Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 123 >> 

MASMUR 123; Ngarep-arep marang kanugrahaning Pangeran Yehuwah

1Kidung jiyarah. Mripat kawula tumenga dhumateng Paduka ingkang adhedhampar wonten ing swarga.

2Inggih kados mripating abdi jaler anggenipun mulat dhateng astaning bendaranipun, utawi kados mripatipun abdi estri anggenipun mulat dhateng astaning bendaranipun putri, inggih makaten mripat kawula sadaya, anggenipun sami mulat dhumateng Yehuwah Allah kita, ngantos rinentahan ing sih-piwelasipun.

3Kawula mugi sami Paduka welasi, dhuh Yehuwah, mugi sami Paduka welasi, margi sampun tuwuk anggen kawula sami karemehaken;

4nyawa kawula sampun langkung dening tuwuk dhateng pamoyokipun para tiyang ingkang rumaos tentrem, tuwin dhateng tiyang gumunggung anggenipun sami ngremehaken.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Mazmur 123 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel