Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 115 >> 

MASMUR 115; Kamulyan mung kagem Gusti Allah

1Dhuh Yehuwah, sampun dhateng kawula, sampun dhateng kawula, ngemungna dhateng asma Paduka anggen Paduka paring kamulyan, awit saking sih Paduka, margi saking kasetyan Paduka.

2Punapaa dene para bangsa ngantos sami badhe ngucap: “Allahe wong-wong iku ana ing ngendi?”

3Allah kita ana ing swarga; nindakake ing sakarsane.

4Brahalane para bangsa mau selaka lan mas, garapaning tangane manungsa;

5padha duwe cangkem, nanging ora bisa celathu; padha duwe mata, nanging ora bisa ndeleng;

6padha duwe kuping, nanging ora bisa ngrungokake; padha duwe irung, nanging ora bisa ngambu;

7tangane ana, nanging ora bisa nggrayahi; sikile ana, nanging ora bisa lumaku, ora bisa nywara kalawan gurunge;

8para wong kang gawe iku padha dadia pepadhane mangkono uga sarupane wong kang kumandel marang iku.

9He Israel, kumandela marang Pangeran Yehuwah, Panjenengane kang mitulungi lan dadi tetamenge.

10He turune Imam Harun! Kumandela marang Pangeran Yehuwah, Panjenengane kang mitulungi lan dadi tetamenge.

11He para wong kang ngabekti marang Pangeran Yehuwah, padha kumandela marang Pangeran Yehuwah, Panjenengane kang mitulungi lan dadi tetamenge.

12Pangeran Yehuwah wus ngengeti marang kita bakal paring berkah, bakal mberkahi turune Israel, bakal mberkahi turune Imam Harun,

13bakal mberkahi para wong kang ngabekti marang Sang Yehuwah, dadia kang cilik dadia kang gedhe.

14Pangeran Yehuwah muga ndadekna kowe padha tangkar-tumangkar, iya kowe lan anak-putumu.

15Kowe padha ginanjara berkah dening Sang Yehuwah, kang nitahake langit lan bumi.

16Langit iku langit kagunganing Sang Yehuwah, dene bumi wus diparingake marang para anaking manungsa.

17Dudu wong mati kang bakal padha ngluhurake Pangeran Yehuwah, lan dudu sakehing wong kang wus mudhun marang ing alam suwung,

18nanging kita, kita bakal padha memuji marang Sang Yehuwah, wiwit ing samengko nganti tumeka ing salawas-lawase. Haleluya!


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Mazmur 115 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel