Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 109 >> 

MASMUR 109; Pandongane wong kang kapitenah

1Kanggo lurah pasindhen. Masmur anggitane Parabu Dawud. Dhuh Allah pepujan kawula, Paduka mugi sampun kendel,

2awitdene cangkemipun tiyang duraka kaliyan cangkemipun tiyang cidra kaangapaken dhateng kawula, sarta kawula dipun ungel-ungeli kaliyan ilat dora,

3kawula dipun tempuh klayan tembung-tembung sesengitan, saha dipun perangi tanpa sabab.

4Minangka piwales tumrap katresnan kawula sami nggigat kawula, mangka sami kawula dongakaken,

5kasaenan kawula dipun wales piawon, saha katresnan kawula kawales sengit.

6“Netepna tiyang duraka ingkang masesani piyambakipun lan tukang nggigat wonten ing sisih tengenipun.

7Samangsa dipun adili katetepna kalepatanipun, saha pandonganipun kaanggepa dosa;

8umuripun kacelakna, kalenggahanipun kaalapa dening tiyang sanes;

9anakipun sami dadosa lola, tuwin semahipun dadosa randha.

10Anak-anakipun kajengipun nglambrang boten kantenan lan ngemis, sarta katundhung saking jugruganing griyanipun.

11Ingkang potang mbeslaha sabarang darbekipun, sarta tiyang sanes sami ngrayaha angsal-angsalaning ngrekaosipun;

12sampun ngantos lestantun manggih sih piwelasipun tiyang, saha sampun ngantos wonten ingkang melasi dhateng anakipun ingkang sampun dados lola;

13saturunipun sami tumpesa, tuwin namanipun kasirnakna ing turun candhakipun,

14piawoning para leluhuripun kaengetana wonten ing ngarsaning Yehuwah, sarta dosaning biyungipun sampun ngantos kalebur,

15kajengipun tansah kagalih dening Pangeran Yehuwah, supados pangenget-enget dhateng tiyang punika dipun bengkas saking bumi,

16awitdene boten enget nindakaken katresnan, nanging ngoyak-oyak tiyang ingkang kesrakat sarta mlarat tuwin ingkang pepes manahipun ngantos sami nemahi pejah.

17Sarehning remen ngucapaken ipat-ipat, mila sami katamana ing ipat-ipatipun piyambak; sarehning boten remen dhateng berkah, mila mugi berkah inggih nebiha saking piyambakipun.

18Ipat-ipat dipun angge kados rasukan, mila rumesepa ing badanipun kados toya, tuwin kados lisah ing balungipun,

19inggih dadosa kados sandhangan ingkang dipun angge, sarta sabuk ingkang tansah dipun angge.

20Sadaya punika dadosa pituwas, ganjaranipun Pangeran Yehuwah dhateng tiyang ingkang sami ndakwa kawula, sarta ingkang sami ngawon-awon kawula.”

21Nanging Paduka, dhuh Yehuwah, Gusti kawula, Paduka mugi kersaa tumindak tumrap kawula awit saking asma Paduka, kawula mugi Paduka luwari awit saking sih-kadarman Paduka ingkang linangkung punika.

22Kawula nandhang sangsara saha kakirangan saha manah kawula karujit-rujit wonten ing batos kawula,

23kawula ngical kados wewayangan ingkang sangsaya panjang, kawula kakebutaken kados walang.

24Dhengkul kawula lemes margi anggen kawula siyam, sarta badan kawula dados kera, katelasan gajih.

25Kawula sampun dados cecampahanipun tiyang-tiyang punika, saben ningali kawula sami gedheg-gedheg.

26Dhuh Yehuwah, Gusti Allah kawula, kawula mugi Paduka pitulungi, kawula mugi Paduka luwari, laras kaliyan sih-kadarman Paduka,

27supados sami sumerepa, bilih punika asta Paduka, bilih Paduka, dhuh Yehuwah, ingkang nindakaken punika.

28Kajengipun sami nyupatani, Paduka badhe mberkahi, kajengipun mengsah-mengsah kawula sami nandhang wirang, nanging abdi Paduka manggiha kabingahan.

29Tiyang ingkang sami nglawan kawula mugi sami kasandhangana wirang, sami kalimputana ing kawirangan kadosdene mawi jubah.

30Banget anggonku arep ngaturake panuwun marang Pangeran Yehuwah kalawan cangkemku, sarta Panjenengane arep dakluhurake ana ing satengahing wong akeh,

31awitdene Pangeran jumeneng ana ing satengene wong papa, arep ngluwari saka para wong kang ngukum.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Mazmur 109 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel