Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Markus 9 >> 

1Pangandikane maneh mangkene: “Aku pitutur marang kowe, satemene wong kang ana ing kene iki ana kang bakal ora mati, sadurunge padha ndeleng rawuhe Kratoning Allah kalawan panguwasa.”

Gusti kamulyakake ana ing gunung

2Sawise nem dina Gusti Yesus dhawuh marang Petrus, Yakobus lan Yokanan supaya ndherek bebarengan minggah ing gunung kang dhuwur, prelu miyambak. Tumuli Gusti Yesus santun rupa ana ing ngarepe para sakabat mau.

3Pangagemane katon putih memplak sumorot. Ora ana wong ing donya iki kang bisa mutihake sandhangan nganti kaya mangkono.

4Para sakabat banjur padha dikatingali Nabi Elia karo Nabi Musa, kang lagi padha imbal pangandika kalawan Gusti Yesus.

5Petrus nuli matur marang Gusti Yesus: “Rabbi, iba saenipun, bilih kawula sami wonten ing ngriki. Prayoginipun kawula sami ngadegaken tarub tiga, satunggal kagem Paduka, satunggal kagem Nabi Musa, satunggalipun malih kagem Nabi Elia.”

6Angone matur mangkono iku, marga ora ngreti, apa kang kudu diaturake, saka anggone padha banget wedine.

7Banjur ana mega teka ngayomi, lan saka ing sajroning mega iku ana suwara kang kaprungu: “Iki PutraningSun kang Sunkasihi, padha estokna dhawuhe.”

8Dumadakan nalika padha nyawang ing sakubenge kono, banjur wis ora ana kang katingal maneh, kajaba mung Gusti Yesus piyambak.

9Nalika padha mudhun saka ing gunung, Gusti Yesus paring piweling, aja ana kang kandha-kandha marang sapa-sapaa bae bab apa kang mentas padha dideleng mau, nganti tumeka Putraning Manungsa wis wungu saka ing antarane wong mati.

10Para sakabat padha nyathet pangandika mau karo padha takon-tinakon bab tegese “wungu saka ing antarane wong mati”.

11Banjur padha matur pitakon: “Punapaa dene para ahli Toret kok mratelakaken, bilih Nabi Elia pinasthi rawuh rumiyin?”

12Paring wangsulane Gusti Yesus: “Nabi Elia pancen bakal rawuh dhisik prelu mbangun samubarang kabeh. Mung bae, kapriye dene kok ana tulisan kang mratelakake, yen Putraning Manungsa bakal nandhang sangsara akeh sarta disawiyah-wiyah?

13Nanging Aku pitutur ing kowe: Nabi Elia iku pancen wis rawuh, lan banjur digawe sawenang-wenang, cocog karo apa kang wis katulis tumrap panjenengane.”

Gusti Yesus nyarasake bocah kang kapanjingan dhemit

14Bareng wis padha bali ing panggonane para sakabat liyane, padha ndeleng wong akeh padha ngrubung sakabat-sakabat mau lan ahli Toret sawatara, kang padha diya-diniya karo sakabat-sakabat iku.

15Wong akeh iku bareng weruh Gusti Yesus, padha gumun lan banjur enggal-enggal padha methuk.

16Gusti Yesus nuli ndangu marang wong-wong mau: “Kowe iku padha udur bab apa?”

17Wong akeh mau banjur ana siji kang matur: “Guru, anak kula kula sowanaken dhateng Panjenengan, jalaran kapanjingan dhemit ingkang damel bisunipun.

18Saben-saben dhemit punika nyandhak anak kula, lajeng dipun banting ing siti, cangkemipun lajeng muruh, untunipun kerot-kerot, badanipun dados kaken. Kula sampun nedha tulung dhateng para sakabat Panjenengan, supados nundhung dhemitipun, nanging sami boten saged.”

19Gusti Yesus banjur ngandika: “Heh, jinis kang ora duwe pangandel, nganti pira lawase anggonKu kudu tetunggalan karo kowe? Nganti pira lawase anggonKu kudu nyabari kowe? Bocahe prenekna!”

20Bocahe banjur diaturake. Bareng roh mau weruh Gusti Yesus, bocahe banjur dieweng-eweng, ditibakake ing lemah lan banjur gulung, cangkeme muruh.

21Gusti Yesus banjur ndangu marang bapakne bocah mau: “Wis pira lawase anggonne kataman mangkene iki?” Atur wangsulane: “Sampun wiwit alit mila.

22Sarta asring dipun dhawahaken ing latu utawi wonten ing toya, badhe dipun sirnakaken. Awit saking punika, manawi Panjenengan saged, karsaa paring piwelas dhateng kula.”

23Paring wangsulane Gusti Yesus: “Kandhamu: Manawi Panjenengan saged. ora ana barang kang mokal tumrap wong kang kumandel!”

24Bapakne bocah mau banjur matur sora: “Kula pitados, mugi karsaa paring pitulungan dhateng kula, ingkang boten pitados punika!”

25Bareng Gusti Yesus mirsa wong akeh padha teka ngrubung, banjur ndukani dhemite, pangandikane: “Heh, roh kang marakake bisu lan budheg, dhawuhKu marang kowe: Metua saka ing bocah iki lan aja koksurupi maneh!”

26Dhemite banjur metu karo jerit-jerit, bocahe dieweng-eweng sakatoge, nganti katon kaya bocah mati, malah akeh wong kang alok: “Bocahe wis mati.”

27Gusti Yesus nuli ngasta tangane bocah mau, diadegake, banjur ngadeg.

28Nalika Gusti Yesus wis lumebet ing sawijining omah, lan mung kaadhep dening para sakabate thok, para sakabat mau matur pitakon, “Punapaa dene kawula sami boten saged nundhung dhemit wau?”

29Paring wangsulane Gusti Yesus: “Jinis iki ora bisa ditundhung kajaba mung sarana pandonga.”

Gusti Yesus paring sumurup kang kaping pindhone bab anggone bakal nandhang sangsara

30Tumuli padha mangkat saka ing kono, nratas ing tanah Galilea, karsane Gusti Yesus aja ana wong kang weruh,

31amarga lagi paring piwulang marang para sakabate, pangandikane: “Putrane Manungsa bakal kaulungake marang tangane wong, bakal disedani, nanging sawise disedani, ing telung dinane bakal wungu maneh.”

32Para sakabat padha ora ngreti marang pangandika mau, nanging padha ora wani miterang.

Bab sapa kang dhuwur dhewe

33Sawise mangkono banjur padha teka ing kutha Kapernaum. Bareng wis ana ing dalem, Gusti Yesus ndangu marang para sakabate: “Apa sing padha kokrembung ana ing dalan mau?”

34Nanging kabeh padha meneng bae, sabab nalika ana ing dalan mau padha padudon bab sapa kang dhuwur dhewe ing antarane para sakabat iku.

35Gusti Yesus banjur lenggah, sakabat rolas padha ditimbali lan dipangandikani mangkene: “Sing sapa kapengin dadi pangarep, iku dadia kang keri dhewe lan dadia paladene wong kabeh.”

36Gusti Yesus banjur mundhut bocah cilik, diadegake ing tengah, nuli dirangkul sarta ngandika marang para sakabat:

37“Sing sapa nampani bocah pepadhane iki atas jenengKu, iku ateges Aku kang ditampani. lan sing sapa nampani Aku, iku dudu Aku kang ditampaani, nanging kang ngutus Aku.”

Kang ora nyulayani iku ngrojongi

38Yokanan matur marang Gusti Yesus: “Guru, kawula sami sumerep tiyang ingkang sanes golongan kawula, nundhung setan atas asma Paduka, lajeng kawula awisi, amargi sanes golongan kawula sadadya.”

39Nanging paring wangsulane Gusti Yesus: “Aja kokpenging, awit ora ana wong kang nindakake mukjijat atas jenengKu, banjur ngala-ala Aku.

40Sing sapa ora nyulayani kita dadi ngrojongi kita.

41Aku pitutur marang kowe: Satemene sing sapa aweh ngombe marang kowe banyu sacangkir, marga kowe iku pandherek Sang Kristus, iku mesthi bakal tampa ganjaran.”

Bab sesandhungan

42“Sing sapa dadi sandhungan tumrap para cilik kang padha pracaya iki, iku luwih becik manawa dikalungana watu panggilingan lan dicemplungna ing sagara.

43Sarta manawa tanganmu dadi sandhungan tumrap kowe, kethoken, amarga luwih becik kowe lumebu ing urip kalawan kuthung, katimbang ganep tanganmu nanging dibuwang menyang ing naraka, ing geni kang ora kena disirep;

44[kang singgate ora mati, lan ora kasirep genine.]

45Lan manawa sikilmu dadi sandhungan tumrap kowe, kethoken, awit luwih becik kowe lumebu ing urip kalawan buntung, katimbang karo ganep sikilmu, nanging kacemplungake ing naraka;

46[kang singgate oar mati, lan ora kasirep genine.]

47Lan manawa mripatmu dadi sandhungan, cuplaken, awit luwih becik kowe lumebu ing Kratonin Allah kalawan pece, katimbang karo ganep mripatmu, nanging kacemplungake ing naraka,

48kang singgate ora mati lan genine ora kasirep.

49Awit saben wong bakal dibumboni geni.

50Uyah iku pancen gedhe paedahe, nanging manawa ilang asine, kang kagawe mulihake rasane apa? Kowe padha tansah duwea uyah ana ing batinmu lan padha tansah rukuna.”


  Share Facebook  |  Share Twitter

Download Audio MP3 (Markus 9):
Mobile (Low Quality) - CD (High Quality)

 <<  Markus 9 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel