lan ana ing sangisoring wite anjir dhewe lan ora ana wong kang gawe kagete, marga lesane Pangeran Yehuwah Gustine sarwa tumitah kang ngandika mangkono.

5Sanadyan sakehe bangsa iku siji-sijine padha lumaku klawan nganggep allahe dhewe-dhewe, nanging kita bakal lumebu klawan nganggep asmane Pangeran Yehuwah Allah kita, nganti salawas-lawase lan ing sateruse.

Putri Sion kapitulungan

6Pangandikane Sang Yehuwah: Ing dina iku Ingsun bakal nglumpukake wong kang padha pincang lan nglumpukake kang pating blesar apadene kang wus Sundhawahi bilai.

7Kang pincang bakal Sundadekake lajering turun lan kang katundhung dadi bangsa kang santosa, apadene Pangeran Yehuwah bakal jumeneng dadi ratune ana ing gunung Sion, wiwit samengko nganti ing salawas-lawase.

8Anadene sira, he, Manaraning-Pepanthan Wedhus, he, tenggere putri ing Sion, sira bakal katekanan lan kawengku maneh dening paprentahan kang dhisik, yaiku keprabone putri ing Yerusalem.

9Lah saiki, yagene ta sira padha sesambat kalawan sora? Apa ora ana ratu ing tengahira? Utawa penasehatira apa wis padha tumpes, dene sira nganti ngrasakake lara kaya wong wadon kang lagi nglarani?

10He putri Sion, polaha lan ngadhuh-adhuha, kaya wong wadon kang nglarani! Marga saiki sira kapeksa metu saka ing kutha lan manggon ana ing ara-ara; sira kapeksa lumaku tekan ing Babil, ana ing kana anggonira bakal kapitulungan, iya ana ing kana Pangeran Yehuwah anggone ngluwari sira saka ing tangane mungsuhira.

11Saiki akeh bangsa kang padha manunggal nglawan marang sira, klawan pangucape: “Kareben dheweke dinajisake, mripat kita kareben bisa nyawang marang Sion nganti katog!”

12Nanging wong iku padha ora sumurup kang dadi rancangane Pangeran Yehuwah; padha ora ngreti kang dadi putusane, manawa Panjenengane bakal nglumpukake para umat mau kaya gedhengan gandum kang kagawa marang panuton.

13He, putri Sion, tumandanga lan nutua, marga sungunira bakal Sundadekake kaya wesi, lan kukunira Sundadekake kaya tembaga, satemah sira bakal ngremuk bangsa akeh, lan jarahane bakal sira mligekake kagem Sang Yehuwah, sarta kasugihane kagem Pangeraning salumahe bumi.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Mikha 4 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel