Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 102 >> 

MASMUR 102; Pandonga nyuwun tulung lan pandonga tumrap Sion

1Pandongane wong sangsara nalika lesu-lesah lan banjur ngesokake pasambate ana ing ngarsaning Sang Yehuwah. (102-2) Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa miyarsakaken pandonga kawula, anggen kawula sesambat nyuwun pitulungan mugi sageda dumugi ing ngarsa Paduka.

2(102-3) Mugi sampun nyingidaken wedana Paduka tumrap kawula ing dinten karubedan kawula. Mugi karsaa ngenglengaken talingan Paduka dhateng kawula; manawi kawula sesambat mugi enggal kersaa paring wangsulan!

3(102-4) Amargi dinten-dinten kawula telas kados kukus, balung kawula sami mengangah kados prapen.

4(102-5) Manah kawula pinupuh sarta alum kados rumput, ngantos kawul kasupen nedha roti kawula.

5(102-6) Margi saking pasambat kawula ingkang sora kawula ngantos kantun lunglit.

6(102-7) Kawula sampun kados peksi kontul wonten ing ara-ara samun, saha peksi beluk wonten ing jugrugan.

7(102-8) Kawula boten saged tilem lan sampun dados kados peksi kepencil wonten ing payon.

8(102-9) Sadinten muput kawula dipun uman-uman dening para satru kawula, tiyang ingkang sami damel dolanan kawula supaos kaliyan nyebut nama kawula.

9(102-10) Awit kawula nedha awu kadosdene roti, saha omben-omben kawula, kawula campuri luh.

10(102-11) Ingkang makaten punika margi saking deduka lan bebendu Paduka, kawula Paduka junjung lajeng Paduka simpar.

11(102-12) Dinten-dinten kawula kados ayang-ayangan sangsaya panjang, saha kawula piyambak alum kados rumput.

12(102-13) Nanging, dhuh Yehuwah, Paduka ingkang adhedhampar ing salaminipun, sarta asma Paduka tetep turun-tumurun.

13(102-14) Paduka piyambak badhe jumeneng paring piwelas dhateng Sion, amargi sampun dumugi titimangsanipun kaparingan sih, sampun dumugi ing wancinipun.

14(102-15) Awit para abdi Paduka sami remen dhateng sela-selanipun, sarta sami ngraos mesakaken dhateng reremukanipun.

15(102-16) Para bangsa banjur padha ering marang asmaning Pangeran Yehuwah, sarta sakehing para raja ing salumahing bumi marang kaluhurane,

16(102-17) manawa Sang Yehuwah wus mbangun Sion lan wus ngatingal kalawan ngagem kamulyane

17(102-18) sarta wus miyarsakake marang pandongane para wong kang nandhang kemlaratan, sarta ora ngremehake marang pandongane.

18(102-19) Bab iki kareben cinathet kanggo para turun ing tembe, temah bangsa kang katitahake mengko bakal padha ngluhurake Pangeran Yehuwah,

19(102-20) awit Pangeran wus nguningani saka ing pasucene kang luhur, sarta Sang Yehuwah wus mirsani saka ing swarga marang ing bumi,

20(102-21) prelu miyarsakake pasambate wong tahanan, tuwin ngluwari para wong kang wus cinadhangake marang pati,

21(102-22) supaya asmaning Sang Yehuwah kawartakake ana ing Sion, tuwin Panjenengane pinuji-puji ana ing Yerusalem,

22(102-23) samangsa para bangsa lan sakehing karajan nglumpuk, padha ngabekti marang Pangeran Yehuwah.

23(102-24) Panjenengane wus munggel kakuwatanku ana ing dalan, lan umurku dicendhakake.

24(102-25) Aturku mangkene: “Dhuh Gusti Allah kawula, Paduka mugi sampun mundhut kawula ing sapalihing umur kawula! Taun-taun Paduka punika lestantun turun-tumurun!”

25(102-26) Kala rumiyin Paduka sampun nalesi bumi, saha langit punika yasanipun asta Paduka.

26(102-27) Punika sadaya badhe lebur, nanging Paduka piyambak ingkang lestantun, tuwin sanes-sanesipun sami lungsed kados pangangge, lan badhe Paduka santuni kados jubah, lajeng sami santun rupi,

27(102-28) nanging Paduka piyambak boten ewah-gingsir, saha taun-taun Paduka boten badhe wonten watesipun.

28(102-29) Anakipun para abdi Paduka sami badhe manggen kaliyan tentrem, saha turunipun sami lestantun wonten ing ngarsa Paduka


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Mazmur 102 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel