Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 108 >> 

MASMUR 108; Pangucap sokur lan pandonga

1Kidung. Masmur anggitane Prabu Dawud. (108-2) Manah kawula sampun cumawis, dhuh Allah, kawula badhe ngidung, kawula badhe ngrepekaken masmur. Tangia, heh nyawaku.

2(108-3) He slukat lan clempung padha tangia! bangbang wetan arep dakgugah.

3(108-4) Kawula badhe ngunjukaken pamuji sokur dhumateng Paduka wonten ing satengahipun para bangsa, dhuh Yehuwah saha badhe ngidungaken masmur kagem Paduka wonten ing tengahipun para suku bangsa;

4(108-5) awit sih-kadarman Paduka punika agengipun ngungkuli langit, saha kasetyan Paduka ngantos sundhul ing mega.

5(108-6) Dhuh Allah, Paduka mugi karsaa ngluhuraken sarira ngantos ngungkuli langit, saha kamulyan Paduka supados ngungkulana bumi sadaya.

6(108-7) Supados para kekasih paduka sami saged oncat; mugi Paduka kersaa maringi pangluwaran klayan asta Paduka tengen, saha kersaa paring wangsulan dhumateng kawula.

7(108-8) Gusti Allah wus ngandika ana ing pasucene: “Ingsun arsa surak-surak; tanah Sikhem bakal Sunbagi-bagi, lebak Sukot arep Sunukur,

8(108-9) Gilead iku kagunganingSun, Manasye iku kagunganingSun, Efraim iku tetoponging mastakaningSun, Yahuda iku jungkating kapraboningSun,

9(108-10) Moab iku papan pawijikaningSun, Edom Sununcali trumpahingSun, lan marga saka tanah Filisti Ingsun asurak-surak.”

10(108-11) Sapa kang bakal ngirid aku lumebu marang kutha kang santosa? Sapa kang nuntun aku menyang ing tanah Edom?

11(108-12) Dhuh Allah, punapa sanes Paduka piyambak ingkang sampun nampik kawula, sarta boten miyos sesarengan kaliyan bala kawula, dhuh Allah?

12(108-13) Paduka mugi karsaa paring pitulungan nglawan mengsah, awit pambiyantunipun manungsa punika tanpa gina.

13(108-14) Marga saka Gusti Allah, kita bakal padha nindakake panggawe-panggawe kang prawira, sarta Gusti Allah piyambak bakal ngiles-iles para mungsuh kita.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Mazmur 108 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel