Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 113 >> 

MASMUR 113; Pangeran Yehuwah njunjung wong asor

1Haleluya! He para abdining Pangeran Yehuwah, padha saosa puji, padha saosa puji marang asmaning Sang Yehuwah.

2Asmaning Sang Yehuwah kasuwurna, ing saiki lan ing salawase.

3Asmaning Sang Yehuwah pinuji-pujia saka papan pletheking srengenge nganti tekan ing papan surupe;

4Pangeran Yehuwah iku luhur ngungkuli sakehe para bangsa, kamulyane ngungkuli langit.

5Sapa kang kaya Pangeran Yehuwah, Allah kita, kang dedalem ing ngaluhur,

6kang ngesorake sarira prelu nguningani, swarga lan bumi?

7Wong asor dijunjung saka ing lebu lan wong mlarat dientas saka ing blethokan,

8kalungguhake awor lan para panggedhe, awor lan para panggedhe bangsane.

9Wong kang gabug dilungguhake ing omah, dadi ibune bocah-bocah, mulane kebak kabungahan. Haleluya!


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Mazmur 113 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel