Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 12 >> 

MASMUR 12; Pandonga nyuwun pitulungan marga saka anane wong culika

1Kanggo lurah pasindhen. Manut lagu: Kang kawolu. Masmur anggitane Prabu Dawud. (12-2) Dhuh Yehuwah mugi karsaa paring pitulungan, awit sampun boten wonten tiyang mursid, tiyang setya sampun sirna saking ing antawisipun anaking manungsa.

2(12-3) Rambagipun sami apus-ingapusan, wicantenipun mawi lambe lamis, mawi manah rangkep.

3(12-4) Muga-muga Pangeran numpes sakehing lambe lamis lan ilat kang umuk-umukan,

4(12-5) yaiku kang padha ngucap mangkene: “Kalawan ilatku aku padha menang! Lambeku kang mbiyantu aku! Sapa kang mrentah aku?”

5(12-6) Jalaran wong kang ringkih padha katindhes, lan marga saka pangrintihe para wong mlarat Ingsun saiki uga jumeneng, mangkono pangandikane Sang Yehuwah, sarta mitulungi wong kang banget anggone ngantu-antu marang pitulungan.

6(12-7) Pangandikane Sang Yehuwah iku Sabda kang murni, kayadene selaka kang binesot, rinesikan ambal ping pitu ana ing kowi ing bumi.

7(12-8) Dhuh Yehuwah, Paduka badhe netepi, kawula tansah badhe Paduka ayomi, Paduka uwalaken saking jinis punika.

8(12-9) Para wong duraka padha klambrangan mrana-mrana, samangsa budi kang nistha jumedhul ing satengahing anaking manungsa.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Mazmur 12 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel